Yesaya 60:17-22; Jabur 146; Mateus 9:27-34 AMUNG PRACAYA “Bareng Gusti Yesus wus lumebet ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus : “Apa kowe padha ngandel yen aku bisa nindakake mangkono?” Atur wangsulane: Inggih, Gusti kawula sami pitados.” (Mateus 9:28) Durung suwe iki akeh kedadean wong-wong kang padha dadi kurban bisnis online. Becik iku arisan online, pinjaman online utawi investasi online. Wong-wong kang dadi kurban nalika ditakoni; kenapa kok nganti bisa percaya lan kapusan? Rata-rata wangsulane amarga diiming-imingi bathi akeh ing wektu kang ora suwe, banjur bisa percaya ngono bae. Kapitunane ora mung puluhan yuta nanging ana kang tekan atusan yuta. Bisane olehe padha kapusan amarga kang apus-apus sajak mitayani banget. Dadine para kurban iya mung manut lan percaya bae. kamangka duwit kang ilang iku duwit simpenan utawa cadangan urip besuke. Becik iku kanggo waragad sekolah utawa cawis-cawis mangsa pensiun. Salong kang kapusan iku duwite olehe utang. Pancen kamitega temenan olehe apus-apus. Dupeh wis dipercaya banjur dislewengake. Lelawanan banget karo Gusti Yesus ing injil Mateus 9:28. Sanadyan padha ing babagan percaya, ananging sing pracaya Gusti ora bakal kapusan lan Gusti ora bakal njlomprongake. Kaya kang dialami wong wuta sakloron nalika didangu Gusti: “Apa kowe padha ngandel yen aku bisa nindakake mangkono?” tanpa tida-tida lan mantep mangsuli: Atur wangsulane: Inggih, Gusti kawula sami pitados.” Sanalika banjur bisa ndeleng maneh. Gusti Yesus iku kagungan pangwaos bab dalaning urip manungsa, klebu wong wuta sakloron kang maune ora bisa ndeleng, saikine bisa ndeleng maneh. Ana owah-owahan gedhe marang uripe wong wuta loro mau. Awit Gusti nresnani lan Gusti kagungan rancangan kang endah tumrap uripe wong wuta mau. Semana uga Gusti uga kagungan pangwaos marang uripe awake dhewe kabeh. Gusti mirsa lelakone uripe awake dhewe lan uga sumadya nresnani, mitulungi nalika kita nandhang mawerna-werna karupekan, nanging sing baku; apa awake dhewe ngandel menawa Gusti saestu njurungi lan mitulungi gesang kita? Amin. |*BTO
Slasa, 21 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 42:14-21; Jabur 146; Kolose 1:9-14 DADI UWONG “Temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sepatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan saya maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah.” (Kolose 1:10) Sampun jamak limrahipun menawi tiyang sepuh menika nggadhahi gegayuhan supados para putra-putranipun saged sekolah ingkang inggil supados saged “dados tiyang”. Tembung “dados tiyang” boten ateges menawi boten saged dados tiyang lajeng dados sanesipun tiyang. Tembung “dados tiyang” lajeng nggadhahi pangertosan ingkang lepat lan kaprah. Amargi tembung “dados tiyang” asring lajeng dipun paringi pangertosan dhangkal utawi cethek inggih menika tiyang ingkang “dados” menika kadosta: pejabat, dokter, insinyur. Wosipun dados tiyang ingkang kepama lan kasil. Badhea drajat lan kasugihan. Pancen makaten ingkang dados pangertosan masyarakat limrahipun ngantos dumugi samangke. Lajeng tiyang-tiyang ingkang boten saged sugih, ingkang boten saged dados dokter utawi dados insinyur lajeng menapa saged dipun wastani sanes tiyang? Lajeng nuwuhaken pitakenan, kadospundi ta sejatosipun gesang ingkang sae supados saged dados tiyang miturut kersanipun Gusti? Seratipun Rasul Paul ingkang kakintunaken dhateng kitha Kolose nyebataken gesang ingkang sae inggih punika gesang ingkang patut lan ndadosaken keparengipun Gusti. Inggih punika: sepisan;gesang ingkang saged nindakaken kabecikan saha ngedalaken woh. Nindakaken kabecikan ingkang saged karaosaken dhateng tiyang sanes. Gesang ingkang dipun berkahi dening Gusti lan ugi ngedalaken woh inggih punika dados berkah dhateng sesami. Kaping kalih; Rasul Paul ngandharaken gesang kita kasuwun supados mindhak-mindhak pangertosan kita dhumateng Gusti. Menika saged kita tindakaken menawi kita tansah tresna lan mbangun turut dhateng kersanipun Gusti. Gesang kita tansah pasrah lan sumendhe dhateng Gusti. Awit inggih namung Gusti ingkang kagungan rancangan endah lan nemtokaken gesang kita. Sangsaya mindhak-mindhak kapitadosan kita dhateng Gusti. Lajeng kadospundi gesang kita? Amin. |*BTO
Senen, 20 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV
Yesaya 59:9-19; Jabur 146; Lelakone Para Rasul 9:1-20 ORA GUMANTUNG NILAI RAPORT “Saulus ana ing satengahing para siswa ing Damsyik sawatara dina. Nalika iku dheweke iya martakake bab Gusti Yesus ana ing papan-papan pangibadah sarta pratela yen Gusti Yesus iku putraning Allah.” (Lelakone Para Rasul 9:19b-20) Ing wekdal kepengker nate kedadosan, wonten salah satunggaling guru ingkang kawentar utawi viral, amargi nate paring piwucal ing status akunipun ingkang saged ngayemaken para tiyang sepuh ingkang nggadhahi lare sekolah. Ukara utawi tembungipun ingkang dados viral inggih menika “cita-cita masa depan tidak tergantung nilai raport” (gegayuhan punika boten gumantung biji rapot) tegesipun sampun ngantos tiyang sepuh ndedukani para lare menawi biji raportipun awon. Amargi biji punika namung sewates biji kemawon. Pagesangan ing tembe punika kagunganipun Gusti. Ukara menika dados ayemipun para tiyang sepuh amargi pancen menapa ingkang dados pepinginane tiyang sepuh menika mesthinipun saksaged-sagedipun larenipun saged dados tiyang. Sokur saged dados dokter utawi insinyur. Sanajan makaten, awit gesang punika boten saged gumathok kados dene matematika, mila boten saged pinesthi ing biji. Ananging pandonga lan pambudidaya. Wonten ing Lelampahanipun para Rasul 9:1-20 nyariosaken kadospundi gesangipun Saulus nalika semanten, nguya-nguya lan mejahi pandherekipun Gusti. ananging Gusti Allah paring ewah-ewahan ing gesangipun. Amargi kersaning Gusti Saulus saged mratobat lan dados Rasul Paul ingkang martosaken bab Gusti Yesus. Gusti kagungan panguwaos nemtokaken dhateng gesanging manungsa kalebet kita. Pramila kita ingkang pitados dhateng Gusti kedah ugi pitados bilih Gusti kuwaos nemtokaken gesang kita sedaya, kalebet para lare. Boten ateges boten perlu sinau lan sekolah ananging ingkang baken kita sedaya sampuna ngantos nyupekaken Gusti ingkang akarya jagad lan pitados ugi bilih Gusti Allah ingkang dados sesembahan kita menika, Gusti ingkang kagungan rancangan ingkang endah kangge gesang kita lan brayat. Pramila kita tansah rumaketa lan sumendhe dhateng Gusti. Nyadhong berkahipun Gusti kalawan pandonga lan pambudidaya. Amin.|*BTO
Ahad, 19 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV
I Samuel 16:1-13; Jabur 23; Efesus 5:8-14; Yokanan 9:1-41 NGGANDRUNGI ARTIS “Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang .” (Efesus 5: 8) Bocah-bocah enom saiki mesti padha wanuh lan gandrung banget marang artis-artis korea. Ora mung gandrung lan seneng marang lagu-lagune bae, nanging uga nganti gandrung ing sakabehane. Saka solah tingkahe nganti pakaian lan pernik-pernik kang disandhang uga digandrungi. Malah-malah olehe sesrawungan lan gegojegan karo kancane kanthi solah tingkahe nganggo gaya korea. Teplek sak model rambute. Mangkono olehe gandrung marang sing dipuja-puja, niru-niru sakabehe nganti sabisa-bisa mada rupa marang sing dipepuja. Pancen ora luput menawa lagi gandrung tenan. Ananging aja nganti nglalekake manawa kita iku para putraning Gusti kang katimbalan madha rupa marang Panjenengane. Aja mung lamis lan reka-reka, kamangka sanyatane apa kang katon ing jaba, urung karuwan jumbuh karo sing tinemu ing njero ati. Gusti Yesus iku wus seda sinalib nebus kita saka ing urip pepeteng kang kebak dosa. Uwis sakmestine Gusti iku kagungan rancangan kang endah tumrap uripe awake dhewe. Kang baku apa kang dadi kersane Gusti yaiku supaya urip kita lumaku ana ing dalaning pepadhang. Urip ing pepadhang yaiku nindakake laku kang becik lan ngadoh marang piala. Gusti kagungan rencana kang endah marang uripe dhewe mula payo padha diener uripe. Sanadyan ora gampang nindakake kersane Gusti, ananging kudu mbudidaya nindakake. Sanadyan kita kerep nandang rekasa malah-malah kerep nganti sok nangis amarga nemoni rupek lan susah ngrasakake kahanan. Ananging iku kabeh kudu dilakoni kanthi sabar sareh; kanthi tatag lan tanggon. Nduweni pangreten manawa rancangane Gusti marang kita kuwi rancangan kang becik, endah lan elok. Yaiku rancanganing tentrem rahayu. Mula payo ing minggu pra Paska kaping papat iki pada ditatag tanggon olehe leladi marang Gusti. Tetep setya marang Gusti ing kahanan bungah utawa susah, begja apadene cilaka. Kumandela menawa Gusti mesthi ora negakake marang kasusahan lan karupekan kita lan kepareng ngulungaken astane, sumadya mitulungi. Amin. |*BTO
Setu, 18 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III
I Samuel 15:32-34; jabur 23; Yokanan 1:1-9 UWIT KLAPA “Sang padang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.” (Yokanan 1:9) Sedherek-sedherek ingkang dipun tresnani dening Gusti, mestinipun sampun mangertos taneman klapa. Taneman klapa menika salah satunggaling taneman ingkang sae lan sarwa elok. Menapa ta ingkang dados kasaenan lan elokipun taneman klapa menika? Elokipun inggih menika sedaya perangan taneman menika migunani. Wiwit ronipun wohipun ngantos kajengipun. Sedaya wonten paedahipun. Kita mangertos kajeng taneman klapa saged dipun damel kajeng ingkang naminipun kajeng glugu ingkang kiyat lan ulet. Ronipun saged kangge pepajangan janur. Wohipun wiwit kulitipun ingkang naminipun sepet saged kangge damel keset. Bathokipun saged kangge damel piranti dapur kados irus. Kambilipun migunani sanget kangge masak lan toyanipun saged kangge omben-omben seger anti wisa. Apindha taneman klapa, gesang kita para pendherekipun Gusti Yesus kasuwun saged migunani tumrap gesanging asanes. Kadosdene cecala ingkang paring pepadhang tumrap pepetenging lampah. Gusti Yesus ingkang rawuh ing jagad punika minangka pepadhang ingkang sejatos ingkang madhangi jagad. Pramila gesang kita ugi kedah lumampah ing pepadhang sinaosa jagad menika remen ing pepeteng. Kita sampun ngantos nyupekaken bilih gesang kita ingkang rumiyinipun kagubel lan kagubet ing pepetenging dosa, sampun kauwalaken lan kawilujengaken Gusti Yesus. Pramila kita ingkang dados utusanipun Gusti sageda ndherek dados pepadhanging jagad. Boten malah kosok wangsulipun; dados pepeteng. Sumangga ing minggu pra Paska kaping tiga menika kita nyawisaken gesang kita supados saged ngener dhawuhipun Gusti ing Injil Yokanan 1:9, supados saged ndherek madhangi jagad. Dados pepadhanging jagad saged kawiwitan kanthi tumindak ingkang prasaja. Upaminipun ngendaleni dhiri, nebih saking tumindak piawon, remen tetulung lan paring pambiyantu dhateng sesami ingkang mbetahaken. Boten ngemungaken ing babagan arto, nanging ugi saged mijekaken wekdal kangge ngamping-ampingi lan paring panglipur ingkang sisah, paring pangajeng-ajeng tumrap tiyang ingkang pepes lan semplah. Amin.|*BTO
Jemuwah, 17 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III
1 Samuel 15:22-31; Jabur 23; Efesus 5:1-9 ANA BERKAH ING SEWALIKE MUSIBAH “Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang, marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran.” (Efesus 5:8a-9) Ana salah sawijining paseksi bab musibah kang dialami salah sawijine warganing pasamuwan, kang banjur bisa ndadekake berkah tumrap uripe dheweke lan uga brayate. Paseksi kuwi kawiwitan saka salah sawijine pasamuwan kang ora nate melu cawe-cawe babar pisan ing kegiatane pasamuwan. Malah ora mung ora gelem, nanging uga ora nate nggatekake bot lan karepote greja. Uwong mau wis dipatuweni bola-bali. Tansah digatekake lan dikandhani nanging ora ngrewes babar pisan. Mbok menawa pancen dhasar atine durung karep olehe leladi Gusti. Mula anane banjur semaya lan alesan. Nganti salah sawijine dina, uwong mau ngalami musibah kacilakan nganti mlebu rumah sakit mlebu UGD. Nalika dituweni kanca-kancane greja, dheweke rumangsa getun lan keduwung. Rumangsa salah, rumangsa dosa amarga ora preduli marang greja. Wusana banjur nglairake nadar, manawa nganti bisa mari, dheweke arep leladi Gusti ing pasamuwan. Kasunyatan, bareng dheweke bisa waras banjur nyembadani nadare gelem lan sregep leladi malah gelem kadhapuk dadi pradata. Pengalaman kang mangkono, ndadekake pepenget marang awake dhewe, supaya bisa nggatekake timbalane Gusti. Kahanan kang sarwa angel, njalari uripe wong saiki kudu rebutan lan lelumban anggone golek rejeki. Memper menawa olehe kerja wiwit esuk tumeka esuk maneh. Prasasat sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah. Menawa sing khalal ora kena, sing haram ora papa. Uripe kalimput ing pepetenge jagad. Ana ing Efesus 5:8a-9 awake dhewe dielingake, manawa kita iku biyene urip ing pepeteng, nanging awit saka pangurbananing Sang Kristus Yesus, kita uwis katebus dadi putra-putra pepadhang. Mula tansah dieling supaya nindakake wohing pepadhang yaiku kabecikan, kaadilan lan kabeneran. Manawa kita wis katebus dening Gusti, wis dadi kuwajiban kita tansah mlaku ing pepadhang sanadyan angel, lan mbutuhake kurban. Aja nganti nunggu Gusti paring paukuman marang kita nembe kita gelem leladi. Awit leladi iku satemene wujude panuwun sokur konjuk Gusti, awit sih rahmate lan katresnane tumrap kita. Amin.|*BTO
Kemis, 16 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III
I Samuel 15:10-21; Jabur 23; Efesus 4:25-32 “DANIEL WALUYA” “Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete, aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem; nyawaku diayemake, sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane.” (Jabur 23: 2-3) Sadherek-sadherek ingkang kinasih lan tansah setya tuhu marang Gusti Yesus, jejer ing nginggil menika boten nyebataken asmanipun tiyang, ananging menika tetembungan kagem nyemoni ingkang katujokaken dhateng tiyang-tiyang ingkang “angel”. Angel kadospundi? Inggih menika tiyang ingkang menawi dipun paringi pirsa angel lan boten dipun pirengaken, saha namung awewaton sulaya kemawon, boten purun manut. “Daniel Waluyo” menika saking tembung dikandani angel, waton sulaya. Daniel waluya inggih ugi dados pasemon ing pasamuwan greja. Inggih punika dhateng sedherek-sedherek pasamuwan ingkang sampun masamuwan dangu ananging dereng kersa lelados Gusti. Sampun wongsal-wangsul dipun caketi lan dipun gatosaken kanthi dipun emutaken dening kanca-kancanipun saha pradhataning pasamuwan, ananging taksih mangkotaken manahipun boten purun ndherek sesarengan lelados ing bot repoting peladosan greja. Ing nas kita dinten menika ing kitab Jabur, ingkang nyariosaken kadospundi sang juru mazmur ngraosaken sesambetan engkang endah kaliyan Gustinipun. Sang juru mazmur ngraosaken bilih menawi gesangipun tansah sumendhe lan manut dhateng menapa ingkang dados karsanipun Gusti, gesangipun tansah dipun ayemaken. Salajengipun ugi ngraosaken bilih gesangipun tansah dipun tuntun dhateng panggenan ingkang nentremaken lan boten badhe kekirangan. Amargi sesambetanipun kaliyan Gustinipun tansah rumaket, mbangun turut lan sumarah dhateng berkah lan panjurung pitulunganipun Gusti, mila mastani bilih Gusti Allah punika “Pangen”. Kadospundi gesang kita? Menapa kita ugi saged pasrah sumendhe lan mbangun turut dhateng Gusti? Punapa kita taksih “daniel waluyo”? Taksih selak lan nampik menawi dipun suwuni lelados? Mbok menawi inggih dereng rumaos mbetahaken Gusti? Menawi kita saged mbangun turut lan boten mangkotaken manah temtunipun Gusti Yesus badhe nuntun lan mapanaken kita dhateng panggenan ingkang nentremaken. Amin.|*BTO
Rebo, 15 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III
Yeremia 2:4-13; Jabur 81; Yokanan 7:14-31, 37-39 KAPUSAN “Apa ana bangsa kang ngijolake Allahe, sanadyan iku satemene dudu Allah? Nanging umatingSun padha ngijolake kaluhurane karo kang ora ana gunane.” (Yeremia 2: 11) Kita sumurup ing mangsa pandemi covid 19 kepungkur, ndadekake akeh wong kang banjur nemahi rupa-rupa kasusahan. Akeh wong susah amarga angel olehe golek gawean lan mestine banjur angel entuk duwit. Mula banjur akeh sing golek duwit kanthi cara sing ora apik ora bener, yaiku nganggo cara apus-apus. Mawerna-werna patrape wong arep apus-apus. Salah sijine apus-apus adol barang. Sing sakjane barang ala diedol kanthi muni barang apik utawa asli kamangka barange imitasi alias palsu. Kahanan kang mangkono iku banjur ndadekake kurban kapusan lan ora sethithik sing padha kapitunan. Ing nas kita dina iki ing kitab Yeremia 2:11, nyaritakake kahanan bangsa Israel kang tumindak culika yaiku ngijolake kaluhurane Gusti Allah kang nresnani lan mitulungi bangsa Israel karo allah liyane sing sakjane dudu Allah. Bangsa Israel wus nglakoni dosa, amarga Gusti Allahe sing dadi sumbering kauripane malah disingkur lan malah ngijolake karo Allah liyane. Allah liyane sing palsu iku sing ndadekake bangsa Israel urip rekasa ing tembe mburine lan nemahi paukuman saka Gusti Allah. Semono uga ing uripe awake dhewe saiki. Kita uga kaajab supaya bisa maspadani kahanan susah saiki kang bisa ndadekake urip kita nyingkur Gusti lan ngijolake utawa ngedol Gusti karo gusti-gusti liyane kang palsu. Salah siji contone manawa kita nduweni pepinginan bisa sukses, cepet munggah pangkat, dadi pejabat, banjur diiming-imingi jabatan sing luweh dhuwur lan luweh akeh duwite. Amarga kepincut iming-iminge jagad kang nengsemake, banjur kepeksa ninggal utawa nyingkur Gusti, lan pindhah agama, murih sedyane kelakon. Conto liyane yaiku ing bab golek sisihan. Miturut piwulange Gusti, sisihan kang dikersakake Gusti sing timbang. Tegese padha-padha muride Gusti Yesus. Padha kristene. Amarga kadhesek kahanan banjur gelem pindhah agama. Mula ing dina iki awake dhewe kabeh tansah diemutake Gusti supaya aja mung mburu pepinginane dhewe ananging tansaha mbangun katresnan lan karaketan marang Gusti Yesus kanthi tekun lan disetya olehe mirengake lan nindhakake dhawuhe. Amin.|*BTO
Slasa, 14 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III
Purwaning Dumadi 29:1-14; Jabur 81; I Korinta 10:1-4 GELA GELO “Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman, lan kabeh padha ngombe tunggal omben-omben kasukman, awit padha ngombe saka ing parang kasukman kang ngetutake lakune, dene parang mau yaiku Sang Kristus.” (I Korintus 10: 3-4) Gela-gelo punika panci tembung jawi ingkang tegesipun menga-mengo ngiwa nengen. Nanging tembung gela-gelo ugi dados nami salah setunggaling jajanan pasar ingkang kadhasaraken sonten ngantos dalu. Anggenipun ndhasaraken mawi grobak alit lan dipun surung. Tetedhan ingkang kadhasaraken rupi-rupi. Wonten roti, buah-buahan, peyek lan sapiturutipun. Padatan anggenipun kadhasaraken ing pinggir margi ageng utawi alun-alun lan menawi ing kitha Semarang jajanan gela-gelo punika sampun misuwur lan kadhasaraken ing alun-alun Simpang lima. Amargi jajananipun rupi-rupi, pramila anggenipun kita milah milih ngantos bingung lan gela-gelo. Mila lajeng dipun sebat jajanan gela-gelo. Kejawi jajananipun mawerni-werni, reginipun inggih mirah. Mila laris lan ingkang tumbas inggih kathah. Sinambi jajan sinambi nyawang suasana kahanan Semarang ing wanci dalu. Kawontenan ing pasamuwan inggih rupi-rupi utawi maneka warni. Boten namung bab rupi-rupi pedamelanipun ugi magepokan kaliyan yuswanipun, wewatekipun, pepinginanipun, karemenanipun lan sapiturutipun. Iba endahipun kahanan ingkang mekaten saged dados kahanan ingkang ngremenaken, nentremaken saha ngrukunaken supados saged dados pasamuwan ingkang nengsemaken. Tunggal sedya tunggal pambekan anggenipun tetunggilan ngladosi. Sangkul sinangkul ing bot lan karepotaning greja. Kados sabdanipun Gusti ing nas kita ing bab gesangipun bangsa Israel nalika semanten. Kahanan ingkang mekaten saged kalampahan menawi kita sedaya sami nglengganani lan niti priksa kahanan kita piyambak ingkang boten saged gesang piyambakan, mesti mbetahaken tiyang sanes. Jer kita menika boten sampurna lan mbetahaken panyengkuyunging asanes. Sedaya saged kalampahan menawi kita tansah ngener lan ugi nggatosaken dhawuhipun Gusti. Boten namung mbujeng pikajeng kita piyambak lan nyupekaken dhateng sesami. Amin.|*BTO
Senen, 13 Maret 2023 Minggu Pra Paskah III
Purwaning Dumadi 24:1-27; Jabur 81; 2 Yokanan 1:1-13 BANDUNG BONDOWOSO “Ah, saupama umatingsun ngrungokake marang dhawuhingSun, saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun. Sanalika iku uga mungsuhe mesthi suntelukake, sarta mungsuhe padha ngrasakake antebing astaningSun.” (Jabur 81:14-15) Mestine crita rakyat ing Tanah Jawa kang jejer Bandung Bondowoso, sing ana gandheng cenenge karo candi Prambanan wis akeh dimangerteni, mligine dening masyarakat ing tanah jawa. Crita Bandung Bondowoso nyaritakake bab raja Prambanan kang ditelukake raja saka Pengging yaiku Bandung Bondowoso. Raja Prambanan duwe putri kang aran Rara Jonggrang. Bandung Bondowoso nduweni kekarepan arep ngepek Rara Jonggrang dadi bojone. Emane Rara jonggrang ora seneng karo Bandung Bondowoso. Ananging Bandung Bondowoso gedhe kekarepane mula terus ndhesek marang Rara Jonggrang. Amarga kadhesek, Rara Jonggrang banjur duwe alesan nampik Bandung Bondowoso kanthi panjaluk supaya digawekake candi cacah sewu lan kudu rampung sewengi. Amarga Bandung Bondowoso iku sekti mandraguna mula ya disaguhi. Nalika ngrampungake panjaluke Rara Jonggrang olehe gawe candi nyatane ora bisa rampung, candine kurang siji. Amarga kekarepane arep ngepek bojo ora kasembadan mula banjur gedhe nepsune. Wusana banjur manteg aji. Roro Jonggrang disabda dadi candi kang kaping sewu. Ngumbar kasekten ngumbar kekarepan lan uga nggugu karepe dhewe iku ndadekake karusakan ing tembe mburine. Lumantar nas kita ing wektu iki, kita kaajab supaya bisa ngendaleni dhiri lan ora nggugu karepe dhewe. Wis dadi sipating manungsa kalebu awake dhewe, menawa lagi nduweni pangwasa banjur kelalen marang Gustine. Dadi wong kang ambeg siya lan dakwenang marang wong cilik. Menawa lagi kaganjar berkah bandha donya akeh, wis sugih banjur lali marang Gusti. Manawa dielingake pijer alesan isih sibuk lan kosak-kosik bae. Ing mangsa minggu pra Paskah kang kaping telu iki, kita kaelingake supaya ngrungokake dhawuhe Gusti kita Yesus Kristus, supaya ora nemahi karusakan ing tembe mburine. Tansah mbangun katresnan marang Gusti lan uga marang sapadha-padha. Amin |*BTO
