+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

<strong>Jemuwah, 31 Maret 2023  Minggu Pra Paskah V  </strong><strong></strong>

Ayub 13:13-19;  Jabur 31:9-16; Filipi 1:21-30

NGUNDHUH WOHING PAKARTI

“Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo injile Sang Kristus,

supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka

aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg

padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil.

(Filipi 1:27)

Akeh banget pitutur jawa kang becik. Salah siji pitutur jawa kang becik yaiku “ngundhuh wohing pakarti” kang ateges sapa sing nindakake iku sing ngundhuh. Bisa tumindak sing apik nanging bisa uga tumindak sing ala. loro-lorone bakal ngundhuh uwoh utawa pituwase. Manawa uwong iku wis wani tumindak kudu wani tanggung jawab tampa ganjarane. Ngundhuh wohing pakarti iku sajatine pitutur jawa kang apik. Kang ngelingake marang kita kabeh supaya anggone tumindak ing  alam ndonya iku kudu ngati-ati, wicaksana lan dipikir kanti  tenanan. Bisa nelakake tanggung jawab. Ora mung karo sapepadhane ning uga tanggung jawab marang alam saisine klebu marang Gusti kang akarya jagad. Manawa kita nindakake panggawe kang ala mesti uga bakal tampa ganjaran ala.  Semono uga kosokbaline manawa kita nindakake kabecikan iyo bakal ngundhuh ganjarane kang becik.

Ana ing layange Rasul Paul ing Filipi 1:27 uga ngelingake  supaya anggone urip iku padha bisa nindakake panggawe kang becik cundhuk karo Injile Sang Kristus. Amung bae bedane manawa awake dhewe kuwi nindakake panggawe becik ora amarga supaya kita oleh ganjarane utawa pituwase nanging amarga uripe dhewe uwis katebus krana rahe Gusti Yesus. Dadi kita nindakake panggawe becik kuwi wujude pangucap sokur marang Gusti amarga maringake ganjaran urip kang langgeng ing kraton swarga. Kuwi ora amarga rekadaya kita, nanging Gusti kang luwih dhisik nresnani marang kita lan kita kaparingan kanugrahan urip kang langgeng. Malah ora mung kanugrahan urip langgeng bae, nanging anggon kita urip saiki katuntun uga dening Roh Suci supaya kita pada bisa nduweni tumindak kang apik, resik lan becik. Tumindak becik kang mbangun turut marang Roh kang nguripi awake dhewe lan bisa mujudake katentreman. Urip kang kebak katentreman tansah diberkahi Gusti lan dadi berkat marang liyan. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ