+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 22 Maret 2023  Minggu Pra Paskah IV

Yesaya 60:17-22;  Jabur 146; Mateus 9:27-34

AMUNG PRACAYA

 “Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau

padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus : “Apa kowe padha ngandel yen aku bisa nindakake mangkono?”

Atur wangsulane: Inggih, Gusti kawula sami pitados.

 (Mateus 9:28)

Durung suwe iki akeh kedadean wong-wong kang padha dadi kurban bisnis online. Becik iku arisan online, pinjaman online utawi investasi online.     Wong-wong kang dadi kurban nalika ditakoni; kenapa kok nganti bisa percaya lan kapusan? Rata-rata wangsulane amarga diiming-imingi bathi  akeh ing wektu kang ora suwe, banjur bisa percaya ngono bae. Kapitunane ora mung puluhan yuta nanging  ana  kang tekan atusan yuta. Bisane olehe padha kapusan amarga kang apus-apus sajak mitayani banget.   Dadine para kurban iya mung  manut lan percaya bae.  kamangka duwit kang ilang iku duwit simpenan utawa cadangan urip besuke. Becik iku kanggo waragad sekolah utawa cawis-cawis mangsa pensiun.  Salong kang kapusan iku duwite olehe utang. Pancen kamitega temenan olehe  apus-apus. Dupeh wis dipercaya banjur dislewengake.

Lelawanan banget karo Gusti Yesus ing injil Mateus 9:28. Sanadyan padha ing babagan percaya, ananging sing pracaya Gusti ora bakal kapusan lan Gusti ora bakal njlomprongake. Kaya kang dialami wong wuta sakloron nalika didangu Gusti: “Apa kowe padha ngandel yen aku bisa nindakake mangkono?” tanpa tida-tida lan mantep mangsuli: Atur wangsulane: Inggih, Gusti kawula sami pitados.Sanalika banjur bisa ndeleng maneh.

Gusti Yesus iku kagungan pangwaos bab dalaning urip manungsa, klebu wong wuta sakloron kang maune ora bisa ndeleng, saikine bisa ndeleng maneh.  Ana owah-owahan gedhe marang uripe wong wuta loro mau. Awit Gusti nresnani lan Gusti kagungan rancangan kang endah tumrap uripe wong wuta mau. Semana uga Gusti uga kagungan pangwaos marang uripe awake dhewe kabeh. Gusti mirsa lelakone uripe awake dhewe lan uga sumadya nresnani, mitulungi nalika kita nandhang mawerna-werna karupekan, nanging sing baku; apa awake dhewe ngandel menawa Gusti saestu njurungi lan mitulungi gesang kita? Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ