+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 23 Maret 2023  Minggu Pra Paskah IV 

Yehezkiel 1:1-3, 2:8-3:3; Jabur 130; Wahyu 10:1-11

REUNIAN SEKOLAH

 “Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang

sami ajrih asih dhumateng Paduka.

 (Jabur 130:4)

Mestinipun sampun sami ngraosaken kabingahan mirunggan  nalikanipun pepanggihan reuni kaliyan kanca-kanca. Badhea punika kanca SD, SMP, lan SMA ingkang sampun dangu boten nate pinanggih. Bingah saged nekseni kayuwananipun kanca-kanca lan bingah awit saged ngemut-emut malih kenangan mangsa kapengker nalikanipun taksih sami sekolah.   

 Saiba bingahipun ing wekdal reunian, saged kerawuhan bapak lan ibu guru. Kaleresan guru punika ingkang nalika semanten kawentar galakipun lan dipun ajrihi sedaya siswanipun. Nanging nalika pepanggihan reuni sampun benten. Suasana ajrih sampun kagantos kaliyan suasana ingkang mbingahaken lan sampun boten ajrih malih amargi sampun sami nglengganani bilih bapak lan ibu guru menika sampun karaosaken jasanipun ingkang ndadosaken para murid dados tiyang-tiyang ingkang kasil lan migunani. Katresnanipun Gusti dhateng kita punika nglangkungi bapak lan ibu guru anggenipun paring kapinteran. Awit katresnanipun Gusti katresnan ingkang sejatos. Menawi guru namung winates minteraken, Gusti boten namung paring kapinteran kemawon. Berkahipun Gusti ing pegesangan kita boten saged kapetang. Malah-malah ing swasana sedhih lan bingah Gusti tansah sumadya nyaket dhateng kita, lan ugi boten kendhat anggenipun ngamping-ampingi kita. Pramila namung patrap ajrih asih ingkang trep lan sae kaunjukaken dhumateng Gusti. Patrap ajrih asih ingkang boten kemawon kaauturaken dhumateng Gusti nanging ugi katujokaken dhateng sesami.  Kados waosan kita dinten menika ing kitab Jabur 130 mliginipun ayat 4, bilih Gusti Allah punika kagungan katresnan lan pangapunten dhateng kita. Kanthi lelandhesan katresnanipun Gusti; ingkang sampun kepareng paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan kita, samesthinipun kita inggih ajrih asih dhumateng Gusti. Napa malih anggenipun ngluwari dosaning manungsa Gusti Allah kongsi masrahaken nyawanipun kangge tetebusan tumrap sedaya tiyang ingkang kumandel ing panjenengane. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ