+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 19 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV

I Samuel 16:1-13; Jabur 23; Efesus 5:8-14; Yokanan 9:1-41

NGGANDRUNGI ARTIS

“Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki

kowe dadi pepadhang ana ing Gusti.

Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang .

(Efesus 5: 8)

Bocah-bocah enom saiki mesti padha wanuh lan gandrung banget marang artis-artis korea. Ora mung gandrung lan seneng marang lagu-lagune bae, nanging uga nganti  gandrung ing sakabehane. Saka solah tingkahe nganti pakaian lan pernik-pernik kang disandhang uga digandrungi. Malah-malah olehe sesrawungan lan gegojegan karo kancane kanthi solah tingkahe nganggo gaya korea. Teplek sak model rambute. Mangkono olehe gandrung marang sing dipuja-puja, niru-niru sakabehe nganti sabisa-bisa mada rupa marang sing dipepuja.  Pancen ora luput menawa lagi gandrung tenan. Ananging aja nganti nglalekake manawa kita iku para putraning Gusti kang katimbalan madha rupa marang Panjenengane. Aja mung lamis lan reka-reka, kamangka sanyatane apa kang katon ing jaba, urung karuwan jumbuh karo sing tinemu ing njero ati.   

Gusti Yesus iku wus seda sinalib nebus kita saka ing urip pepeteng kang kebak dosa. Uwis sakmestine Gusti iku kagungan rancangan kang  endah tumrap uripe awake dhewe. Kang baku apa kang dadi kersane Gusti yaiku supaya urip kita lumaku ana ing dalaning pepadhang. Urip ing pepadhang yaiku nindakake laku kang becik lan ngadoh marang piala. Gusti kagungan rencana kang endah marang uripe dhewe mula payo padha diener uripe. Sanadyan ora gampang nindakake kersane Gusti, ananging kudu mbudidaya nindakake. Sanadyan kita kerep nandang rekasa malah-malah kerep nganti sok nangis amarga nemoni rupek lan susah ngrasakake kahanan. Ananging iku  kabeh kudu dilakoni kanthi sabar sareh;  kanthi tatag lan tanggon. Nduweni pangreten manawa rancangane Gusti marang kita kuwi rancangan kang becik, endah lan elok. Yaiku rancanganing tentrem rahayu. Mula payo ing minggu pra Paska kaping papat iki pada ditatag tanggon olehe leladi marang Gusti. Tetep setya marang Gusti ing kahanan bungah utawa susah, begja apadene cilaka. Kumandela menawa  Gusti mesthi ora negakake marang kasusahan lan karupekan kita lan kepareng ngulungaken astane,  sumadya mitulungi. Amin. |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ