Semakin dekat pada peringatan HUT ke-92 Sinode GKJ. Kami memohon dukungan dan doa dari segenap jemaat GKJ agar rangkaian HUT ke-92 Sinode GKJ dapat berjalan dengan lancar. Salam hari depan yang penuh harapan. ☘️Panitia HUT ke-92 Sinode GKJ☘️
Senin, 13 Februari 2023 Minggu Limrah V
Pangentasan 20:1-21; Jabur 119:9-16; Yakobus 1:2-8 PENDADARAN “Jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.” (Yakobus 1:3) Manawi ningali ujian praktek SIM C ing Mapolres kanthi patrap nyetir motor mawi enggokan lan boten kengging nabrak pembatas kathah ingkang gagal. Mirungganipun ing ubengan utawi bunderan ingkang alit lan sempit. Sanajan dipunwangsuli meksa kathah ingkang mboten lulus. Salah satunggaling sebab, kejawi pancen jaluripun sempit, ingkang sami ujian ajrih menawi nabrak lan dhawah. Saestu punika pandhadharanipun tiyang pados SIM C. Wondene pandhadhar ing gesanging karohanen ugi kamot ing piwulanging Yakobus. Serat Yakobus pratela bilih kapitadosan kita kadhadhar rikala wonten panyoba werna-werna ingkang nempuhi gesang. Saged tumama ing bab rejeki, bebrayan, kasarasan, masamuwan, jodoh lan sapanunggalanipun. Ngadhepi sedaya pacobening gesang punika boten sedayanipun umating Gusti saged lulus. Jalaran wonten ingkang dhawah, enda lan age-age sumingkir karana sampun boten kiyat malih. Kamangka pangajeng-ajenging gesang dherek Gusti inggih punika binerkahan; tebih saking sesakit lan panandhang, sarwa kepama. Manawi nate mireng kidung ‘Jangan Pernah Menyerah’ saking lare Edward Chen, wonten tembung ‘Tuhan tak pernah janji langit selalu biru, Tuhan tak pernah janji jalan selalu rata’ punika pancen nyata. Bilih dherek Gusti boten ateges boten wonten panggiri godha lan Gusti boten nate prasetya bilih margi ingkang kita ambah badhe alus, rata, lan lenceng. Menawi kemutan bebahanipun Yokanan Pembaptis anggenipun nglencengaken lan wrataaken lurung margi kagem rawuhipun Gusti ing Betlehem punika ugi saged dipun artosaken bilih gesanging manungsa boten warata, medhak medhukul kathah pacoben. Sedaya kedah dipun adhepi kalawan tatag lan tanggon, ngemudheni dhiri kathi manah ingkang wicaksana supados ing tembe kita tampa pituwas sabar mantep. Sesarengan punika tansah kumandel bilih Gusti Allah tansah mitulungi lan mberkahi. Jer sih susetyane iku langgeng. Sih kadarmanipun ngantos ing salaminipun. Amin. |*AS
Ahad, 12 Februari 2023 Minggu Limrah V
P. Toret 30:15-20; Jabur 119:1-8; I Korintus 3:1-9; Matius 15:21-37 ASU “Nanging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: Ora bener, wong njupuk rotine anak-anak banjur diuncalake marang asu.” (Mateus 15:26) Kadospundi raosing manah nalika wonten ingkang ngarani utawi misuhi ‘asu’. Mesthi kemawon pingget manahipun. Raos mangkel lan nepsu amargi dipadhaken kewan. Napa malih kewan ingkang klebet ‘kemproh’ sangsaya ndadosaken kaasoran. Limrah menawi tuwuh raos boten trimah awit lajeng males, ‘asu’ uga. Menawi ingkang misuh punika tiyang ingkang kirang tata, boten ngertos tata krama, memper. Lah kadospundi menawi punika dipun tindakaken dening tiyang kristen? Temtu kemawon boten saged dipun tampi. Awit tiyang Kristen punika kawentar minangka tiyang ingkang welas asih, lembah manah lan dhemen bedhamen. Emanipun, tembung ‘asu’ ing waosan dinten punika malah dipun ngendikakaken dening Gusti Yesus dhateng pawestri ingkang saking Kanaan ingkang badhe nyuwun saras kagem anakipun? Punapa ateges Gusti Yesus sampun kecalan welas asih lan katresnan? Bab Gusti Yesus ngendika mekaten, ingkang sepisan ajeng nyaruwe bangsanipun Israel karana gadhah panganggep dhateng pepadha saking bangsa sanes punika boten manungsa malih lan dipunpadakaken kaliyan kewan, punika sampun limrah ing tatanan sosial. Bangsa ingkang rumaos unggul lan pinunjul saha kapiji Gusti Allah, minangka bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi. Pramila lajeng ngremehaken bangsa sanes tumindak daksiya. Saestunipun Gusti Yesus mbereg bangsa Israel minangka pepilihanipun Gusti sageda nggadahi raos kumandel kadosdene pawestri saking Kanaan. Ingkang kaping kalih, mbok inggiha, sami ngaosi ing pepadha tanpa mawang bangsa, suku, ras, agami. Awit saestunipun jejer minangka umatipun Gusti punika minangka sih rahmat ingkang ugi kaparingaken dhateng sedaya manungsa. Salajengipun kita ugi saged ngrumaosi sinten ta kita lan kados pundi pandamel kita ing ngarsanipun Gusti saha ing ngajenging pepadha? Punapa sampun nitipriksa kawontenaning gesang pribadi saderengipun mawang gesaning pepadha. Payo sami nresnani kados katresnan dhateng dhiri kita piyambak! Amin. |*AS
Setu, 11 Februari 2023 Minggu Limrah IV
Pangandharing Toret 30:1-9a; Jabur 119:1-8; Mateus 15:1-9 PAUGERANING GUSTI “Nanging paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau; “Yagene kowe kok uga padha nerak angger-anggere Gusti Allah marga saka anane adat-tata-caramu dhewe?” (Mateus 15:3) “Le, koe kok mbolos sekolah? Wis diragadi nemen malah mbolos, kui jenenge ra tanggung jawab!” “Sampun mekaten Bu, kulo mbolos sekolah karana boten saged konsentrasi lan mboten mentala bilih Ibu nembe gerah, kula kepeksa Bu. Awit badhe ngancani Ibu, lha nek Ibu mbetahaken punapa-punapa, sinten ingkang badhe mbiyantu menawi mboten putranipun Ibu piyambak?” Makaten pirembaganing ibu kalawan putranipun ingkang nedya boten mlebet sekolah murih saged ngrimati kang ibu ing nembe gerah. Boten ateges mbelani satunggal lan nglirwakaken sanesipun, pancen ing gesang punika kita asring ngadhepi prekawis ingkang remit lan wonten resikonipun piyambak-piyambak. Temtu kedah wonten panimbang ingkang wening, pundi ingkang prioritas pundi ingkang boten. Pundi ingkang kabetahan pundi ingkang pepenginan. Pundi ingkang akibatipun rekaos lan pundi ingkang entheng. Pundi ingkang dipunkersaken Gusti Allah pundi ingkang namung nggega pikajengipun piyambak. Panimbang punika wigatos. Supados kita boten gela ing tembe lan saged tanggel jawab dhateng bab ingkang kapiji. Waosan Injil dinten punika nyariosaken panyaruwenipun Ahli Toret lan tiyang Farisi dhateng para sakabat ingkang kadakwa nglirwaaken tata adat Yahudi, anggenipun boten sami wijik nalika badhe nedha. Kamangka ngudi lestantuning gesang; minangka paugeraning Gusti, langkung utama katimbang tata adat Yahudi. Wondene para Farisi lan ahli Toret langkung nengenaken tata adat Yahudi anggenipun boten saged mbiyantu tiyang sepuhipun karana samudayanipun sampun kagem pisungsung Gusti. Pundi ingkang langkung utama, netepi adat-istiadat punapa paugeraning Gusti Allah. Gusti Yesus dhawuh supados kita sami bangun turut ing paugeraning Allah. Kados pratelanipun, Amarga Putraning Manungsa iku iya Gustine dina Sabat.” (Mateus 12:8). Wosipun ingkang baken bilih tutuk, manah saha pandamel punika kedah laras lan cundhuk kaliyan paugeraning Gusti Allah. Amin. |*AS
Jemuwah, 10 Februari 2023 Minggu Limrah IV
Kaimaman 26:34-46; Jabur 119:1-8; I Yokanan 2:2-17 TAUN SABAT “Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane; mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun, lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun” (Kaimaman 26:43) Revolusi Hijau tumuju ing swa sembada beras rikala jaman Orde Baru, meksa para kadhang tani ningkataken hasil panenanipun. Sedya punika kaupadi kalawan pangetrape bahan kimia, badhea kangge pupuk punapa dene kangge herbisida lan pestisida. Makaten ugi system tanam ingkang homogen lan ajeg. Nanem pantun ing saben taunipun. System tanam ingkang kados punika, ing kawitan kasil. Nanging saya dangu saya suda. Jalaran bahan kimia ingkang kabetahaken sangsaya kathah. Nalikanipun saben dipuntanemi tanpa kendhat lan ugi boten tumpang sari utawi gentosan jinis tanemanipun; wingi pantun sakmenika jagung. Temtu wonten unsur hara pitamin siti ingkang suda, conto Kalium utawi nitrogen. Malah kepara saged telas unsur haranipun; perangan ingkang migunani tumrap taneman tuwuh, ngrembaka lan ngrebda wohipun. Ing tradisi taun sabat, taun kaping pitu punika siti boten kenging dipuntanemi (mirunggan saben lan tegalan). Siti dipun sumenekaken kersanipun sami ngaso. Ing wekdal ngaso punika siti mulihaken dhiri, mulihaken unsur hara. Dados wonten konsep ekologi berkelanjutan ing Toretipun Gusti Allah. Gusti ugi maringi paukuman dhateng manungsa ingkang nglirwaken taun sabat kagem pasiten, pasiten ingkang cengkar saklawase. Saking pangandika punika, sumangga kita ngetrapake konsep ekologi ingkang lestari prayogi dados program greja ingkang kaolah murih saged dados pakulinan gesang. Kadosta, uwuh dibucal manut jinisipun. Ingkang organik lan plastik kedah kapilah. Nyuda ngagem kantong plastik rikala blanja lan mbungkus tetedhan. Sarana ngolah lingkungan miturut tata ekologi berkelanjutan kados ingkang kamot ing paugeraning sabat, mugi kawontenaning jagad sangsaya kapulihaken lan lestari. Murih kaluhuraning sagunging tumitah sageda kebabar. Amin.|*AS
Kemis, 9 Februari 2023 Minggu Limrah IV
Purwaning Dumadi 26:1-5; Jabur 119:1-8; Yakobus 1: 12-16 PAILAN ORA PISAN PINDHO “Nalika iku ing tanah kono kambah ing pailan, iki dudu pailan sing dhisik kang kelakon nalika jamane Rama Abraham. Rama Iskak tumuli tindak menyang Gerar manggihi Sang Prabu Abimelekh rajane bangsa Filisti.” (Purwaning Dumadi 26:1) Adhakanipun, ingkang nama pailan punika kalamangsa nempuh ing sawijing tlatah utawi nagari. Menawi pailanipun sampun mendo, sumingkir lan rampung, sekedhik mbaka sekedhik, karaharjaning masyarakat pulih malih. Tiyang sami miwiti panyambut damel lan pambudidayanipun malih awit kawontenanipun sampun normal. Benten menawi anggenipun tinempuh ing paelan punika boten pisan pindho nanging malah wongsal-wangsul. Saged dipunwastani papan punika bera lan boten wonten toyanipun. Sipat sitinipun boten saged nando toya, lan boten prayogi kagem tetanem. Njalari boten saged panen, wusana reregan sayur, gandum utawi beras awis, malah kedah tumbas saking njawinipun papan punika. Paelan ingkang dhatan kendat punika saged kemawon jalaran papan geografis utawi geologinipun awon. Ananging saged ugi minangka kersanipun Gusti supados manungsa ing papan punika wekel ing panyambut damel. Boten gampil kendho lan nglokro supados saged manggihi karaharjan ing tembe. Kados Gunung Kidul. Tlatah Gunung Kidul punika rumiyin angel kangge tetanem. papanipun garing tebih saking toya, selanipun inggih kathah. Begjanipun warganing masyarakat tebih saking pasambat lan wekel nyambut damel ngolah pasiten tundanipun kita saged nyekseni karaharjaning Gunung Kidul. Ing Purwaning Dumadi 26:1-5 punika mratelaaken bilih Rama Iskak dumugi Gerar lan pinuju pailan ingkang ugi nate kedadosan rikala Rama Abraham tumuju papan punika. Gadheng pailan, Rama Iskak sumedya badhe nglajengaken tindakipun ing nagari Mesir ingkang boten kenging pailan. Namung Gusti Allah nyandhet sedyanipun supados tetep manggen ing papan punika. Kepara ngemutaken dhateng prasetyanipun marang Rama Abraham, bilih Gusti Allah bakal nunggil lan paring berkah. Lan lumantar berkah punika, bumi anggenipun Rama Iskak manggen bakal kaberkahan ugi. Bab punika saestu ngatag dhateng kita sedaya, ing pundi Gusti Allah mapanaken lan ngersakaken kita manggen, tetelaa berkahipun Gusti ingkang nyata. Uger kita boten nglokro lan kendho, tansah mbudidaya lan ndedonga, Gusti mitulungi. Amin. |*AS
Rebo, 8 Februari 2023 Minggu Limrah IV
Wulang Bebasan 6: 6-23; Jabur 119: 105-112; Yokanan 8:12-30 KESED “He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.” (Wulang Bebasan 6:6) Manawi kita badhe miwiti satunggaling pandamel, badhea punika damel renungan utawi badhe sinau, asring kadunungan raos aras-arasen punapa dene wegah. Manawi raos punika dipun openi, tundhanipun ndadosaken tiyang punika kesed. Punapa malih nalika ningali pandamel ingkang badhe kita lampahi utawi dipuntindakaken punika angel, awrat, boten ngremenaken lan mboseni. Sanjan ta makaten, kesed saged ugi tuwuh awit patrap nggampangke, ngremehaken lan nyepelekaken. Alesanipun “Ah mengko bae/sesuk bae, nembe repot, ora ana bathine” lan sapiturutipun. Makaten ugi wontenipun mawerni-werni momotan lan panyandang ing sauruting gesang kadosta sesakit, kasripahan lan karupekan sanes-sanesipun, saged kemawon nuwuhaken kesed. Wosipun kathah alesan anggen kita kesed; boten ngrampungaken ayahan. Tundhanipun kita piyambak ingkang keteteran. Wusana ngraosaken nglokro lan semplah. Perangan nglokro lan semplah ingkang saged kemawon kelampahan ing gesangipun kajasmanen, nanging ugi karohanen. Kadosta nelakaken kesed ndedonga, maos kitab suci, ngibadah lan sapiturutipun. Wulang Bebasan mbereg kita sinau saking semut. Satunggaling yeyasanipun Gusti Allah ingkang saestu ringkih nanging sregep. Sanajan ingkang disunggi bobotipun ngluwihi bobote awake, lakune panjang lan minggah mudhun, wongsal-wangsul. Prasasat boten ngaso babar pisan menawi dereng rampung. Samidene gotong royong lan prihatos. Malah kadang boten nedha sawetawis wekdal kalawan ancas murih tandon panganipun sageda cekap kagem wekdal panjang lan kangge sedaya kawulanipun. Boten badhe kerapan lan kaluwen. Lha kita punika yeyasanipun Gusti ingkang langkung pinunjul, pepak lan jangkep. Kedahipun langkung sregep/boten kesed. Gesang kebak ing pangucap sokur ing kawontenan menapa kemawon, bingah lan sisah. Tetep grengseng makarya murih indaking sihipun Gusti sangsaya ngrembaka. Sinau saking semut, ajining manungsa punika ngluwihi semut. Manawi kesed, lah kados pundi ing tembe? Punapa boten lingsem? Payo sigrak ing panyambut damel leladi ing satengahing brayat, masyarakat, lan greja karana kita punika sarem lan pepadhang ingkang dipuntulad dening jagad. Amin. |*AS
Live Streaming Ibadah Syukur HUT dan Peluncuran Alkitab Alkitab Terjemahan Baru Edisi 2
lembagaalkitabindonesia Momentum HUT Lembaga Alkitab Indonesia ke-69 wajar untuk disyukuri dan dirayakan bersama dengan gereja-gereja dan umat Tuhan pengguna Alkitab. Bertemakan “Firman Ilahi Berkuasa Membarui (Yesaya 55:10-11), pada kesempatan ini, LAI juga akan mempersembahkan Alkitab Terjemahan Baru Edisi 2 (TB2) bagi umat penutur Bahasa Indonesia. Mari bersukacita bersaa dalam Live Streaming Ibadah Syukur HUT dan Peluncuran Alkitab Alkitab Terjemahan Baru Edisi 2 pada hari Kamis, 9 Februari 2023, pukul 17.00 WIB di kanal Youtube Lembaga Alkitab Indonesia Salam Alkitab Untuk Semua! Tuhan Yesus memberkati!
Pelatihan Bawasklas Se Sinode GKJ
Pelatihan Bawasklas Se Sinode GKJNo. Surat : SK/2023/B7/SB706/114 pelatihan dilaksanakan secara Hybrid (online dan onsite) pada tanggal 17 Maret 2023, Pukul 08.00 s.d 18.00 WIB. di Jl. Dr. Sumardi no. 8 & 10 Salatiga 50711Undangan dan Tor telah dikirimkan ke Bapelklas masing-masing
Hari Doa Sedunia 2023
Bersama ini kami kirimkan Materi dan Tata Ibadah Hari Doa Sedunia (HDS) 2023. Kiranya dapat diterima dengan baik.Atas perhatiannya, disampaikan terima kasih. Taiwan memiliki sejarah dijajah oleh berbagai pemerintah asing, yang menyebabkan pengalaman akan konflik dan integrasi etnis, budaya, sosial, dan politik. Seniman Hui-Wen HSAIO menggunakan beberapa motif yang menonjolkan fitur-fitur paling terkenal di Taiwan untuk mengungkapkan bagaimana iman Kristiani membawa perdamaian dan visi baru ke Taiwan. Para perempuan dalam lukisan sedang duduk di tepi sungai, berdoa dalam hati dan melihat ke dalam kegelapan. Terlepas dari ketidakpastian jalan di depan, mereka tahu bahwa keselamatan oleh Kristus telah datang. Ada dua spesies yang terancam punah: burung pegar Mikado dan Biak-sendok berwajah hitam, yang keduanya memiliki arti unik bagi masyarakat Taiwan. Burung pegar Mikado endemik di daerah pegunungan Taiwan dan biasanya dianggap sebagai salah satu burung nasional Taiwan. Ibis-sendok berwajah hitam bermigrasi ribuan mil setiap tahun untuk menghabiskan musim dingin di Taiwan. Kekhasan mereka melambangkan ciri khas orangTaiwan—keyakinan dan ketekunan dalam menghadapi saat-saat sulit. Rerumputan hijau dan anggrek Phalaenopsis (Kupu-kupu) menonjol dengan latar belakang gelap. Mereka adalah kebanggaan Taiwan, yang terkenal di dunia sebagai “Kerajaan Anggrek”. Dalam beberapa dekade terakhir, ekspor anggrek Taiwan telah meningkat, dan anggrek kupu-kupu sering ditampilkan dalam kompetisi internasional. Pulau cantik ini dikenal dengan sumber daya alamnya yang kaya. Rumput hijau melambangkan rakyatTaiwan yang sederhana, percaya diri, dan kuat, di dalam pemeliharaan Tuhan. Salam sejahtera.




