1 Samuel 15:22-31; Jabur 23; Efesus 5:1-9
ANA BERKAH ING SEWALIKE MUSIBAH
“Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang,
marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan
lan kaadilan lan kabeneran.”
(Efesus 5:8a-9)
Ana salah sawijining paseksi bab musibah kang dialami salah sawijine warganing pasamuwan, kang banjur bisa ndadekake berkah tumrap uripe dheweke lan uga brayate. Paseksi kuwi kawiwitan saka salah sawijine pasamuwan kang ora nate melu cawe-cawe babar pisan ing kegiatane pasamuwan. Malah ora mung ora gelem, nanging uga ora nate nggatekake bot lan karepote greja. Uwong mau wis dipatuweni bola-bali. Tansah digatekake lan dikandhani nanging ora ngrewes babar pisan. Mbok menawa pancen dhasar atine durung karep olehe leladi Gusti. Mula anane banjur semaya lan alesan. Nganti salah sawijine dina, uwong mau ngalami musibah kacilakan nganti mlebu rumah sakit mlebu UGD. Nalika dituweni kanca-kancane greja, dheweke rumangsa getun lan keduwung. Rumangsa salah, rumangsa dosa amarga ora preduli marang greja. Wusana banjur nglairake nadar, manawa nganti bisa mari, dheweke arep leladi Gusti ing pasamuwan. Kasunyatan, bareng dheweke bisa waras banjur nyembadani nadare gelem lan sregep leladi malah gelem kadhapuk dadi pradata. Pengalaman kang mangkono, ndadekake pepenget marang awake dhewe, supaya bisa nggatekake timbalane Gusti. Kahanan kang sarwa angel, njalari uripe wong saiki kudu rebutan lan lelumban anggone golek rejeki. Memper menawa olehe kerja wiwit esuk tumeka esuk maneh. Prasasat sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah. Menawa sing khalal ora kena, sing haram ora papa. Uripe kalimput ing pepetenge jagad.
Ana ing Efesus 5:8a-9 awake dhewe dielingake, manawa kita iku biyene urip ing pepeteng, nanging awit saka pangurbananing Sang Kristus Yesus, kita uwis katebus dadi putra-putra pepadhang. Mula tansah dieling supaya nindakake wohing pepadhang yaiku kabecikan, kaadilan lan kabeneran. Manawa kita wis katebus dening Gusti, wis dadi kuwajiban kita tansah mlaku ing pepadhang sanadyan angel, lan mbutuhake kurban. Aja nganti nunggu Gusti paring paukuman marang kita nembe kita gelem leladi. Awit leladi iku satemene wujude panuwun sokur konjuk Gusti, awit sih rahmate lan katresnane tumrap kita. Amin.|*BTO