II Samuel 19:1-18; Jabur 57; Yokanan 6:35-40
NGAYOM ING GUSTI
“… Kawula mugi Paduka welasi, dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi,
awit namung Paduka ingkang dados pangaubaning nyawa kawula;
kawula ngayom wonten ing sangandhaping swiwi paduka,
ngantos bebaya punika sampun mengker.” (Jabur 57:1-2)
Miturut ahli sejarah, manungsa purba gesangipun ing guwa. Nanging, nalika jaman sansaya ngrembaka, guwa tamtu sanes panggenan ingkang sae lan pantes kangge manungsa. Mekaten ugi ing jamanipun Dawud. Guwa ing Israel umumipun guwa ing redi kapur. Ing jaman samanten, guwa identik kaliyan panggenan kangge ndhelik. Kangge ndhelikaken bandha, ndhelik saking mengsah, ndhelikaken barang ingkang aji (saperangan manuskrip kuno dipun panggihaken ing guwa) ngantos ndhelikaken dhiri saking mengsah.
Gesang ing guwa kala semanten raosipun tamtu mboten sakeca. Ananging, punapa ingkang dipun lampahi dawud? Piyambakipun memuji Allah. Jabur 57 kasebat Mazmur Guwa awit dipun serat Dawud nalika kepeksa gesang ing guwa. Ing Jabur punika, kita saged ningali kadospundi Dawud mboten fokus kaliyan kawontenan ingkang dipun alami, ananging ngarahaken manahipun dhateng Gusti Allah. Piyambakipun mboten mlajar nebihi saking kawontenanipun nanging malah ngluhuraken asmanipun Gusti (ay 6, 12).
Jabur punika kaserat ing mangsa sangsara, nanging saking Jabur punika kita pikantuk kekiyatan lan pengajeng-ajeng. Sampun ngantos prakawis, tantangan lan kasangsaran punika njalari kita mandheg kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan ngaturaken panuwun sokur. Dawud ngakeni karingkihanipun, ananging mboten semplah. Kosokwangsulipun malah masrahaken gesangipun dhumateng Gusti kados anak peksi ingkang ngayom ing sangandhaping swiwi indukipun (ayat 2). Tekadipun Dawud kangge tetep ngaturaken panuwun sokur punika dados tuladha tumrap kita. Sanadyan sangsara kawontenan kita, Gusti tetep tresna dhateng kita. Lan Panjenengane mesthi badhe paring kekiyatan tumrap saben tiyang ingkang nggadhahi pengajeng-ajeng dhateng Gusti.|*SAR