KHOTBAH JANGKEP 2023 – I Panduan Merayakan Liturgi Gereja Tema tahun 2023: HARI DEPAN YANG PENUH HARAPAN Khotbah Jangkep Mei 2023 Hidup Dalam Roh Cinta Kasih Kata Pengantar Puji Syukur kepada Tuhan karena Bahan Kotbah Jangkep tahun 2023, telah terbit. Tema HIDUP BERSAMA DALAM KELUARGA ALLAH dijabarkan dalam tema tahunan yang berbeda, dan tahun 2023 bertemakan: HARI DEPAN YANG PENUH HARAPAN (Bdk. Yeremia 29:11). Kotbah Jangkep ini dibuat dengan mengacu kepada tema besar dan subtema diatas, serta melanjutkan tema pelayanan yang tertuang dalam renov GKJ, dengan harapan dapat menjadi motivasi bagi semua jemaat dalam melanjutkan hidup dan panggilan Tuhan ditengah prubahan jaman yang tidak menentu. Pengharapan kepada semua umat harus terus ditumbuhkan agar kita semakin dimampukan untuk mendasarkan hidup kita kepada Tuhan. Karena seperti yang dikatakan dalam surat ibrani 6:19 pengharapan adalah “sauh yang kuat dan aman bagi jiwa kita, yang telah dilabuhkan sampai ke belakang tabir…” Tulisan kotbah Jangkep 2023 ini telah melibatkan para pendeta yang bersedia meluangkan waktu untuk menungakan ide dan tulisan. Sekalipun tidak mudah menemukan penulis yang konsisten dan setia bekerjasama, namun demikian PWG tetap berupaya agar melalui Kotbah Jangkep ini potensi para pendeta dapat berkembang dan jemaat terbangun. Oleh karena itu bagi teman-teman pendeta yang telah bersedia menulis dan menyelesaikan kotbah jangkep tahun 2023 dengan penuh tanggung jawab, kami mengucapkan terima kasih. Demikian pula kami berterima kasih kepada tim editor yang telah bekerja merapikan tulisan ini. Selamat menggunakan Kotbah Jangkep 2023, semoga menjadi berkat bagi semua. Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWG Klik Disini Untuk Mengunduh Bahan Diterbitkan Oleh: Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia (Anggota IKAPI) Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222 Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445 E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.com Website: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan: Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa Jl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711 Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJ Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663 Website: www.sinodegkj.or.id Penanggung Jawab : Bapelsin XXVIII GKJ Bidang PWG Pdt. Erni Ratna Yunita Pdt. Neny Suprihartati Pdt. Imanuel Adi Saputro Penulis : Pdt. Marya Sri Hartati Pdt. Heri Windarta Pdt. Johan Budiman Pdt. Sukrisno Purwanto Pdt. Rian Pandu Editor : Pdt. Sukrisno Purwanto Pdt Tanto Kristiono Pdt. Immanuel Adi Saputro Tata letak dan Sampul : Kantor Sinode GKJ
Jemuwah, 31 Maret 2023 Minggu Pra Paskah V
Ayub 13:13-19; Jabur 31:9-16; Filipi 1:21-30 NGUNDHUH WOHING PAKARTI “Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo injile Sang Kristus, supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil.” (Filipi 1:27) Akeh banget pitutur jawa kang becik. Salah siji pitutur jawa kang becik yaiku “ngundhuh wohing pakarti” kang ateges sapa sing nindakake iku sing ngundhuh. Bisa tumindak sing apik nanging bisa uga tumindak sing ala. loro-lorone bakal ngundhuh uwoh utawa pituwase. Manawa uwong iku wis wani tumindak kudu wani tanggung jawab tampa ganjarane. Ngundhuh wohing pakarti iku sajatine pitutur jawa kang apik. Kang ngelingake marang kita kabeh supaya anggone tumindak ing alam ndonya iku kudu ngati-ati, wicaksana lan dipikir kanti tenanan. Bisa nelakake tanggung jawab. Ora mung karo sapepadhane ning uga tanggung jawab marang alam saisine klebu marang Gusti kang akarya jagad. Manawa kita nindakake panggawe kang ala mesti uga bakal tampa ganjaran ala. Semono uga kosokbaline manawa kita nindakake kabecikan iyo bakal ngundhuh ganjarane kang becik. Ana ing layange Rasul Paul ing Filipi 1:27 uga ngelingake supaya anggone urip iku padha bisa nindakake panggawe kang becik cundhuk karo Injile Sang Kristus. Amung bae bedane manawa awake dhewe kuwi nindakake panggawe becik ora amarga supaya kita oleh ganjarane utawa pituwase nanging amarga uripe dhewe uwis katebus krana rahe Gusti Yesus. Dadi kita nindakake panggawe becik kuwi wujude pangucap sokur marang Gusti amarga maringake ganjaran urip kang langgeng ing kraton swarga. Kuwi ora amarga rekadaya kita, nanging Gusti kang luwih dhisik nresnani marang kita lan kita kaparingan kanugrahan urip kang langgeng. Malah ora mung kanugrahan urip langgeng bae, nanging anggon kita urip saiki katuntun uga dening Roh Suci supaya kita pada bisa nduweni tumindak kang apik, resik lan becik. Tumindak becik kang mbangun turut marang Roh kang nguripi awake dhewe lan bisa mujudake katentreman. Urip kang kebak katentreman tansah diberkahi Gusti lan dadi berkat marang liyan. Amin.|*BTO
Kemis, 30 Maret 2023 Minggu Pra Paskah V
I Samuel 16:11-13; Jabur 31:9-16; Filipi 1:1-11 AJUR AJER “Satemah kowe pada bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus, padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan lan pangalembananing Allah.” (Filipi 1:10-11) Ing tanah jawi sampun jamak limrahipun tiyang sepuh paring wejangan dhateng para putranipun ingkang badhe mbangun bebrayatan enggal. Kathah pamedhar saking tiyang sepuh ingkang tresna sanget dhateng putranipun ingkang badhe gegriyan ndherek semah utawi garwanipun. Punika wujuding katumemenan anggenipun nresnani lan taksih awrat nglilakaken kesahipun. Boten maiben awit sampun dangu anggenipun ngamping-ampingi lan nggulawentah para lare ngantos dumugi kadiwasanipun. Piwucalipun tiyang sepuh tumrap lare nalikanipun badhe nilar tiyang sepuh lajeng jengkar dhateng panggenan ingkang enggal, sageda gesang ingkang “ajur ajer” ing satengahing masyarakat. Piwucal punika sae sanget awit gesang ing satengahing masyarakat lan tebih saking tiyang sepuh punika kedah ngatos-atos. Kedah saged mangertosi pundi tumindak ingkang sae utawi becik lan pundi tumindak ingkang awon ingkang kedah dipun tebihi. Awit samangke tiyang sepuh sampun boten saged ngamping-ampingi malih. Kedah saged gesang ingkang sembada awit sampun dewasa. Sesambetan kaliyan sabdanipun Gusti lumantar Rasul Paul ing serat Filipi 1:10-11 ingkang ugi ngatag dhateng para pendherekipun Gusti, supados njagi gesangipun sampun ngantos kapencut dhateng piwucal-piwucal kadonyan ingkang saged mblasukaken tumuju ing karisakan. Awit kathah piwucal kadonyan ing jaman samangke ingkang kados-kados sae lan nengsemaken, ananging sejatosipun jlomprongaken. Sageda gesang ingkang “ajur-ajer” ing masyarakat nanging boten kelu ombyaking donya. Para tiyang pitados kasuwun saged tumindak becik murih saged resik lan boten cacad, ngajengaken dinten rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalih. Menika saged kawujudaken menawi kita saged mbikak manah kita dhateng pakaryanipun Sang Roh Suci ingkang kepareng nuntun, ngemutaken lan madhangi gesang kita. Amin.|*BTO
Rebo, 29 Maret 2023 Minggu Pra Paskah V
Yeremia 32:1-9, 36-41; Jabur 143; Mateus 22:23-33 AJA DUMEH “Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka Punika Gusti Allah kawula! Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin .” (Jabur 143:10) Ana falsafah kuna jawa kang aran “aja dumeh, aja kagetan lan aja gumunan”. Falsafah iku padatan kanggo mejang para putrane saka wong tuwane. Aja dumeh tegese supaya kita anggone urip iku aja nganti kelalen. Dumeh sugih banjur lali lan ngina marang sapepadha kang kacingkrangan. Dumeh pinter banjur mbodhoni marang liyan, dadi kumenthus lan kumalungkung. Ana ing kitab jabur 143 sang juru masmur nyaritakake lan uga mratelakake nalikane uripe ing rikala jaman-jaman kang uwis kelakon. Gusti Allahe dieling-eling lan dirasakake tansah mitulungi lan ngamping-ngampingi ing sauruting uripe ing kahanan susah lan uga ing kahanan bungah. Malah Gusti Allah kagambarake tansah rumaket utawa nganyam ing uripe. Mula nalikane nemahi kasusahan lan karupekan kang gedhe, sang juru masmur tansah kelingan marang Gusti Allahe. Ngaturake pasambate lan uga nyaritakake apa sing dadi karupekane. Sang juru masmur ora lali marang Gustine, uripe ora dumeh. Banjur kepriye uripe awake dhewe nalikane nemahi kahanan kang mangkono? Kasunyatane uripe awake dhewe iku uga kerep nemoni kasusahan uga karupekan ananging kerep sok lali marang Gusti kang akarya jagad beda karo sang juru Masmur. Kita rumangsa bisa mrantasi karupekane, rumangsa bisa lan kumenthus nanging oleh-olehane mung nglaha lan muspra. Kanthi lelandhesan jabur 143 kepriye anggon kita ngadhepi kasusahan lan karupekane urip, supaya oleh pepadhang lan panuntunipun Gusti? Yaiku kanthi nyenyuwun marang Gusti supaya Rohe kang dadi tuking kabecikan iku madhangi lan nuntun lelakone urip. Kanthi panuntune Rohe Gusti kita bakal katuntun marang dalan kang anjog ing kabecikan lan katentreman. Amarga iya mung ana ing Rohe Gusti Allah iku kita bisa uwal saka panandhang kita. Mula payo kanthi panuntune Rohe Gusti, uripe dhewe tansah diener maneh ing Gusti supaya bisa nuwuhake katentreman. Aja Dumeh! Amin. |*BTO
Slasa, 28 Maret 2023 Minggu Pra Paskah V
II Para-raja 4:18-37; Jabur 143; Efesus 2:1-10 SAGED MOVE ON “Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah…” (Efesus 2:10a) Tembung move on ing jaman samangke mestinipun sampun kathah ingkang sami mangertosi. Langkung-langkung para nem-neman ingkang aktif ngginakaken media sosial. Awit viralipun, istilah move on samangke boten namung gadhahanipun para kaneman kemawon, nanging sedaya tiyang kalebet kasepuhan. Wondene jarwanipun inggih punika saged mbangun kahanan enggal lan nilar kahanan ingkang sampun kalampahan ingkang awon; kebak eluh lan pingget. Tembung move on lajeng wradin kasambetaken kaliyan kahanan lelampahaning gesang ing katresnan dhateng kekasihipun. Miturut kamus para nem-neman tembung move on ateges saged uwal saking kahanan sedih amargi pedhot katresnan dhateng ingkang dipun tresnani lajeng sampun bingah malih amargi sampun pikantuk gantosipun. Kanthi pangertosan ingkang prasaja ing nginggil, tembung move on sejatosipun ngemu suraos sae ugi kangge kita. Kita mangertosi bilih gesang kita ingkang lami punika gesang ingkang awon. Gesang ingkang boten nyondhongi kersanipun Gusti, malah damel sekel penggalihipun Gusti. Wonten ing Efesus 2:1–10 kita mangertos bilih kita sejatosipun sampun pejah amargi dosa lan duraka kita. Kita sami ngenut dhateng kadonyan. Gesang ing salebeting hawa nepsu lan mbujeng pikajengipun piyambak. Nanging amargi Gusti Allah punika ageng katresnan lan sih piwelasipun dhateng kita, sampun paring sih rahmat kanthi ngurbanaken kang Putra ontang-anting inggih punika Sang Kristus. Satemah kita saged kagesangaken malih luwar saking dosa lan panerak kita. Lajeng kados pundi gesang kita ingkang sampun kanugrahan kawelasan saking Gusti Allah? Punapa kita sampun saget move on utawi saged nilar gesang lami lan saged manggihi lan mbangun gesang enggal ing Sang Kristus? Sumangga kita sami dene mbudidaya gesang enggal ingkang dados peparingipun Gusti punika kanthi ngudi gesang ingkang sae lan migunani minangka wujuding pangucap sokur kita dhumateng Gusti. Kalawan panuntuning Roh Suci, mugi sedyaning manah mbabar gesang enggal wonten ing Sang Kristus, saged kadumugen. Amin. |*BTO
Senen, 27 Maret 2023 Minggu Pra Paskah V
I Para Raja 17:17-24; Jabur 143; Lelakone Para Rasul 20:7-12 GOOGLE MAP “Kawula mugi Paduka wulang nglampahi karsa Paduka, awit Paduka menika Gusti Allah kawula Roh Paduka ingkang sae mugi nuntuna lampah kawula wonten ing siti ingkang wradin.” (Jabur 143:10) Jaman saiki sapa ta sing ora ngerti jenenge Google Map. Apa maneh bocah nom-noman saiki kang diarani generasi milenial. Sing jenenge Google Map kuwi salah sawijine aplikasi ing piranti handphone kang bisa nuduhake ana ngendi bae papan kang arep kita tuju. Lan uga malah bisa nuduhake ora mung sing arep kita tuju ananging malah bisa uga nuduhake liwat dalan kang apik lan cedhak. Google map uga bisa nuduhake kahanane dalan, rame apa ora. Menawa jaman ndhisik nggoleki alamat angele ora karu-karuan; ndadak nganggo takon-takon nganti makaping-kaping, saiki kari diketik alamate banjur diklik utawa ditutul, awake dhewe wes bisa dituntun dalane tumuju papan kang dikarepake. Ya kaya mangkono iku eloke kemajuane jaman saiki. Ananging saelok-eloke lan sapinter-pintere google map tetep iya isih ana kurange amarga iku iya gaweane manungsa. Ora sethithik sing pada disasarake dalane amarga nyatane dalan satemene beda karo sing ana ing google Map. Ana ing kitab Jabur 143:10, sang juru masmur nyenyuwun marang Gusti kang akarya jagad amarga kahanane uripe nemahi kasusahan kang gedhe. Kasusahan kang njalari dheweke wes ora bisa apa-apa lan ora weruh maneh dalane urip mengarep. Ananging sang juru masmur percaya banget manawa Gusti Allahe iku kang bakal bisa nuntun lan nggandheng marang dalan kang ora bakal nasarake, dalan kang kepenak uga becik. Dalan kang wradin. Pancen mengkono kasunyatane Gusti Allah anggone nresnani marang kita. Anggone mitulungi lan nuntun marang kita kalawan Rohe Gusti Allah. Awit kersane Gusti Allah kuwi supaya para putra-putrane sing lagi nandhang kesusahan lan uga kang lagi nasar ora tumuju ing karusakan nanging bisa oleh pepadhang lan panuntun supaya bisa oleh urip kang becik lan tentrem. Mula payo dipadha tansah nyaket marang Gusti lan uga disetya tuhu kang dadi pranatane. Tansaha mirengake marang dhawuhe Gusti lumantar Roh Suci kang paring panuntun lan pepadhang. Amin. |*BTO
Ahad, 26 Maret 2023 Minggu Pra Paskah V
Yehezkiel 37:1-14; Jabur 130; Rum 8:6-11; Yokanan 11:1-45 WONG MATI ORA OBAH, YEN URIP GOLEKA DUWIT “Lan manawa Rohe kang wus mungokake Gusti Yesus saka ing antarane wong mati iku dedalem ana ing kowe, dadine kang wus mungokake Sang Kristus Yesus saka ing antarane wong mati iku iya bakal nguripake badanmu kang kena ing pati iku, lumantar Sang Roh kang dedalem ana ing kowe.” (Rum 8:11) Jejer ing nginggil punika saperangan alit tembang dolanan para lare-lare alit nalika rikala jaman rumiyen ing tanah jawi, mliginipun tlatah jawi tengah. Mbok bilih ingkang taksih kemutan namung tiyang-tiyang sepuh. Menawi lare-lare jaman samangke sampun awis-awis ingkang mangertosi. Tetembangan menika ngandharaken bilih menawi tiyang sampun pejah raganipun inggih sampun boten saged polah malih. Kosok wangsulipun menawi tiyang menika polah ateges tiyang punika gesang. Lan menawi tiyang punika gesang inggih sampun samestinipun nggadhahi ayahan tanggel jawab kedah nyambut damel pados arta. Sinaosa namung wujud tembang dolanan, sejatosipun ngemu suraos ingkang sae. Suraosipun inggih menika bilih tiyang gesang menika mestinipun kedah nggadhahi gesang ingkang sae, ingkang tanggel jawab dhateng gesangipun kanthi pados pedamelan supados pikantuk arta. Sabdanipun Gusti wonten ing serat Rum 8 ayat 11 nedahaken kadospundi gesang ingkang sae lan tanggel jawab. Gesang ingkang kedah saged bangun miturut dhateng panuntunipun Sang Roh Suci lan boten nguja dhateng kadagingan utawi hawa nepsunipun. Gesang miturut Roh punika pancen boten gampil. Kedah mangertosi bilih tiyang pitados sampun kaparingan gesang ingkang enggal inggih menika gesang wonten ing Sang Kristus. Lan gesang ingkang lami kita sampun ndherek sinalib. Gesang ingkang enggal miturut Roh kedahipun sampun boten malih ngawula dhateng dosa lan kadagingan malih. Gesang ingkang kawengku ing daging menika namung nemahi karisakan lan pejah. Menawi kita gesang miturut Roh namung menggalih perkawis-perkawis ingkang sae saking Roh. Inggih punika ingkang ndhatengaken suasana tentrem rahayu ing pagesangan kita lan brayat. Sumangga kita eneraken gesang kita kanthi mituhu dhateng Gusti. Amin.|*BTO
Setu, 25 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV
Yehezkiel 36:8-15; Jabur 130; Lukas 24:44-53 GAYA BLUSUKAN “Banjur padha dipangandhikani mangkene: “yaiki pituturku kang dak kandhakake marang kowe kabeh, nalika aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.” (Lukas 24:44) Ing wekdal-wekdal samangke kathah para pangarsaning nagari ugi pangembating praja ingkang dumadhakan nggadhahi budaya blusukan. Kita mangertos gaya blusukan menika ingkang wiwitan dipun tindakaken dening bapak Jokowi. Gaya blusukan bapak Jokowi nalika taksih jumeneng minangka walikota ing kitha Solo. Piyambakipun sinaosa dados pangembating praja kang luhur, ananging nggadhahi budaya ingkang sae ingkang boten nate dipun tindakaken dening pangembating praja sanesipun. Kanthi nuweni utawi blusukan ing peken-peken tradisional lan ing panggenan ingkang awon, kumuh lan jember. Panggenan ingkang kangge blusukan inggih punika ingkang asring dipun gambaraken panggenanipun “kawula alit”. Gaya blusukan menika ingkang selajengipun saged ngirid lampahipun lan mbekta bapak Jokowi dados presiden RI ingkang mumpuni. Pramila ing wekdal-wekdal sakpunika ingkang badhe lumebet ing Pilihan presiden 2024, lajeng kathah ingkang sami nuladha gaya blusukanipun bapak Jokowi kanthi pangangkah mbenjang saged unggul ing Pilkada lan Pilpres. Nanging kasunyatanipun asring para calon-calon punika namung lamis mawon. Sambet kaliyan perkawis punika, waosan injil lukas nelakaken bilih Gusti estu-estu nedhahaken katresnan ingkang sejatos lan boten sawetara mangsa. Benten kados politikus-politikus awon ingkang nggadhahi ambisi ing kariripun lan gampil ngginakaken tumindak apus-apus. Mawi janji-janji lan slogan “pro rakyat” supados saged kasil gegayuhanipun. Menawi sampun kasil lajeng gampil nglirwakaken janjinipun. Tebih sanget kaliyan menapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti kita, ingkang sampun nyata katresnanipun. Kanthi ngurbanaken sariranipun kangge nebus kita saking dosa. Gusti Yesus ugi sampun kagungan rancangan ingkang endah kangge gesang kita inggih punika maringaken gesang langgeng ing kratoning swarga dhateng kita ingkang pitados. Amin. |*BTO
Jemuwah, 24 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV
Yehezkiel 33:10-16; Jabur 130; Wahyu 11:15-19 JAGA TANGGA “Nyawaku anggone nganti-anti marang Pangeran ngluwihi pangarep-arepe jaga malem marang wayah esuk, iya wong jaga kang ngarep-arep marang wayah esuk.” (Jabur 130:6) Durung suwe bapak Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo paring dhawuh marang para Camat, Lurah nganti tekan RT. Didhawuhi supaya ngemenake olehe njaga kampung. Dhawuh iku pancen wigati banget, amarga nalika semana lagi mubal-mubale pandemi pagebluk covid 19. Nalika semono pancen mangsa kang nggegirisi. Ora mung akeh lelara nanging uga ora sethithik kang padha pecat nyawane. Kepriye olehe ora giris, amarga meh saben wayah krungu suarane sirene ambulan, lan uga suara loudspeaker saka masjid kang ngumumake wargane ana kang tinggal. Sanyata, pagebluk covid-19 njalari geter lan giris saben wong tanpa wangenan. Ananging puji lan sokur konjuk dhumateng Gusti, sithik mbaka sethithik, pagebluk covid 19 uwis bisa dikendaleni. Kahanan mangkono iku iya amarga jasane bapak Ganjar Pranowo kang bisa diarani kasil olehe ngendaleni pagebluk covid 19 kanthi cara “jaga tangga”. Ana ing kitab Jabur 130, Sang Juru Mazmur olehe nggambarake samangsa ngalami kasusahan kanthi gegambaran kaya wong jaga malem kang ngarepake esuk. Sang Juru Mazmur nganti-anti marang pitulungane Gusti nalikane tinempuh ing kasusahan. Pancen rasane kang padha jaga bengi iya pancen mangkono. Olehe ngantuk, kesel, was sumelang lan petenging wengi nambahi sangsaya was sumelang sakabehe. Mulane sing diarep-arep ya mung anane pepadhang lan petenge wengi enggal lingsir kaganti sumloroting srengenge ing wayah esuk. Mangkono uga awake dhewe kabeh uga ngrasakake kang mangkono nalikane isih nandhang kasusahan. Iya mung siji sing dadi pangarep-arep kita, ora liya iya mung Gusti Yesus kang kwasa mitulungi. Amarga ya mung ana ing Gusti Yesus kang akarya jagad lan kang kagungan uripe manungsa. Mula ora ana liyane allah kang ana kajaba mung Gusti Yesus. Kasusahan; karupekan lan panandhang pancen nempuhi dalane uripe awake dhewe. Nanging payo pandha tatag lan tanggon ngadhepi pagiris kang nempuh. Awit satemene, Gusti Allah mitulungi lan mberkahi. Amin. |*BTO
Kemis, 23 Maret 2023 Minggu Pra Paskah IV
Yehezkiel 1:1-3, 2:8-3:3; Jabur 130; Wahyu 10:1-11 REUNIAN SEKOLAH “Nanging Paduka kagungan pangapunten, supados tiyang sami ajrih asih dhumateng Paduka.” (Jabur 130:4) Mestinipun sampun sami ngraosaken kabingahan mirunggan nalikanipun pepanggihan reuni kaliyan kanca-kanca. Badhea punika kanca SD, SMP, lan SMA ingkang sampun dangu boten nate pinanggih. Bingah saged nekseni kayuwananipun kanca-kanca lan bingah awit saged ngemut-emut malih kenangan mangsa kapengker nalikanipun taksih sami sekolah. Saiba bingahipun ing wekdal reunian, saged kerawuhan bapak lan ibu guru. Kaleresan guru punika ingkang nalika semanten kawentar galakipun lan dipun ajrihi sedaya siswanipun. Nanging nalika pepanggihan reuni sampun benten. Suasana ajrih sampun kagantos kaliyan suasana ingkang mbingahaken lan sampun boten ajrih malih amargi sampun sami nglengganani bilih bapak lan ibu guru menika sampun karaosaken jasanipun ingkang ndadosaken para murid dados tiyang-tiyang ingkang kasil lan migunani. Katresnanipun Gusti dhateng kita punika nglangkungi bapak lan ibu guru anggenipun paring kapinteran. Awit katresnanipun Gusti katresnan ingkang sejatos. Menawi guru namung winates minteraken, Gusti boten namung paring kapinteran kemawon. Berkahipun Gusti ing pegesangan kita boten saged kapetang. Malah-malah ing swasana sedhih lan bingah Gusti tansah sumadya nyaket dhateng kita, lan ugi boten kendhat anggenipun ngamping-ampingi kita. Pramila namung patrap ajrih asih ingkang trep lan sae kaunjukaken dhumateng Gusti. Patrap ajrih asih ingkang boten kemawon kaauturaken dhumateng Gusti nanging ugi katujokaken dhateng sesami. Kados waosan kita dinten menika ing kitab Jabur 130 mliginipun ayat 4, bilih Gusti Allah punika kagungan katresnan lan pangapunten dhateng kita. Kanthi lelandhesan katresnanipun Gusti; ingkang sampun kepareng paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan kita, samesthinipun kita inggih ajrih asih dhumateng Gusti. Napa malih anggenipun ngluwari dosaning manungsa Gusti Allah kongsi masrahaken nyawanipun kangge tetebusan tumrap sedaya tiyang ingkang kumandel ing panjenengane. Amin.|*BTO

