+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 13 Maret 2023   Minggu Pra Paskah III

Purwaning Dumadi 24:1-27; Jabur 81; 2 Yokanan 1:1-13

BANDUNG BONDOWOSO

“Ah, saupama umatingsun ngrungokake marang dhawuhingSun,

saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun. Sanalika iku uga

mungsuhe mesthi suntelukake, sarta mungsuhe

padha ngrasakake antebing astaningSun.

(Jabur 81:14-15)

Mestine crita rakyat ing Tanah Jawa kang jejer Bandung Bondowoso, sing ana gandheng cenenge karo candi Prambanan wis akeh dimangerteni, mligine dening masyarakat ing tanah jawa. Crita Bandung Bondowoso nyaritakake bab raja Prambanan kang ditelukake raja saka Pengging yaiku Bandung Bondowoso. Raja Prambanan duwe putri kang aran Rara Jonggrang. Bandung Bondowoso nduweni kekarepan arep ngepek Rara Jonggrang dadi bojone. Emane  Rara jonggrang ora seneng karo Bandung Bondowoso. Ananging Bandung Bondowoso gedhe kekarepane mula terus ndhesek marang Rara Jonggrang. Amarga kadhesek, Rara Jonggrang banjur duwe alesan nampik Bandung Bondowoso kanthi panjaluk supaya digawekake candi cacah sewu lan kudu rampung sewengi. Amarga Bandung Bondowoso iku sekti mandraguna mula ya disaguhi. Nalika ngrampungake panjaluke Rara Jonggrang olehe gawe candi nyatane ora bisa rampung, candine kurang siji. Amarga kekarepane arep ngepek bojo ora kasembadan mula banjur gedhe nepsune.  Wusana banjur manteg aji. Roro Jonggrang disabda dadi  candi kang kaping sewu. Ngumbar kasekten ngumbar kekarepan lan uga nggugu karepe dhewe iku ndadekake karusakan ing tembe mburine. Lumantar nas kita ing wektu iki, kita kaajab supaya bisa ngendaleni dhiri lan ora nggugu karepe dhewe. Wis dadi sipating manungsa kalebu awake dhewe, menawa lagi nduweni pangwasa banjur kelalen marang Gustine. Dadi wong kang ambeg siya lan dakwenang marang wong cilik. Menawa lagi kaganjar berkah bandha donya akeh, wis sugih banjur lali marang Gusti. Manawa dielingake pijer alesan isih sibuk lan kosak-kosik bae. Ing mangsa minggu pra Paskah kang kaping telu iki, kita kaelingake supaya ngrungokake dhawuhe Gusti kita Yesus Kristus, supaya ora nemahi karusakan ing tembe mburine. Tansah mbangun katresnan marang Gusti lan uga marang sapadha-padha. Amin  |*BTO

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ