+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 18 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III 

I Samuel 15:32-34; jabur 23; Yokanan 1:1-9

UWIT KLAPA

“Sang padang kang sajati kang madhangi saben wong,

iku lagi ngrawuhi jagad.

(Yokanan 1:9)

Sedherek-sedherek ingkang dipun tresnani dening Gusti, mestinipun sampun mangertos taneman klapa. Taneman klapa menika salah satunggaling taneman ingkang sae lan sarwa elok. Menapa ta ingkang dados kasaenan lan elokipun taneman klapa menika? Elokipun inggih menika sedaya perangan taneman menika migunani. Wiwit ronipun wohipun ngantos kajengipun. Sedaya wonten paedahipun. Kita mangertos kajeng taneman klapa saged dipun damel kajeng ingkang naminipun kajeng glugu ingkang kiyat lan ulet. Ronipun saged kangge pepajangan janur. Wohipun wiwit kulitipun ingkang naminipun sepet saged kangge damel keset. Bathokipun saged kangge damel   piranti dapur kados irus. Kambilipun migunani sanget kangge masak lan toyanipun saged kangge omben-omben seger anti wisa. Apindha taneman klapa, gesang kita para pendherekipun Gusti Yesus kasuwun saged migunani tumrap gesanging asanes. Kadosdene cecala ingkang paring pepadhang tumrap pepetenging lampah. 

Gusti Yesus ingkang rawuh ing jagad punika minangka pepadhang ingkang sejatos ingkang madhangi jagad. Pramila gesang kita ugi kedah lumampah ing pepadhang sinaosa jagad menika remen ing pepeteng. Kita sampun ngantos nyupekaken bilih gesang kita ingkang rumiyinipun kagubel lan kagubet ing pepetenging dosa, sampun kauwalaken lan kawilujengaken Gusti Yesus. Pramila kita ingkang dados utusanipun Gusti sageda ndherek dados pepadhanging jagad. Boten malah kosok wangsulipun; dados pepeteng. Sumangga ing minggu pra Paska kaping tiga menika kita nyawisaken gesang kita supados saged ngener dhawuhipun Gusti ing Injil Yokanan 1:9, supados saged ndherek madhangi jagad. Dados pepadhanging jagad saged kawiwitan kanthi tumindak ingkang prasaja. Upaminipun ngendaleni dhiri, nebih saking tumindak piawon, remen tetulung lan paring pambiyantu dhateng sesami ingkang mbetahaken. Boten ngemungaken ing babagan arto, nanging ugi saged mijekaken wekdal kangge ngamping-ampingi lan paring  panglipur ingkang sisah, paring pangajeng-ajeng tumrap tiyang ingkang pepes lan semplah. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ