+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 16 Maret 2023   Minggu Pra Paskah III

I Samuel 15:10-21; Jabur 23; Efesus 4:25-32

“DANIEL WALUYA”

“Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan  kang tentrem; nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane.” 

(Jabur 23: 2-3)

Sadherek-sadherek ingkang kinasih lan tansah setya tuhu marang Gusti Yesus, jejer ing nginggil menika boten nyebataken asmanipun tiyang, ananging menika tetembungan kagem nyemoni ingkang katujokaken dhateng tiyang-tiyang ingkang “angel”. Angel kadospundi? Inggih menika tiyang ingkang menawi dipun paringi pirsa angel lan boten dipun pirengaken, saha namung awewaton sulaya kemawon, boten purun manut. “Daniel Waluyo” menika saking tembung dikandani angel, waton sulaya. Daniel waluya inggih ugi dados pasemon ing pasamuwan greja. Inggih punika dhateng sedherek-sedherek pasamuwan ingkang sampun masamuwan dangu ananging dereng kersa lelados Gusti. Sampun wongsal-wangsul dipun caketi lan dipun gatosaken kanthi dipun emutaken dening kanca-kancanipun saha pradhataning pasamuwan, ananging taksih mangkotaken manahipun boten purun ndherek sesarengan lelados ing bot repoting peladosan greja.

Ing nas kita dinten menika ing kitab Jabur, ingkang nyariosaken kadospundi sang juru mazmur ngraosaken sesambetan engkang endah kaliyan Gustinipun. Sang juru mazmur ngraosaken bilih menawi gesangipun tansah sumendhe lan manut dhateng menapa ingkang dados karsanipun Gusti, gesangipun tansah dipun ayemaken. Salajengipun ugi ngraosaken bilih gesangipun tansah dipun tuntun dhateng panggenan ingkang nentremaken lan boten badhe kekirangan. Amargi sesambetanipun kaliyan Gustinipun tansah rumaket, mbangun turut lan sumarah  dhateng berkah lan panjurung pitulunganipun Gusti,   mila mastani bilih  Gusti Allah punika “Pangen”.  Kadospundi gesang kita? Menapa kita  ugi saged pasrah sumendhe lan mbangun turut dhateng Gusti? Punapa kita taksih “daniel waluyo”? Taksih selak lan nampik  menawi dipun suwuni lelados? Mbok menawi inggih dereng rumaos mbetahaken Gusti?   Menawi kita saged mbangun turut lan boten mangkotaken manah temtunipun Gusti Yesus badhe nuntun lan mapanaken kita dhateng panggenan ingkang nentremaken. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ