+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 19 Maret 2024 Minggu Pra-Paskah V

Yesaya 44:1-8; Jabur 119:9-16; Lelakone Para Rasul 2:14-24

NYEBUT MRING ASMANING PANGERAN

“Saben wong kang nyebut asmaning Pangeran iku bakal kapitulungan rahayu.” (Lelakone Para Rasul 2:21)

Nyebut asmanipun Gusti, ing sawanci-wanci, nalika kataman panandhang, ugi nalika ngraosaken kabingahan punika ndadosaken manah langkung ayem lan tentrem. Malah nalika kaget manggihaken bab ingkang dadakan kelampahanipun, wonten tiyang ingkang nyebut asmanipun Gusti. Kadang kala bab punika kaanggep nyeyamah asmanipun Gusti. Nanging sajatosipun bab punika boten jinarak. Kadangkala makaten ingkang dipun lampahi sawatawis tiyang. Ing gesangipun sampun dados pakulinan anggenipun tansah nyebut asmanipun Gusti ingkang suci kanthi pakering wonten ing ngarsa dalem Gusti Allah, anggenipun nyebut asmanipun Gusti kinanthenan tulusing batosipun. Tebih saking raos nyeyamah asma Dalem Gusti Allah.

Prabu Dawud mratelakaken, “Aku tansah mandeng marang Pangeran, amarga Panjenengane jumeneng ing tengenku, satemah aku ora keguh.   Mulane atiku asukarena lan jiwaku asurak-surak; malah badanku bakal lerem kalawan tentrem” (L. Para Rasul 2:25-26). Awit saking kumandelipun, kanthi nyebut asma Dalem Gusti estu mujudaken piandel ingkang ngurakapi tumrap gesangipun, anjoking gesang kebak kabingahan.

Estu nyebut asmanipun Gusti Allah kanthi pakering, kanthi tulusing batos, sarta kebaking kapitadosan badhe ndhatengaken karahayon. Bab punika ndhatengaken kabingahan, lan kiyating kaitadosan ing salebeting pangajeng-ajenging gesang punika. Mareka, nyaketa lan nunggila ing Asma Dalem Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus badhe tansah kaparingan tentrem rahayu ingkang kaparingaken dening Gusti. Sang Roh Suci tansah dados daya ingkang linuwih awit ing ngriku dumununging katentreman lan karahayoning gesang. Sami nyebuta asmanipun Gusti rinengga pasrah lan panuwun sokur, amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ