+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo,  29 Maret 2023   Minggu Pra Paskah V

Yeremia 32:1-9, 36-41; Jabur 143; Mateus 22:23-33

AJA DUMEH

 “Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka

Punika  Gusti Allah kawula!  Roh Paduka ingkang sae mugi

nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin .

(Jabur 143:10)

Ana falsafah kuna jawa kang aran “aja dumeh, aja kagetan lan aja gumunan”. Falsafah iku padatan kanggo mejang para putrane saka wong tuwane. Aja dumeh tegese supaya kita anggone urip iku aja nganti kelalen. Dumeh sugih banjur lali lan ngina marang sapepadha kang kacingkrangan.  Dumeh pinter banjur mbodhoni marang liyan, dadi kumenthus lan kumalungkung. Ana ing kitab jabur 143 sang juru masmur nyaritakake lan uga mratelakake nalikane uripe ing rikala jaman-jaman kang uwis kelakon. Gusti Allahe dieling-eling lan dirasakake tansah mitulungi lan ngamping-ngampingi ing sauruting uripe ing kahanan susah lan uga ing kahanan bungah. Malah Gusti Allah kagambarake tansah rumaket utawa nganyam ing uripe. Mula nalikane nemahi kasusahan lan karupekan kang gedhe, sang juru masmur tansah kelingan marang Gusti Allahe. Ngaturake pasambate lan uga nyaritakake apa sing dadi karupekane. Sang juru masmur ora lali marang Gustine, uripe ora dumeh. Banjur kepriye uripe awake dhewe nalikane nemahi kahanan kang mangkono?

Kasunyatane uripe awake dhewe iku uga kerep nemoni kasusahan uga karupekan ananging kerep sok lali marang Gusti kang akarya jagad beda karo sang juru Masmur. Kita rumangsa bisa mrantasi karupekane, rumangsa bisa lan kumenthus nanging oleh-olehane mung nglaha lan muspra. Kanthi lelandhesan jabur 143 kepriye anggon kita ngadhepi kasusahan lan karupekane urip, supaya oleh pepadhang lan panuntunipun Gusti? Yaiku kanthi nyenyuwun marang Gusti supaya Rohe kang dadi tuking kabecikan iku madhangi lan nuntun lelakone urip. Kanthi   panuntune Rohe Gusti kita bakal katuntun marang dalan  kang anjog ing kabecikan lan katentreman. Amarga iya mung ana ing Rohe Gusti Allah iku kita bisa uwal saka panandhang kita. Mula payo kanthi  panuntune Rohe Gusti, uripe dhewe tansah diener maneh ing Gusti supaya bisa nuwuhake katentreman. Aja Dumeh! Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ