+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 28 Maret 2023   Minggu Pra Paskah V

II Para-raja 4:18-37; Jabur 143; Efesus 2:1-10

SAGED MOVE ON

 “Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus,

 supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah…”

(Efesus 2:10a)

Tembung move on ing jaman samangke mestinipun sampun kathah ingkang sami mangertosi. Langkung-langkung para nem-neman ingkang aktif ngginakaken media sosial. Awit viralipun, istilah move on samangke boten namung gadhahanipun para kaneman  kemawon, nanging sedaya tiyang kalebet kasepuhan. Wondene jarwanipun inggih punika  saged mbangun kahanan enggal lan nilar kahanan ingkang sampun kalampahan ingkang awon; kebak eluh lan pingget. Tembung move on lajeng wradin kasambetaken  kaliyan kahanan lelampahaning gesang ing katresnan dhateng kekasihipun. Miturut kamus para nem-neman tembung move on ateges saged uwal saking kahanan sedih amargi pedhot katresnan dhateng ingkang dipun tresnani lajeng sampun bingah malih amargi sampun pikantuk gantosipun.

Kanthi pangertosan ingkang prasaja ing nginggil, tembung move on sejatosipun ngemu suraos sae ugi kangge kita. Kita mangertosi bilih gesang kita ingkang lami punika gesang ingkang awon. Gesang ingkang boten nyondhongi kersanipun Gusti, malah damel sekel penggalihipun  Gusti. Wonten ing Efesus 2:1–10 kita mangertos  bilih kita sejatosipun sampun pejah amargi dosa lan duraka kita. Kita sami ngenut dhateng kadonyan. Gesang ing salebeting hawa nepsu lan mbujeng pikajengipun piyambak. Nanging amargi Gusti Allah punika ageng katresnan lan sih piwelasipun dhateng kita, sampun paring sih rahmat kanthi ngurbanaken kang Putra ontang-anting inggih punika Sang Kristus. Satemah kita saged kagesangaken malih luwar saking dosa lan panerak kita. Lajeng kados pundi gesang kita ingkang sampun kanugrahan kawelasan saking Gusti Allah? Punapa kita sampun saget move on utawi saged nilar gesang lami lan saged manggihi lan mbangun gesang enggal ing Sang Kristus? Sumangga kita sami dene mbudidaya gesang enggal ingkang dados peparingipun Gusti punika kanthi ngudi gesang ingkang sae lan migunani minangka wujuding pangucap sokur kita dhumateng Gusti. Kalawan panuntuning Roh Suci, mugi sedyaning manah mbabar gesang enggal wonten ing Sang Kristus, saged kadumugen. Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ