+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa,  21 Maret 2023  Minggu Pra Paskah IV 

Yesaya 42:14-21; Jabur 146; Kolose 1:9-14

DADI UWONG

 “Temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sepatute

lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara lan sajrone

nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh,

 lan saya maneh saya mundhak murni

kawruhmu ing bab Gusti Allah.

(Kolose 1:10)

Sampun jamak limrahipun menawi tiyang sepuh menika nggadhahi gegayuhan supados para putra-putranipun saged sekolah ingkang inggil supados saged “dados tiyang”. Tembung “dados tiyang” boten ateges menawi boten saged dados tiyang lajeng dados sanesipun tiyang. Tembung “dados tiyang” lajeng nggadhahi pangertosan ingkang lepat lan kaprah. Amargi tembung “dados tiyang” asring lajeng dipun paringi pangertosan dhangkal utawi cethek inggih menika tiyang ingkang “dados” menika kadosta: pejabat, dokter, insinyur. Wosipun dados tiyang ingkang kepama lan kasil. Badhea drajat lan kasugihan. Pancen makaten ingkang dados pangertosan masyarakat limrahipun ngantos dumugi samangke. Lajeng tiyang-tiyang ingkang boten saged sugih, ingkang boten saged dados dokter utawi dados insinyur lajeng menapa saged dipun wastani sanes tiyang? Lajeng nuwuhaken pitakenan, kadospundi ta sejatosipun gesang ingkang sae supados saged dados tiyang miturut kersanipun Gusti?

Seratipun Rasul Paul ingkang kakintunaken dhateng kitha Kolose  nyebataken gesang ingkang sae inggih punika gesang ingkang patut lan ndadosaken keparengipun Gusti. Inggih punika: sepisan;gesang ingkang saged nindakaken kabecikan saha ngedalaken woh. Nindakaken kabecikan ingkang  saged karaosaken dhateng tiyang sanes. Gesang ingkang dipun berkahi dening Gusti lan ugi ngedalaken woh inggih punika dados berkah dhateng sesami. Kaping kalih; Rasul Paul ngandharaken gesang kita kasuwun supados mindhak-mindhak pangertosan kita dhumateng Gusti. Menika saged kita tindakaken menawi kita tansah tresna lan mbangun turut dhateng kersanipun Gusti. Gesang kita tansah pasrah lan sumendhe dhateng Gusti. Awit inggih namung Gusti ingkang kagungan rancangan endah lan nemtokaken gesang kita. Sangsaya mindhak-mindhak kapitadosan kita dhateng Gusti. Lajeng kadospundi gesang kita? Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ