I Para Raja 2:1-11; Jabur 111; I Petrus 2:11-17; Yokanan 4:7-26
NGURMATI PRAJA
“Kang iku padha sumuyuda, marang sadhengah yeyasaning manungsa
marga saka Gusti Allah, dadia marang raja kang kagungan panguwaos
kang dhuwur dhewe, iya marang para wakile kang kadhawuhan ngukum
wong kang nindakaken piala sarta ngalembana wong kang gawe becik.”
(I Petrus 2:13-14)
Wulan Agustus punika wulan ingkang mirunggan tumrapbangsa Indonesia. Ing pengetan Kamardikaning Republik Indonesia kaping 79 tahun punika rakyat Indonesia sami mahargya pangluwaran saking panindhesipun bangsa-bangsa sanes. Kita kaengetaken bilih kita punika sampun mardika, mirungganipun sampun mardika saking panguwaosipun dosa. Sang Kristus piyambak ingkang sampun ngluwari kita saking dosa, temah kita mardika. Pratandhanipun inggih punika bilih kita sedaya ngraosaken tentrem rahayu sinaosa kita aben ajeng kaliyan perkawis pergumulan. Lan rahipun Gusti Yesus ingkang sampun nebus kita punika ingkang nuntun kita supados kuwagang minangka abdining kaleresan.
Minangka warga nagari, tiyang pitados kawulang supados nindakaken kuwajiban kanthi sae (ayat 12), taat dhateng pranatan-pranatan lan para pamimpin (ayat 13). Gusti Allah netepaken pamarentah kangge kasaenanipun umat manungsa sarta kaurmatanIpun Gusti, ugi gegayutan kaliyan kadospundi sikepipun warga negari tumrap para pamimpin.
Pramila, lumantar waosan dinten punika kita kaengetaken bilih ngurmati lan taat dhateng pamarintah punika kersanipun Gusti dhateng kita. Bilih sasampunipun kamardikakaken, kita sedaya mboten saged ngginakaken kamardikan punika kanthi sewenang-wenang. Sarta selajengipun minangka warga nagari inggih punika kedah nindakaken: ngajeni sedaya tiyang (tiyang ingkang miskin, sugih, bodho, pinter), lan nresnani sedherek-sedherekipun (tiyang Kristen kaiket ing satunggal pasedherekan ingkang pranatanipun saking Gusti, sarta ajrihh asih dhumateng Gusti (tanpa raos punika, mokal kewajiban punika badhe kelampahan). Sumangga kita mbudidaya supados kita saged nindakaken kewajiban kita lan ngluhuraken Gusti minangka warga nagari Indonesia tumuju mangsa ngajeng ingkang sae. Gusti nuntun. |*SAR