+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 27 Maret 2023   Minggu Pra Paskah V

I Para Raja 17:17-24; Jabur 143; Lelakone Para Rasul 20:7-12

GOOGLE MAP

 “Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka menika Gusti Allah kawula Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula

wonten ing siti ingkang wradin.

(Jabur 143:10)

Jaman saiki sapa ta sing ora ngerti jenenge Google Map. Apa maneh bocah nom-noman saiki kang diarani generasi milenial. Sing jenenge  Google Map kuwi salah sawijine aplikasi ing piranti handphone kang bisa nuduhake ana ngendi bae papan kang arep kita tuju. Lan uga malah bisa nuduhake ora mung sing arep kita tuju ananging malah bisa uga nuduhake liwat dalan kang apik lan cedhak. Google map uga bisa nuduhake kahanane dalan, rame apa ora.  Menawa jaman ndhisik nggoleki alamat angele ora karu-karuan; ndadak nganggo takon-takon nganti makaping-kaping, saiki kari diketik alamate banjur diklik utawa ditutul, awake dhewe wes bisa dituntun dalane tumuju papan kang dikarepake. Ya kaya mangkono iku eloke kemajuane jaman saiki.  Ananging saelok-eloke lan sapinter-pintere google map tetep iya isih ana kurange amarga iku iya gaweane manungsa. Ora sethithik sing pada disasarake dalane amarga nyatane dalan satemene beda karo sing ana ing google Map.

Ana ing kitab Jabur 143:10, sang juru masmur nyenyuwun marang Gusti kang akarya jagad amarga kahanane uripe nemahi kasusahan kang gedhe. Kasusahan kang njalari dheweke wes ora bisa apa-apa lan ora weruh maneh dalane urip mengarep. Ananging sang juru masmur percaya banget manawa Gusti Allahe iku kang bakal bisa nuntun lan nggandheng marang dalan kang ora bakal nasarake, dalan kang kepenak uga becik. Dalan kang wradin. Pancen mengkono kasunyatane Gusti Allah anggone nresnani marang kita. Anggone mitulungi lan nuntun marang kita kalawan  Rohe Gusti Allah. Awit kersane Gusti Allah kuwi supaya para putra-putrane sing lagi nandhang kesusahan lan uga kang lagi nasar ora tumuju ing karusakan nanging bisa oleh pepadhang lan panuntun supaya bisa oleh urip kang becik lan tentrem. Mula payo dipadha tansah nyaket marang Gusti lan uga disetya tuhu kang dadi pranatane. Tansaha mirengake marang dhawuhe Gusti lumantar Roh Suci kang paring panuntun lan pepadhang. Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ