I Para Raja 2:10-12; 3:3- 14; Jabur 111; Efesus 5:15-20; Yokanan 6:51-58 NGGATOSAKEN GESANGIPUN “Marga saka iku padha diawas marang lakumu…” (Efesus 5:15) Kasunyataning gesang ingkang nedahaken kathahipun kasus kekerasan, panganiaya, narkoba, kawin cerai, kumpul kebo, perselingkuhan, ngetingalaken bilih kathah tiyang mboten nggatosaken gesangipun kanthi tumemen kadospundi kedahipun nglampahi gesang punika. Akibatipun gesang ingkang sembrono punika namung nuwuhaken cecongkrahan, tatu, kasedhihan, kuciwa lan raos bersalah tumrap peranganing brayat. Kadospundi pagesanganipun tiyang pitados? Tiyang pitados inggih tiyang ingkang nampi piwulang adi ing salebeting manahipun, inggih punika pangandikanipun Gusti (Yok 5:45). Iman dhateng sang Kristus njalari manungsa punika nampi lan nedha Rotining Gesang inggih punika Kristus, Sang sabda. Soksintena ingkang pitados dhateng Panjenengane tamtu badhe katuwukaken ing donya lan nampeni gesang langgeng (Yok 5:51). Kita tansah mangertos bilih gesanging kapitadosan kita tansah dipun rimati dening Gusti, pramila kita kedah nggatosaken gesang kita kanthi tumemen. Kadospundi prayoginipun nggatosaken gesang kita punika? Miturut Rasul Paulus, kita kedah: (1) gesang ing kawicaksanan. Kados ingkang dipun suwun dening Suleman nalika dados ratu ing Israel, kawicaksanan punika wigati tumraping tiyang pitados supados sageda nggatosaken gesangipun. Wujudipun inggih punika kanthi ngginakaken wekdal punika kanthi prayogi. Kalodhangan ingkang Gusti paringaken dhateng kita punika winates, mila kita kedah ngginakaken kanthi prayogi. (2) gesang miturut kersanipun Gusti. Kersanipun Gusti saged kita lampahi inggih kanthi manah ingkang tinarbuka lan andhap asor. Sinau dhateng Sang Kristus anggenipun nglampahi karsanipun Gusti Allah. (3) gesang ingkang kapenuhan Roh Suci. Ateges kuwagang ngendhaleni dhiri supados mboten kelu kaliyan hawa nepsu lan panggodhaning donya. (4) gesang ingkang kebak ing panuwun sokur tumrap sedaya peparingipun Gusti. Pangandikanipun Gusti punika mugi nganyaraken pikiran lan tumindak kita kagem makarya lan ngluhuraken asmanipun Gusti. |*SAR
Setu, 17 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV
I Para Raja 2:1-11; Jabur 111; I Petrus 2:11-17; Yokanan 4:7-26 NGURMATI PRAJA “Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos kang dhuwur dhewe, iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum wong kang nindakaken piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.” (I Petrus 2:13-14) Wulan Agustus punika wulan ingkang mirunggan tumrapbangsa Indonesia. Ing pengetan Kamardikaning Republik Indonesia kaping 79 tahun punika rakyat Indonesia sami mahargya pangluwaran saking panindhesipun bangsa-bangsa sanes. Kita kaengetaken bilih kita punika sampun mardika, mirungganipun sampun mardika saking panguwaosipun dosa. Sang Kristus piyambak ingkang sampun ngluwari kita saking dosa, temah kita mardika. Pratandhanipun inggih punika bilih kita sedaya ngraosaken tentrem rahayu sinaosa kita aben ajeng kaliyan perkawis pergumulan. Lan rahipun Gusti Yesus ingkang sampun nebus kita punika ingkang nuntun kita supados kuwagang minangka abdining kaleresan. Minangka warga nagari, tiyang pitados kawulang supados nindakaken kuwajiban kanthi sae (ayat 12), taat dhateng pranatan-pranatan lan para pamimpin (ayat 13). Gusti Allah netepaken pamarentah kangge kasaenanipun umat manungsa sarta kaurmatanIpun Gusti, ugi gegayutan kaliyan kadospundi sikepipun warga negari tumrap para pamimpin. Pramila, lumantar waosan dinten punika kita kaengetaken bilih ngurmati lan taat dhateng pamarintah punika kersanipun Gusti dhateng kita. Bilih sasampunipun kamardikakaken, kita sedaya mboten saged ngginakaken kamardikan punika kanthi sewenang-wenang. Sarta selajengipun minangka warga nagari inggih punika kedah nindakaken: ngajeni sedaya tiyang (tiyang ingkang miskin, sugih, bodho, pinter), lan nresnani sedherek-sedherekipun (tiyang Kristen kaiket ing satunggal pasedherekan ingkang pranatanipun saking Gusti, sarta ajrihh asih dhumateng Gusti (tanpa raos punika, mokal kewajiban punika badhe kelampahan). Sumangga kita mbudidaya supados kita saged nindakaken kewajiban kita lan ngluhuraken Gusti minangka warga nagari Indonesia tumuju mangsa ngajeng ingkang sae. Gusti nuntun. |*SAR
Jemuwah, 16 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV
I Raja-raja 1:28-48; Jabur 111; Rum 16:17-20 PEPELING “Nanging padha dak pituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulanyani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono.” (Rum 16:17) Gesang kita minangka tiyang pitados punika tinimbalan supados leladi. Inggih punika leladi dhateng Gusti ingkang ugi maujud leladi dhateng sesami. Supados kita nggadhahi daya gesang kangge leladi tamtu anggen kita leladi punika kabereg dening motivasi. Motivasi punapa ingkang mbereg kita leladi? Punapa motivasi kagem kaluhuranipun gusti utawi namung kangge kaluhuraning manungsa/dhiri pribadi? Nalika Rasul Paulus ing kitha Rum, piyambakipun mirsa bilih wonten piwucal ingkang nyingkur saking sabdanipun Gusti. Pramila Rasul Paulus maringi pepeling supados pasamuwan ing kitha Rum waspada tumrap kelompok utawi golongan ingkang martosaken piwucal ingkang nyimpang, inggih punika piwucal ingkang njalari cecongkrah ing pasamuwan lan panggodha ingkang ngrisak kapitadosanipun pasamuwan. Ingkang leladi namung kangge dhirinipun piyambak, kanthi pangandika-pangandika ingkang lamis lan apus-apus. Pramila rasul paulus ngengetaken supados pasamuwan nebihi tiyang-tiyang punika. Awit kawontenan tiyang-tiyang punika badhe ngaribawani peladosan-peladosan ingkang kita lampahi. Peladosan ingkang kita lampahi sayogyanipun kadhasaran kanthi motivasi ngluhuraken asmanipun Gusti. Kita kedah fokus peladosan dhateng Gusti kanthi setya, tuhu lan sumadya nampi saben proses kanthi sae. Leladi ing ngarsanipun gusti ugi sinarengan sikep purun kerjasama kaliyan pelados sanesipun, purun ndandosi dhiri supados langkung sae, lan nindakaken pakaryan peladosan punika kanthi mbudidaya ingkang paling sae tumrap pakaryan ingkang dipun pitadosaken Gusti dhateng kita. Kita ugi kedah wicaksana kangge mbedakaken ingkang sae utawi ingkang awon, inggih kanthi purun sinau lan nggegilut sabdanipun Gusti. Gusti mberkahi. |*SAR
Kemis, 15 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV
I Para Raja 1:1-30; Jabur 111; Lelakone Para Rasul 6:8-15 PANUWUN SOKUR “Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing prentahe iku padha kena diugemi, salawas-lawase lan ing sateruse kukuh, katindakake kalawan bener lan jujur” (Jabur 111:7-8) Jabur 111 punika isinipun pepujen dhumateng Gusti Allah awit berkah-berkah rohani lan jasmani ingkang sampun dipun tampeni. Panuwun sokur punika mboten namung ing tutuk kemawon, ananging kanthi sikep nampi pakaryanipun Gusti ing gesang kita saha mujudaken ing gesang padintenan. Kasaenanipun Gusti ingkang kita tampeni ing gesang kita kathah sanget, mboten namung babagan tetedhan unjukan,ananging ugi kesarasan, berkah materi, utaminipun sih rahmat kawilujengan saking Gusti Yesus Kristus. Caranipun nyikapi kasaenanipun Gusti inggih punika: setunggal, gesang ing kasucen (ayat 9), dipun wiwiti saking pikiran ingkang positif, selajengipun kebabar ing pitembungan lan tumindak ingkang mbangun. Satemah ingkang ringkih kakiyataken, ingkang sedhih kalipur, ingkang dhawah dados menyat malih. Sinaosa mboten gampil, kita kabereg kangge mujudaken. Ingkang kaping kalih, gesangipun nindakaken kaadilan lan kaleresan (ayat 7). Kaadilan lan kaleresan miturut ukuranipun Gusti Allah, sanes adil lan leres miturut dhiri kita piyambak. Menawi kita nindakaken punika tumrap sesami, mila Gusti ugi badhe nedahaken kaadilan lan kaleresanIpun ing gesang kita. Kaping tiga, gesang ingkang dados berkah tumrap tiyang sanes, kadosdene Gusti sampun mberkahi kita (ayat 5). Tegesipun nggadhahi manah ingkang purun mbagekaken darbekipun, sae punika bandha, kasagedan, ilmu, tenaga lan gagasan kita tumrap tiyang sanes. Tetiga wujud panuwun sokur punika dados kaparengipun Gusti. Pramila kita kabereg kangge nindakaken ing gesang padintenan, dhateng sinten kemawon lan ing pundi papan kita. Sumangga kita lampahi punika ngantos dados pakulinan ingkang sae. Panuwun sokur mboten namung awujud ngidungaken kekidungan, tigang prakawis wau saged kita tambahaken ing pagesangan kita minangka bukti panuwun sokur kita dhateng Gusti. |*SAR
“Ketika menjawab yadengan sepenuh hati…”
Retreat Majelis GKJ Salatiga sukses banget! ️ Selama dua hari Tgl 9 – 10 Agustus di Wisma Abdi Kristus Ungaran, Tema “Misungsungaken Gesang Kagem Gusti” benar-benar menginspirasi. Terutama sesi bersama Pdt. Anugerah Kristian Sekretaris Bapelsin XXIX yang membahas tentang menjawab panggilan pelayanan dengan sepenuh hati. Semangat terus untuk seluruh anggota majelis!
Rebo, 14 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV
II Samuel 19:1-18; Jabur 57; Yokanan 6:35-40 NGAYOM ING GUSTI “… Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi, awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula; kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi paduka, ngantos bebaya punika sampun mengker.” (Jabur 57:1-2) Miturut ahli sejarah, manungsa purba gesangipun ing guwa. Nanging, nalika jaman sansaya ngrembaka, guwa tamtu sanes panggenan ingkang sae lan pantes kangge manungsa. Mekaten ugi ing jamanipun Dawud. Guwa ing Israel umumipun guwa ing redi kapur. Ing jaman samanten, guwa identik kaliyan panggenan kangge ndhelik. Kangge ndhelikaken bandha, ndhelik saking mengsah, ndhelikaken barang ingkang aji (saperangan manuskrip kuno dipun panggihaken ing guwa) ngantos ndhelikaken dhiri saking mengsah. Gesang ing guwa kala semanten raosipun tamtu mboten sakeca. Ananging, punapa ingkang dipun lampahi dawud? Piyambakipun memuji Allah. Jabur 57 kasebat Mazmur Guwa awit dipun serat Dawud nalika kepeksa gesang ing guwa. Ing Jabur punika, kita saged ningali kadospundi Dawud mboten fokus kaliyan kawontenan ingkang dipun alami, ananging ngarahaken manahipun dhateng Gusti Allah. Piyambakipun mboten mlajar nebihi saking kawontenanipun nanging malah ngluhuraken asmanipun Gusti (ay 6, 12). Jabur punika kaserat ing mangsa sangsara, nanging saking Jabur punika kita pikantuk kekiyatan lan pengajeng-ajeng. Sampun ngantos prakawis, tantangan lan kasangsaran punika njalari kita mandheg kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan ngaturaken panuwun sokur. Dawud ngakeni karingkihanipun, ananging mboten semplah. Kosokwangsulipun malah masrahaken gesangipun dhumateng Gusti kados anak peksi ingkang ngayom ing sangandhaping swiwi indukipun (ayat 2). Tekadipun Dawud kangge tetep ngaturaken panuwun sokur punika dados tuladha tumrap kita. Sanadyan sangsara kawontenan kita, Gusti tetep tresna dhateng kita. Lan Panjenengane mesthi badhe paring kekiyatan tumrap saben tiyang ingkang nggadhahi pengajeng-ajeng dhateng Gusti.|*SAR
PENAHBISAN DAN PENGUTUSAN SDR. DANANG KURNIAWAN
SEBAGAI PENDETA PELAYANAN KHUSUS SINODE GKJ KE SOLO TECH UNIVERSITY Minggu, 11 Agustus 2024, menjadi hari yang penting dalam kehidupan Sdr. Danang Kurniawan, M.A.R.S dan Universitas Kristen Teknologi Solo (UKTS, sering juga disebut Solotech University) khususnya, dan Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa pada umumnya. Dalam ibadah jemaat yang dimulai pk. 09.00 WIB. di GKJ Bekasi, Mas Danang (begitu ia akrab dipanggil) menerima tahbisan dan pengutusan sebagai Pendeta Pelayanan Khusus (PPK) Sinode GKJ untuk UKTS. Ibadah itu sendiri dilayani oleh empat orang pendeta GKJ Bekasi, masing-masing Bp. Pdt. Octavianus Heri Prasetyo Nugroho, Ibu Kartini Astuti, Ibu Pdt. Temmy Setiowati, dan Bp. Pdt. Em. Kol Purn. Harold. Sedang Bp. Pdt. Suwandi Martoutomo, hadir secara virtual dari Bantul, Yogyakarta. Dalam khotbah sulungnya, Mas Danang lebih menegaskan kembali tekadnya mengakhiri jalan hidup lama, dan menyerahkan diri pada tuntunan tangan Tuhan yang mengarahkannya memasuki kehidupan yang baru. Tergambar dalam khotbah yang didasarkan pada teks kitab Wahyu 21 : 5 – 7 dan diberinya tema “Pada Akhirnya adalah Permulaan” (terinspirasi dari buku Jurgen Moltmann, In the End-the Beginning), Mas Danang menegaskan bahwa di dalam Allah, tidak perlu kita berpikir mengenai akhir dunia. Yang perlu kita yakini justru sebuah spiritualitas baru, bahwa kita hidup dalam karya pembaruan Allah yang telah, sedang, dan akan terus dikerjakan-Nya. Dengan menghayati karya pembaruan yang terus menerus inilah, kita akan dimampukan hidup dalam pengaharapan kepada-Nya sekalipun harus melewati suka dan duka, tangis dan tawa. Untuk lebih menegaskan pesan kitab Wahyu dan relevansinya bagi kehidupan umat sekarang, Mas Danang bukan saja mengambil ilustrasi mengenai pengalaman Moltmann, para comedian seperti Kang Didi, Gus Dur, dan Charlie Chaplin, serta Joseph Ratzinger (Paus Benediktus XVI) dan Jorge Borgoglio (Paus Fransiskus), tetapi juga melalui refleksi akan pengalaman hidupnya sendiri. Konon, ia pertama kali datang di kota besar Bekasi, sebagai pengamen yang menyanyi dari satu bus ke bus lain. Pola hidupnya, amat jorok. Tetapi Tuhan telah menangkap dengan cinta kasih-Nya, dan memakai berbagai pengalaman hidupnya untuk terus membentuknya. Nyssa Janice, yang kemudian menjadi istrinya, adalah salah seorang yang sangat berperan dalam “merapikan” hidupnya. Ia bagaikan malaikat yang diutus Tuhan untuk meneruskan peran orangtua yang ditinggalkan di kota kecil asalnya, guna mendampingi Mas Danang di tengah hiruk-pikuk kehidupan kota besar. Kini mereka telah dikaruniai dua orang anak, Hersri Nala Kantiana dan La Renea Kandrayati. Dan bukan Janice saja. Cinta kasih Tuhan juga dikaruniakan melalui rekan-rekan pemuda dan jemaat GKJ Bekasi, sebuah komunitas yang terus memberikan kehangatan di tengah perjuangan hidupnya. Bila dihitung, sudah sekitar 22 tahun lamanya Mas Danang mengalami pembaruan demi pembaruan oleh Tuhan, dalam pergumulan bersama jemaat GKJ Bekasi. Secara akademis, proses pembaruan diri Mas Danang itu juga dialaminya melalui pendidikan akademik di STMIK Bina Insani (Juni 2005 – Mei 2008), STFT Jakarta (Agustus 2009 – Juni 2014) dan kelas-kelas intensif di STF Driyarkara, Hartford Seminary (September 2016 – Mei 2017 dan Mei 2017 – Mei 2019) dan kelas-kelas di Boston University dan Harvard Divinity School. Pun demikian dengan berbagai pengalaman karya dalam ragam bidang yang pernah ditanganinya. Semua pengalaman itu meyakinkannya untuk terus maju, tanpa rasa takut dan gentar, sebab dalam setiap akhir periode kehidupan, tersedia lembaran baru yang harus dijelajahi. Dan Allah memanggil setiap kita bukan untuk mengakhiri, tetapi untuk terus memulai kebaruan dalam kesetiaan. Kini, Mas Danang bertoga hitam sebagai PPK UKTS. Toganya yang berat itu, akan terus mengingatkannya pada tugas seorang hamba yang memang tidak ringan. Sedang warna hitamnya, menggambarkan jalan sunyi dalam karya kegembalaannya. Pada jalan sunyi itu, ia harus lebih banyak bercakap dengan Tuhan, yang seringkali lebih banyak hadir dalam diam. Kiranya kehangatan civitas akademika UKTS, yang dalam ibadah itu diwakili kehadirannya oleh Dewan Pembina, Pengurus Yayasan, dan Rektor, akan menjadi komunitas yang saling membarui, hingga seperti ungkapan Paus Fransiskus yang dikutip oleh Mas Danang, karya bersama mereka akan dijalani dengan semangat, “Jika ada air mata yang mengalir, kita semua wajib menjadikannya air mata kebahagiaan”. Bekasi, 11 Agustus 2024
Slasa, 13 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV
II Samuel 18:19-33; Jabur 57; II Petrus 3:14-18 PENGGALIHE BAPA “Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom! Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom, anakku, anakku!” (II Samuel 18:33) Muwun awit tilaripun tiyang ingkang nandukaken kasaenan tumrap kita punika perkawis ingkang limrah. Ananging kadospundi menawi muwun awit tilaripun mengsah ingkang sampun tumindak awon tumrap kita? Bab punika tamtu langka, sabab limrahipun tiyang badhe sukarena menawi mengsahipun pejah utawi kalah. Dawud mboten mekaten. Nalika mireng warta bab sedanipun Saul, tiyang ingkang tansah mburu Daud kapurih mejahi, Daud mboten sukarena ananing manahipun sedhih. Dawud ngantos nyuwek agemanipun, muwun lan siyam ngantos surup (2 Sam 1:11-12). Samangke, mireng warta pejahipun Absalom, Dawud ugi muwun sanget. Awit kasedhihan ingkang sanget punika ngantos-ngantos rila menawi kedah seda nggantosaken pejahipun Absalom (2 Sam, 18:33). Penggalihipun Dawud pancen alus sanget. Bab punika mboten saged dipun selaki, awit anak tetep anak. Absalom ingkang duraka datheng ramanipun, kados pundia tetep putranipun Dawud. Punika ingkang njalari Dawud muwun sanget lan rumaos kecalan sanget. Punika penggalihipun bapa ingkang tresna dhateng putranipun. Saking cariyos punika, sumangga kita menggalih bilih tanpa kita rumaosi, kita asring tumindak kados Absalom. Kita mbalela dhateng kersanipun Gusti. Kita mboten nggatosaken pangandikanipun Gusti, malah wantun nglawan tumrap kersanipun Gusti. Punika damel sedhihing penggalihipun Rama ing swarga mirsani putra-putranipun mbalela lan milih margi ing gesangipun piyambak. Kados bapa ingkang nelangsani anak ragilipun ingkang nilaraken brayatipun wonten ing pasemon anak ilang. Sinaosa sedhih ananging tansah ngajeng-ajeng anak punika wangsul lan kapulihaken (Luk. 15). Menawi kita samangke kados “Absalom kang ical”, sumangga kita enget Rama ing swarga ingkang ngantu-antu kita wangsul dhateng Panjenengane lan kapulihaken. Amin. |*SAR
Senen, 12 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV
II Samuel 15:13-31; Jabur 57; Efesus 5:1-14 GESANG MINANGKA PUTRA-PUTRANING PEPADHANG “Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang, marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran” (Efesus 5:8-9) Ngewahi pakulinan punika mboten gampil. Punapa malih menawi pakulinan punika sampun dangu kita lampahi, sampun dados bageyaning gesang kita. Contonipun, saben dinten kulina ngopi langkung saking 2 cangkir, lajeng kenging hipertensi, dokter paring saran supados mboten ngunjuk kopi. Tamtu mboten gampil. Kita rumaos wonten ingkang kirang ing dinten-dinten ingkang kita lampahi awit mboten ngopi. Sanadyan kita sadhar bilih ngewahi pakulinan punika wigati kangge kesehatan kita. Tiyang-tiyang Yahudi ingkang pitados dhumateng Sang Kristus ing kitha Efesus ugi ngadhepi perkawis ngewahi pakulinan gesang lami. Gesang lami ingkang kagambaraken dening Rasul Paulus inggih punika: laku jina, pangucap ala (saru-saru, sembrono, apus-apus, lan nyembah brahala). Malah kanthi tegas Rasul Paulus ngendika supados mboten sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang punika (ayat 7). Mboten ateges Rasul Paulus mrentahaken supados nebihi sedaya tiyang, ananging njagi jarak utawi ngatos atos tumrap tiyang-tiyang ingkang taksih nggesangi pagesangan lami. Tiyang pitados samangke dados “putra-putraning pepadhang” ( ayat 8). Minangka putra-putraning pepadhang ateges gesang kita mbekta pepadhanging Sang Kristus ing salebeting gesang kita, lan cara gesang kita inggih ing salebeting pepadhang, ingkang mawujud nyata lumantar pamikiran, pitembungan lan tumindak kita ing kapitadosan, pengajeng-ajeng lan katresnan. Gesang kita ngedalaken woh kabecikan, kaleresan lan kaadilan tumrap jagad. Kita ampun kuwatir lan ajrih ngewahi pakulinan ing gesang, menawi pakulinan ingkang lami punika njalari mboten sae tumrap gesang kita awit ewah ewahan punika dhatengaken kasaenan lan jumbuh kaliyan kersanipun Gusti. Kita sageda ngaturaken panuwun sokur awit taksih dipunparingi wekdal kangge ngewahi gesang kita supados dados langkung sae. |*SAR
HARI REMAJA-pemuda EKUMENIS INTERNASIONAL 2024
Kata PengantarDewan Gereja-gereja Sedunia (World Council of Churches/WCC) merayakan Hari Remaja-Pemuda Ekumenis Dunia 2024 (International Youth Day/IYD) dengan tema “Young People and Their Voices from the Warzone” (Anak Muda dan Suara Mereka dari Daerah Konflik).Tema ini sama seperti tema IYD-2023, yang menunjukkan bahwa masalah yang dihadapi orang muda di zona konflik dan perang masih relevan dan membutuhkan perhatian berkelanjutan. Tujuan dari tema tersebut adalah agar gereja-gereja di dunia dapat mengingat serta mendoakan para anak muda, terkhusus bagi mereka yang sedang di tengah konflik dan peperangan. Persekutuan Gereja-gereja di Indonesia (PGI) melalui Biro Pemuda dan Remaja merumuskan tema yang disesuaikan dengan konteks Indonesia, yaitu “Orang Muda Bergerak, Orang Muda Berdampak”. Melalui tema ini, orang-orang muda diajak untuk semakin menyadari bahwa ada banyak orang di sekitar yang mungkin membutuhkan kehadiran dan keberadaan mereka. Teman-teman muda diharapkan menjadi lebih peka serta terdorong untuk bergerak dalam aksi dan berdampak bagi orang-orang di sekitarnya. Untuk menuju hal tersebut, ada beberapa hal yang perlu diperhatikan sebagai berikut:Nyanyian jemaat yang digunakan dalam ibadah merupakan nyanyian yang ada dalam KidungKeesaan. Pelayan ibadah dapat menggantinya dengan syair sesuai dengan konteks jemaat masing-masingdan pesan tema pada hari ini. Pada Kata Pembuka, Pelayan Firman maupun pemimpin liturgi memperkenalkan Hari RemajaPemuda Ekumenis Internasional dan tujuan Dewan Gereja-gereja Sedunia memperingatinya. Dalam menyasar tema, dapat dibacakan kisah-kisah perjuangan para orang muda Indonesia yang memperjuangkan spirit pelayanan maupun perdamaian di tengah perpecahan dan konflik. Kisahkisah dapat dilihat dalam lampiran. Dimungkinkan juga untuk memberi ruang kesaksian bagi umat atau kisah pengupayaan perdamaian dalam konteks lingkungan jemaat masing-masing. Tujuan dari hal ini adalah membangun kesadar-tahuan tentang mewujudkan perdamaian dalam kondisi masa kini. Diharapkan Khotbah menyasar pada rasa inisiatif untuk peka, bergerak, dan berdampak bagi orangorang di sekitarnya. Pada bagian Doa Syafaat, Pelayan Firman maupun pemimpin ibadah mendoakan untuk perdamaian, seperti: perdamaian dunia, masa depan anak muda yang sedang berada di daerah konflik, dan lain sebagainya Klik Disini Untuk Mengunduh : Surat Pengantar Tata Ibadah



