+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 18 Agustus 2024 Minggu Limrah XV

I Para Raja 2:10-12; 3:3- 14; Jabur 111; Efesus 5:15-20; Yokanan 6:51-58

NGGATOSAKEN GESANGIPUN

“Marga saka iku padha diawas marang lakumu…”

(Efesus 5:15)

Kasunyataning gesang ingkang nedahaken kathahipun kasus kekerasan, panganiaya, narkoba, kawin cerai, kumpul kebo, perselingkuhan, ngetingalaken bilih kathah tiyang mboten nggatosaken gesangipun kanthi tumemen kadospundi kedahipun nglampahi gesang punika. Akibatipun gesang ingkang sembrono punika namung nuwuhaken cecongkrahan, tatu, kasedhihan, kuciwa lan raos bersalah tumrap peranganing brayat. Kadospundi pagesanganipun tiyang pitados? Tiyang pitados inggih tiyang ingkang nampi piwulang adi ing salebeting manahipun, inggih punika pangandikanipun Gusti (Yok 5:45). Iman dhateng sang Kristus njalari manungsa punika nampi lan nedha Rotining Gesang inggih punika Kristus, Sang sabda. Soksintena ingkang pitados dhateng Panjenengane tamtu badhe katuwukaken ing donya lan nampeni gesang langgeng (Yok 5:51).  Kita tansah mangertos bilih gesanging kapitadosan kita tansah dipun rimati dening Gusti, pramila kita kedah nggatosaken gesang kita kanthi tumemen. Kadospundi prayoginipun nggatosaken gesang kita punika?

Miturut Rasul Paulus, kita kedah: (1) gesang ing kawicaksanan. Kados ingkang dipun suwun dening Suleman nalika dados ratu ing Israel, kawicaksanan punika wigati tumraping tiyang pitados supados sageda nggatosaken gesangipun. Wujudipun inggih punika kanthi ngginakaken wekdal punika kanthi prayogi. Kalodhangan ingkang Gusti paringaken dhateng kita punika winates, mila kita kedah ngginakaken kanthi prayogi. (2) gesang miturut kersanipun Gusti. Kersanipun Gusti saged kita lampahi inggih kanthi manah ingkang tinarbuka lan andhap asor. Sinau dhateng Sang Kristus anggenipun nglampahi karsanipun Gusti Allah. (3) gesang ingkang kapenuhan Roh Suci. Ateges kuwagang ngendhaleni dhiri supados mboten kelu kaliyan hawa nepsu lan panggodhaning donya. (4) gesang ingkang kebak ing panuwun sokur tumrap sedaya peparingipun Gusti. Pangandikanipun Gusti punika mugi nganyaraken pikiran lan tumindak kita kagem makarya lan ngluhuraken asmanipun Gusti. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *