+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo,  15 Maret 2023   Minggu Pra Paskah III

Yeremia 2:4-13; Jabur 81; Yokanan 7:14-31, 37-39

KAPUSAN

“Apa ana bangsa kang ngijolake Allahe, sanadyan iku satemene dudu Allah? Nanging umatingSun padha ngijolake kaluhurane

karo kang ora ana gunane.(Yeremia 2: 11)

Kita sumurup ing mangsa pandemi covid 19 kepungkur, ndadekake akeh wong kang banjur nemahi rupa-rupa kasusahan. Akeh wong susah amarga angel olehe golek gawean lan mestine banjur angel entuk duwit. Mula banjur akeh sing golek duwit kanthi cara sing ora apik ora bener, yaiku nganggo cara apus-apus. Mawerna-werna patrape wong arep apus-apus. Salah sijine apus-apus adol barang.  Sing sakjane barang ala diedol kanthi muni barang apik utawa asli kamangka barange imitasi alias palsu. Kahanan kang mangkono iku banjur ndadekake kurban kapusan lan ora sethithik sing padha kapitunan.

Ing nas kita dina iki ing kitab Yeremia 2:11, nyaritakake kahanan bangsa Israel kang tumindak culika yaiku ngijolake kaluhurane Gusti Allah kang nresnani lan mitulungi bangsa Israel karo allah liyane sing sakjane dudu Allah. Bangsa Israel wus nglakoni dosa, amarga Gusti Allahe sing dadi sumbering kauripane malah disingkur lan malah ngijolake karo Allah liyane. Allah liyane sing palsu iku sing ndadekake bangsa Israel urip rekasa ing tembe mburine lan nemahi paukuman saka Gusti Allah. Semono uga ing uripe awake dhewe saiki. Kita uga kaajab supaya bisa maspadani kahanan susah saiki kang bisa ndadekake urip kita nyingkur Gusti lan ngijolake utawa ngedol Gusti karo gusti-gusti liyane kang palsu. Salah siji contone manawa kita nduweni pepinginan bisa sukses, cepet munggah pangkat, dadi pejabat, banjur diiming-imingi jabatan sing luweh dhuwur lan luweh akeh duwite. Amarga kepincut iming-iminge jagad  kang nengsemake, banjur kepeksa ninggal utawa nyingkur Gusti, lan pindhah agama, murih sedyane kelakon.   Conto liyane yaiku ing bab golek sisihan. Miturut piwulange Gusti, sisihan kang dikersakake Gusti sing timbang. Tegese padha-padha muride Gusti Yesus. Padha kristene.  Amarga kadhesek kahanan banjur gelem pindhah agama. Mula ing dina iki awake dhewe kabeh tansah diemutake Gusti supaya aja mung mburu pepinginane dhewe ananging tansaha mbangun katresnan lan karaketan marang Gusti Yesus kanthi tekun lan disetya olehe mirengake lan nindhakake dhawuhe. Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ