+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 14 Maret 2023   Minggu Pra Paskah III 

Purwaning Dumadi 29:1-14; Jabur 81; I Korinta 10:1-4

GELA GELO

“Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman, lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.

(I Korintus 10: 3-4)

Gela-gelo punika panci tembung jawi ingkang tegesipun menga-mengo ngiwa nengen. Nanging tembung gela-gelo ugi dados nami salah setunggaling jajanan pasar ingkang kadhasaraken sonten ngantos dalu. Anggenipun ndhasaraken mawi grobak alit lan dipun surung. Tetedhan ingkang kadhasaraken rupi-rupi. Wonten roti, buah-buahan, peyek lan sapiturutipun. Padatan anggenipun kadhasaraken ing pinggir margi ageng utawi alun-alun lan menawi ing kitha Semarang jajanan gela-gelo punika sampun  misuwur lan kadhasaraken ing alun-alun Simpang lima.  Amargi jajananipun rupi-rupi, pramila anggenipun kita milah milih ngantos bingung lan gela-gelo. Mila lajeng dipun sebat jajanan gela-gelo. Kejawi jajananipun mawerni-werni, reginipun inggih mirah. Mila laris lan ingkang tumbas inggih kathah. Sinambi jajan sinambi nyawang suasana kahanan Semarang ing wanci dalu.

Kawontenan ing pasamuwan   inggih rupi-rupi utawi maneka warni. Boten namung bab rupi-rupi pedamelanipun ugi magepokan kaliyan yuswanipun, wewatekipun, pepinginanipun, karemenanipun lan sapiturutipun. Iba endahipun kahanan ingkang mekaten saged dados kahanan ingkang ngremenaken, nentremaken saha ngrukunaken supados saged dados pasamuwan ingkang nengsemaken. Tunggal sedya tunggal pambekan anggenipun tetunggilan ngladosi. Sangkul sinangkul ing bot lan karepotaning greja. Kados sabdanipun Gusti ing nas kita ing bab  gesangipun bangsa Israel nalika semanten. Kahanan ingkang mekaten saged kalampahan menawi kita sedaya sami nglengganani lan niti priksa kahanan kita piyambak ingkang boten saged gesang piyambakan, mesti mbetahaken tiyang sanes. Jer kita menika boten sampurna lan mbetahaken panyengkuyunging asanes. Sedaya saged kalampahan menawi kita tansah ngener lan ugi nggatosaken dhawuhipun Gusti. Boten namung mbujeng pikajeng kita piyambak lan nyupekaken dhateng sesami.  Amin.|*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ