+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 15 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah IV

Pangentasan 30:1-10; Jabur 51:1-12; Ibrani 4:14-5:4

SOWAN ING DHAMPARING SIH RAHMAT

“Payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat,

supaya  kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari

kita kapitulungan ing mangsa kang becik” (Ibrani 4:16)

Manungsa punika kebak ing dosa. Gesangipun jember lan nista. Awit saking punika tiyang dosa punika boten wantun marek ing ngarsanipun Gusti Allah. Rumaos boten patut lan ajrih manawi dipun saruwe dening tiyang sanes, lingsem yen pepanggihan kaliyan sesaminipun. Pamanggih ingkang makaten punika boten badhe mbekta kasaenan malah saged mbekta dhateng kawontenan ingkang sansaya tebih kaliyan Gusti Allah, inggih tebih saking pasamuwanipun.

Wonten ing serat Ibrani 4:14-5:4 kapratelakaken supados para pitados punika kanthi kendel marek ing damparing sih rahmat. Sabab inggih wonten ing ngriku badhe kaparingan sih-rahmat Dalem Gusti Allah. Gusti Allah wonten ing Sang Kristus ingkang ugi minangka Iman Agung pirsa kasekengan lan karingkihan para umatipun. Karingkihan punika dadosa pambereg ing lampah supados sansaya celak malah lan nunggil kaliyan Gusti ing sauruting gesangipun. Tansah kumandel bab sadaya pakaryanipun Gusti Allah ing gesang punika. Awit punapa ingkang katindakaken tamtu sae lan prayogi. Panjenenganipun mangretosi kasekenganipun sadaya pandherekipun malah sadaya titahipun ingkang kersa sumuyud sujud wonten ngarsanipun.

Para pandherekipun Gusti ugi kedah mangertosi kakirangan dhirinipun, ngrumaosi panerakipun, pamblasaripun lan tebihipun saking kasampurnaning gesang. Awit kasampurnan namung wonten ing Sang Kristus lan inggih namung ing pakaryanipun sadaya saged kawengku ing kasampurnan ingkang sejati punika. Pitadosa bilih pakaryanipun Sang Kristus punika kagem karaharjan, katentremaning gesang sagung titahipun. Mareka kanthi kakendelan lan tulusaning gesang jumbuh kaliyan pakaryanipun Gusti ingkang endah, ayem sarta nentremaken driya. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ