Yeremia 31:31-34; Jabur 51:13-21; Ibrani 5:5-10; Yokanan 12:20-33
PUTRANING MANUNGSA KALUHURAKEN
“Paduka mugi karsaa nggigah kabingahan kawula malih margi saking
karahayon ingkang saking Paduka, saha kawula Paduka jangkepi
klayan roh ingkang eklas! (Jabur 51:14)
Yen ningali winatesing kakiyatan, kapinteran, pamawasing gesang, saged ndadosaken alit ing manah. Badhe nindakaken kasaenan kados-kados awrat. Sadaya sarwa sarwi kirang, angel, kathah pepalang lan rubedanipun, namung nelakaken raos panuwun sokur kemawon angel.
Juru Masmur inggih ngraosaken bilih piyambakipun mboten kuwawa, mboten saged nindakaken ingkang sae, ingkang mituhu ing ngarsa Dalem Gusti. Awit saking punika Juru Masmur nyenyuwun supados Gusti paring daya lan kasagedan ing salebeting nindakaken punapa ingkang trep utawi satraju kaliyan paugeranipun Gusti. Malah kasagedna ugi mbabaraken, mulangaken dhateng sesami minangka paseksi awit sadaya pakaryanipun Gusti tumrap gesangipun punika.
Sumanggeming lampah minangka paseksi pakaryanipun Gusti Allah kagambaraken kanthi kekidungan ingkang medal saking manah ingkang rempu lan keduwung. Rempu lan pepes mboten amargi kurban sembelehan sarta kurban obaran ing ngarsanipun Gusti ingkang kirang, utawi malah mboten medal kanthi pamawasing budi luhur ananging karana lamising dhiri, dosa lan panerakipun. Awit saking punika Juru Masmur nyuwun dhumateng Gusti supados kasagedaken ngaturaken sesaosan midherek punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti.
Makaten ugi tumraping gesang kita punika. Karana Sang Kristus kita sadaya sampun nampi karahayonipun. Inggih karahayon ingkang katampi saking Allah Sang Rama, inggih ingkang kaparingaken dhateng sadaya pandherekipun minangka berkah, lan minangka jangkeping prasetyanipun dhateng para ingkang pasrah sumarah sawetahing gesang dhateng Gusti Allah punika. Tebih saking was sumelang, awit saestu pitados. Malah gesangipun keparenga dados margining berkah dhateng sasaminipun. Amin. |*AK