+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 26 Maret 2023  Minggu Pra Paskah V 

Yehezkiel 37:1-14; Jabur 130; Rum 8:6-11; Yokanan 11:1-45

WONG MATI ORA OBAH, YEN URIP GOLEKA DUWIT

 “Lan manawa Rohe kang wus mungokake Gusti Yesus saka ing antarane

wong mati iku dedalem ana ing kowe, dadine kang wus mungokake

Sang Kristus Yesus saka ing antarane wong mati iku iya bakal nguripake

badanmu kang kena ing pati iku, lumantar Sang Roh

kang dedalem ana ing kowe.”  (Rum 8:11)

Jejer ing nginggil punika saperangan alit tembang dolanan para lare-lare alit nalika rikala jaman rumiyen ing tanah jawi, mliginipun tlatah jawi tengah. Mbok bilih ingkang taksih kemutan namung tiyang-tiyang sepuh. Menawi lare-lare jaman samangke sampun awis-awis ingkang mangertosi. Tetembangan menika ngandharaken bilih menawi tiyang  sampun pejah raganipun inggih sampun boten saged polah malih. Kosok wangsulipun menawi tiyang menika polah ateges tiyang punika gesang. Lan menawi tiyang punika gesang inggih sampun samestinipun nggadhahi ayahan tanggel jawab kedah nyambut damel pados arta. Sinaosa namung wujud tembang  dolanan, sejatosipun ngemu suraos  ingkang sae. Suraosipun inggih menika bilih tiyang  gesang menika mestinipun kedah nggadhahi gesang ingkang sae, ingkang tanggel jawab dhateng gesangipun kanthi pados pedamelan supados pikantuk arta.

Sabdanipun Gusti wonten ing serat Rum 8 ayat 11 nedahaken kadospundi gesang ingkang sae lan tanggel jawab. Gesang ingkang kedah saged bangun miturut dhateng panuntunipun Sang Roh Suci lan boten nguja dhateng kadagingan utawi hawa nepsunipun. Gesang miturut Roh punika pancen boten gampil.  Kedah mangertosi bilih tiyang pitados sampun kaparingan gesang ingkang enggal inggih menika gesang wonten ing Sang Kristus. Lan gesang ingkang lami kita sampun ndherek sinalib. Gesang ingkang enggal miturut Roh kedahipun sampun boten malih ngawula dhateng dosa lan kadagingan malih. Gesang ingkang kawengku ing daging menika namung nemahi karisakan lan pejah. Menawi kita gesang miturut Roh namung menggalih perkawis-perkawis ingkang sae saking Roh. Inggih punika ingkang ndhatengaken suasana tentrem rahayu ing pagesangan kita lan brayat. Sumangga kita eneraken gesang kita kanthi mituhu dhateng Gusti. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ