+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 18 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V

Yesaya 43:8-13; Jabur 119:9-16; II Korinta 3:4-11

AJINE PEPENGET HANGUNGKULI RAJA BRANA

“Kawula bingah ing bab pitedah pepenget Paduka, kadosdene ing

bab sakathahing raja-brana. Pepaken Paduka badhe kawula gilut-gilut, saha ngawasaken dhateng margi pitedah Paduka.”

 (Jabur 119:14-15)

Paring pepenget dhateng tiyang sanes punika angel dipun lampahi. Mbokbilih gampil kanggenipun para priyagung utawi para ingkang kasepuhaken paring pepenget dhateng tiyang ingkang langkung anem utawi langkung andhap kalenggahanipun. Ananging pepenget punika inggih dereng kantenan dipun sarujuki utawi dipun tindakaken. Punapa malih pepenget dhateng tiyang ingkang kalenggahanipun sanginggilipun, punika langkung angel, amargi saged malah dipun wewada dianggep mboten mangertos subasita murang tata.

Benten kaliyan ingkang pinanggih ing Jabur 119:14-15; kanggenipun Juru Masmur pepenget mujudaken pitedah ingkang migunani, ingkang aji lan ajinipun ngungkuli mas-picis raja-brana. Awit punapa? Awit pepenget punika mujudaken pitedah ingkang migunani tumrap gesangipun. Gesangipun sansaya kebak ing kawicaksanan, kawasisan ingkang nuntun lampah tumuju dhateng kayekten. Malah pepenget punika dipun gilut-gilut kangge naliti dhiri, kangge nuntun lampahing gesang murih tansah wonten ing salebeting pitedahipun Gusti, awit saking punika badhe tansah manggihaken kasaenan ing sauruting gesangipun. Juru Masmur ugi mratelakaken bilih pangengetipun Gusti Allah punika mujudaken satunggaling kaelokan bab ingkang aji lan wigati, ingkang dados margining kaunggulanipun, ugi minangka kekaremaning gesangipun.

Makatena ugi tumrap gesang kita punika. Pepenget saking sintena kemawon tumrap badan diri kita katampia kanthi kabingahan awit. Kanthi mekaten kita saged mawas dhiri. Kadosa Juru Masmur, pepenget punika katampia kados nampi mas-picis raja-brana. Punapa malih bab pepaken pepengetipun Gusti Allah. Rahayua kita ingkang taksih dipun gatosaken dening asanes lan Gusti Allah. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ