II Samuel 18:19-33; Jabur 57; II Petrus 3:14-18
PENGGALIHE BAPA
“Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang
lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom!
Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom,
anakku, anakku!” (II Samuel 18:33)
Muwun awit tilaripun tiyang ingkang nandukaken kasaenan tumrap kita punika perkawis ingkang limrah. Ananging kadospundi menawi muwun awit tilaripun mengsah ingkang sampun tumindak awon tumrap kita? Bab punika tamtu langka, sabab limrahipun tiyang badhe sukarena menawi mengsahipun pejah utawi kalah. Dawud mboten mekaten. Nalika mireng warta bab sedanipun Saul, tiyang ingkang tansah mburu Daud kapurih mejahi, Daud mboten sukarena ananing manahipun sedhih. Dawud ngantos nyuwek agemanipun, muwun lan siyam ngantos surup (2 Sam 1:11-12). Samangke, mireng warta pejahipun Absalom, Dawud ugi muwun sanget. Awit kasedhihan ingkang sanget punika ngantos-ngantos rila menawi kedah seda nggantosaken pejahipun Absalom (2 Sam, 18:33).
Penggalihipun Dawud pancen alus sanget. Bab punika mboten saged dipun selaki, awit anak tetep anak. Absalom ingkang duraka datheng ramanipun, kados pundia tetep putranipun Dawud. Punika ingkang njalari Dawud muwun sanget lan rumaos kecalan sanget. Punika penggalihipun bapa ingkang tresna dhateng putranipun.
Saking cariyos punika, sumangga kita menggalih bilih tanpa kita rumaosi, kita asring tumindak kados Absalom. Kita mbalela dhateng kersanipun Gusti. Kita mboten nggatosaken pangandikanipun Gusti, malah wantun nglawan tumrap kersanipun Gusti. Punika damel sedhihing penggalihipun Rama ing swarga mirsani putra-putranipun mbalela lan milih margi ing gesangipun piyambak. Kados bapa ingkang nelangsani anak ragilipun ingkang nilaraken brayatipun wonten ing pasemon anak ilang. Sinaosa sedhih ananging tansah ngajeng-ajeng anak punika wangsul lan kapulihaken (Luk. 15). Menawi kita samangke kados “Absalom kang ical”, sumangga kita enget Rama ing swarga ingkang ngantu-antu kita wangsul dhateng Panjenengane lan kapulihaken. Amin. |*SAR