Yesaya 30:15-18; Jabur 51:1-12; Ibrani 4:1-13
PANGANDIKANE ALLAH IKU GESANG LAN SANTOSA
“Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-
ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang
lan pangangen-angening ati kita.” (Ibrani 4:12-12)
Tiyang ingkang badhe mimpin Panyuraosing Kitab Suci tamtunipun badhe ngraos-raosaken sarta njumbuhaken pangandikanipun Gusti punika kaliyan gesangipun. Artosipun pangandikanipun Gusti punika dipun trepaken ing gesangipun rumiyin sakderengipun kawartosaken dhateng tiyang sanes.
Pangandikanipun Gusti punika saestu badhe ndatengaken kasantosan. Sabdanipun Gusti punika nuntun, mbereg saha paring pangatag dhateng kita satemah lampahing gesang ugi sansaya bakuh kukuh. Gesang tansah padhang, saged njagi dhiri supados mboten nalingsir saking marginipun Gusti, supados mboten dhawah lan kecalan pangajeng-ajeng. Pambudiyaning gesang kedah kanthi kapadhangan sabdanipun Gusti, manut ing paugeran sarta pranatanipun.
Karingkihaning badan sarta pamawasing gesang mboten dados pepalang anggenipun sami mulat sarira. Malah karingkihaning gesanging kamanungsan ndadosaken anggenipun mangertosi bilih gesang betahaken kakiyatan pangaribawa kangge nyatosakaken dhiri. Kasantosaning dhiri punika badhe maujud ing sadaya lampah lan pamawas sarta anggenipun ngemudheni dhiri supados mboten dhumawah ing cupeting nalar lan pamawas ingkang ndadosaken kita dhumawah ing salebeting karisakan. Supados jumbuh kaliyan pangatag ing serat Ibrani 4:16, “Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.”
Iba aos lan aji sabdanipun Gusti kangge gesang kita. Kakiyataning sabdanipun Gusti punika kagambaraken kadosdene pedhang ingkang landhep ing kalih sisihipun, ugi minangka tuking panimbang lampahing gesang. Amin. |*AK