I Samuel 16:11-13; Jabur 31:9-16; Filipi 1:1-11
AJUR AJER
“Satemah kowe pada bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha
dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus, padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan
lan pangalembananing Allah.”
(Filipi 1:10-11)
Ing tanah jawi sampun jamak limrahipun tiyang sepuh paring wejangan dhateng para putranipun ingkang badhe mbangun bebrayatan enggal. Kathah pamedhar saking tiyang sepuh ingkang tresna sanget dhateng putranipun ingkang badhe gegriyan ndherek semah utawi garwanipun. Punika wujuding katumemenan anggenipun nresnani lan taksih awrat nglilakaken kesahipun. Boten maiben awit sampun dangu anggenipun ngamping-ampingi lan nggulawentah para lare ngantos dumugi kadiwasanipun. Piwucalipun tiyang sepuh tumrap lare nalikanipun badhe nilar tiyang sepuh lajeng jengkar dhateng panggenan ingkang enggal, sageda gesang ingkang “ajur ajer” ing satengahing masyarakat. Piwucal punika sae sanget awit gesang ing satengahing masyarakat lan tebih saking tiyang sepuh punika kedah ngatos-atos. Kedah saged mangertosi pundi tumindak ingkang sae utawi becik lan pundi tumindak ingkang awon ingkang kedah dipun tebihi. Awit samangke tiyang sepuh sampun boten saged ngamping-ampingi malih. Kedah saged gesang ingkang sembada awit sampun dewasa.
Sesambetan kaliyan sabdanipun Gusti lumantar Rasul Paul ing serat Filipi 1:10-11 ingkang ugi ngatag dhateng para pendherekipun Gusti, supados njagi gesangipun sampun ngantos kapencut dhateng piwucal-piwucal kadonyan ingkang saged mblasukaken tumuju ing karisakan. Awit kathah piwucal kadonyan ing jaman samangke ingkang kados-kados sae lan nengsemaken, ananging sejatosipun jlomprongaken. Sageda gesang ingkang “ajur-ajer” ing masyarakat nanging boten kelu ombyaking donya. Para tiyang pitados kasuwun saged tumindak becik murih saged resik lan boten cacad, ngajengaken dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Menika saged kawujudaken menawi kita saged mbikak manah kita dhateng pakaryanipun Sang Roh Suci ingkang kepareng nuntun, ngemutaken lan madhangi gesang kita. Amin.|*BTO