+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

  Senen, 12 Agustus 2024 Minggu Limrah XIV

II Samuel 15:13-31; Jabur 57; Efesus 5:1-14

GESANG MINANGKA PUTRA-PUTRANING PEPADHANG

“Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang, marga wohing pepadhang iku mung sarupaning

kabecikan lan kaadilan lan kabeneran” (Efesus 5:8-9)

Ngewahi pakulinan punika mboten gampil. Punapa malih menawi pakulinan punika sampun dangu kita lampahi, sampun dados bageyaning gesang kita. Contonipun, saben dinten kulina ngopi langkung saking 2 cangkir, lajeng kenging hipertensi, dokter paring saran supados mboten ngunjuk kopi. Tamtu mboten gampil. Kita rumaos wonten ingkang kirang ing dinten-dinten ingkang kita lampahi awit mboten ngopi. Sanadyan kita sadhar bilih ngewahi pakulinan punika wigati kangge kesehatan kita.

Tiyang-tiyang Yahudi ingkang pitados dhumateng Sang Kristus ing kitha Efesus ugi ngadhepi perkawis ngewahi pakulinan gesang lami. Gesang lami ingkang kagambaraken dening Rasul Paulus inggih punika: laku jina, pangucap ala (saru-saru, sembrono, apus-apus, lan nyembah brahala). Malah kanthi tegas Rasul Paulus ngendika supados mboten sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang punika (ayat 7). Mboten ateges Rasul Paulus mrentahaken supados nebihi sedaya tiyang, ananging njagi jarak utawi ngatos atos  tumrap tiyang-tiyang ingkang taksih nggesangi pagesangan lami. Tiyang pitados samangke dados “putra-putraning pepadhang” ( ayat 8).  Minangka putra-putraning pepadhang ateges gesang kita mbekta pepadhanging Sang Kristus ing salebeting gesang kita, lan cara gesang kita inggih ing salebeting pepadhang, ingkang mawujud nyata lumantar pamikiran, pitembungan lan tumindak kita  ing kapitadosan, pengajeng-ajeng lan katresnan. Gesang kita ngedalaken woh kabecikan,  kaleresan lan kaadilan tumrap jagad.

Kita ampun kuwatir lan ajrih ngewahi pakulinan ing gesang, menawi pakulinan ingkang lami punika njalari mboten sae tumrap gesang kita awit ewah ewahan punika dhatengaken kasaenan lan jumbuh kaliyan kersanipun Gusti. Kita sageda ngaturaken panuwun sokur awit taksih dipunparingi wekdal kangge ngewahi gesang kita supados dados langkung sae. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *