+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 24 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV

Yehezkiel 33:10-16; Jabur 130;    Wahyu 11:15-19

JAGA TANGGA

 “Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran ngluwihi

pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk, iya wong jaga

kang ngarep-arep marang wayah esuk.

(Jabur 130:6)

Durung suwe bapak Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo paring dhawuh marang para Camat, Lurah nganti tekan RT. Didhawuhi supaya ngemenake olehe njaga kampung. Dhawuh iku pancen wigati banget, amarga nalika semana lagi mubal-mubale pandemi pagebluk covid 19. Nalika semono pancen mangsa kang nggegirisi. Ora mung akeh lelara nanging uga ora sethithik kang padha pecat nyawane. Kepriye olehe ora giris, amarga meh saben wayah krungu suarane sirene ambulan, lan uga suara loudspeaker saka masjid kang ngumumake wargane ana kang tinggal. Sanyata, pagebluk covid-19 njalari geter lan giris saben wong tanpa wangenan.  Ananging puji lan sokur konjuk dhumateng  Gusti, sithik mbaka sethithik, pagebluk covid 19 uwis bisa dikendaleni. Kahanan mangkono iku iya amarga jasane bapak Ganjar Pranowo kang bisa diarani kasil olehe ngendaleni pagebluk covid 19  kanthi cara “jaga tangga”.

Ana ing kitab Jabur 130, Sang Juru Mazmur olehe nggambarake samangsa ngalami kasusahan kanthi gegambaran kaya wong jaga malem kang ngarepake esuk. Sang Juru Mazmur nganti-anti marang pitulungane Gusti nalikane tinempuh ing kasusahan. Pancen rasane kang padha jaga bengi iya pancen mangkono. Olehe ngantuk, kesel, was sumelang lan petenging wengi nambahi sangsaya was sumelang sakabehe. Mulane sing diarep-arep ya mung anane pepadhang lan petenge wengi enggal lingsir kaganti sumloroting srengenge ing wayah esuk.

Mangkono uga awake dhewe kabeh uga ngrasakake kang mangkono nalikane isih nandhang kasusahan. Iya mung siji sing dadi pangarep-arep kita, ora liya iya mung  Gusti Yesus kang kwasa mitulungi. Amarga ya mung ana ing Gusti Yesus kang akarya jagad lan kang kagungan uripe manungsa. Mula ora ana liyane allah kang ana kajaba mung Gusti Yesus. Kasusahan; karupekan  lan panandhang pancen nempuhi dalane uripe awake dhewe. Nanging payo pandha tatag lan tanggon ngadhepi pagiris kang nempuh. Awit satemene, Gusti Allah mitulungi lan mberkahi. Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ