+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu,  25 Maret 2023  Minggu Pra Paskah IV

Yehezkiel 36:8-15; Jabur 130; Lukas 24:44-53

GAYA BLUSUKAN

 “Banjur padha dipangandhikani mangkene: “yaiki pituturku kang

dak kandhakake marang kowe kabeh, nalika aku isih nunggal karo kowe,

yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku

ana ing sajroning  kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi

 sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.

(Lukas 24:44)

Ing wekdal-wekdal samangke kathah para pangarsaning nagari ugi pangembating praja ingkang dumadhakan nggadhahi budaya blusukan. Kita mangertos gaya blusukan menika ingkang wiwitan dipun tindakaken dening bapak Jokowi. Gaya blusukan bapak Jokowi nalika taksih jumeneng minangka walikota ing kitha Solo. Piyambakipun sinaosa dados pangembating praja kang luhur, ananging nggadhahi budaya ingkang sae ingkang boten nate dipun tindakaken dening pangembating praja sanesipun. Kanthi nuweni utawi blusukan ing peken-peken tradisional lan ing panggenan ingkang awon, kumuh lan jember. Panggenan ingkang kangge blusukan inggih punika ingkang asring dipun gambaraken panggenanipun “kawula alit”. Gaya blusukan menika ingkang selajengipun saged ngirid lampahipun lan mbekta bapak Jokowi dados presiden RI ingkang mumpuni.   Pramila ing wekdal-wekdal sakpunika ingkang badhe lumebet ing Pilihan presiden 2024, lajeng kathah ingkang sami nuladha gaya blusukanipun bapak Jokowi kanthi pangangkah mbenjang saged unggul ing Pilkada lan Pilpres. Nanging kasunyatanipun asring para calon-calon punika namung lamis mawon.

Sambet kaliyan perkawis punika, waosan injil lukas nelakaken bilih Gusti estu-estu nedhahaken katresnan ingkang sejatos lan boten sawetara mangsa. Benten kados politikus-politikus awon ingkang nggadhahi ambisi ing kariripun lan gampil ngginakaken tumindak apus-apus. Mawi janji-janji lan slogan “pro rakyat” supados saged kasil gegayuhanipun. Menawi sampun kasil lajeng gampil nglirwakaken janjinipun. Tebih  sanget kaliyan menapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti kita, ingkang sampun nyata  katresnanipun. Kanthi ngurbanaken sariranipun kangge nebus kita saking dosa. Gusti Yesus ugi sampun kagungan rancangan ingkang endah kangge gesang kita inggih punika maringaken gesang langgeng ing kratoning swarga dhateng kita ingkang pitados. Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ