+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 20 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV

Yesaya 59:9-19; Jabur 146; Lelakone Para Rasul 9:1-20

 ORA GUMANTUNG NILAI RAPORT

 “Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina.

Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku putraning Allah.

 (Lelakone Para Rasul 9:19b-20)

Ing wekdal kepengker nate kedadosan, wonten salah satunggaling guru ingkang kawentar utawi viral, amargi nate paring piwucal ing status akunipun ingkang saged ngayemaken para tiyang sepuh ingkang nggadhahi lare sekolah. Ukara utawi tembungipun ingkang dados viral inggih menika “cita-cita masa depan tidak tergantung nilai raport” (gegayuhan punika boten gumantung biji rapot) tegesipun sampun ngantos tiyang sepuh ndedukani para lare menawi biji raportipun awon. Amargi biji punika namung sewates biji kemawon. Pagesangan ing tembe punika kagunganipun Gusti. Ukara menika dados ayemipun para tiyang sepuh amargi pancen menapa ingkang dados pepinginane tiyang sepuh menika mesthinipun saksaged-sagedipun larenipun saged dados tiyang. Sokur saged dados dokter utawi insinyur. Sanajan makaten, awit gesang punika boten saged gumathok kados dene matematika, mila boten saged pinesthi ing biji. Ananging pandonga lan pambudidaya.

Wonten ing Lelampahanipun para Rasul 9:1-20 nyariosaken kadospundi gesangipun Saulus nalika semanten, nguya-nguya lan mejahi pandherekipun Gusti. ananging Gusti Allah paring ewah-ewahan ing gesangipun. Amargi kersaning Gusti Saulus saged mratobat lan dados Rasul Paul ingkang martosaken bab Gusti Yesus. Gusti kagungan panguwaos nemtokaken dhateng gesanging manungsa kalebet kita. Pramila kita ingkang pitados dhateng Gusti kedah ugi pitados bilih Gusti kuwaos nemtokaken gesang kita sedaya, kalebet para lare. Boten ateges boten perlu sinau lan  sekolah  ananging ingkang baken kita sedaya sampuna ngantos nyupekaken Gusti ingkang akarya jagad lan pitados ugi bilih Gusti Allah ingkang dados sesembahan kita menika, Gusti ingkang kagungan rancangan ingkang endah kangge gesang kita lan brayat. Pramila kita tansah rumaketa lan sumendhe dhateng Gusti. Nyadhong berkahipun Gusti kalawan pandonga lan pambudidaya. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ