Habakuk 3:2-13; Jabur 51:1-12; Yokanan 12:1-11
NDADA KALUPUTAN
“Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula,
sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa”
(Jabur 51:12)
Apura-ingapuran punika perkawis ingkang gampil dipun ungelaken, nanging angel dipun tindakaken. Mbok bilih tiyang gampil mungel, “Wong gur kari ngapura wae kok digawe angel.” Ananging nalika piyambakipun kasuwun paring pangapura inggih ugi angel kepara kathah alesanipun. Punapa malih bab ndada kaluputan, awit kadangkala tiyang boten rumaos lepat, utawi awit lingsem isin kadung wis muni arep njabut apa sing diomongake ndak ngilangke drajade, ngasorake uripe. Utawa sak jane sampun mangertos kaluputanipun nanging ethok-ethok mboten mangertos.
Minangka titah ingkang saged ngraosaken bilih gesangipun punika kebak ing karingkihan, kakirangan malah tebih saking sampurna, tamtu saged mangertosi nalikanipun nglampahi panerak utawi tumindak ingkang cengkah kaliyan karsa lan pitedahipun Gusti Allah. Punapa malih yen sampun kaengetaken dening pepadhanipun. Juru Masmur ngrumaosi anggenipun sampun nalingsir saking paugeranipun Gusti, awit saking punika piyambakipun keduwung lajeng muwun sarta nyuwun sih palimirmanipun Gusti. Panjenenganipun ndada bilih gesangipun kebak ing pangangen-angen ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti. Nanging Juru Masmur pitados bilih Gusti Allah badhe paring pangapunten lan pangluwaran saking dosanipun punika. Lan piyambakipun kepengin wangsul ing pamengkuning kayektenipun Allah, sampun ngantos kecalan sih-rahmatipun Allah.
Karahayon lan kasucen ingkang sampun tinampi sampun ngantos ucul saking regemaning gesang. Iba sangsaraning gesang yen kecalan bab punika, langkung prayogi kecalan gumunggunging dhiri tinimbang kecalan sih-rahmat lan tentrem rahayu-raharjaning gesang ingkang sampun kaparingaken dening Gusti Allah tumraping gesang kita. Amin. |*AK