I Para Raja 5:13-18; Jabur 11; Efesus 5:21-6:9 PEPAKEN SATUNGGAL PAKET “Dadi tumraping kowe: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhewe, dene para wong wadon padha ngajenana marang kang lanang” (Efesus 5:33) Nalika kita pesen tetedhan ing rumah makan fast food, kita saged milih tetedhan setunggal-setunggal utawi milih menu paket. Menawi milih menu paket kita badhe pikantuk menu ingkang sampun komplit. Ananging kita mboten saged milih-milih isinipun. Remen punapa mboten, kita kedah nampi. Bebrayatan punika dados satunggal daging, kados pangandikanipun Gusti, “Marga saka iku wong lanang kapesthi ninggal bapa lan biyunge lan rumaket marang bojone, temahan sakarone iku dadi daging siji” (ayat 31). Punika saged kawastanan bilih bebrayatan (menikah) umpami setunggal paket ingkang mboten saged kapisah. Kadospundi bebrayatan satunggal paket punika saged lumampah kanthi harmonis? Saben pasangan kedah nindakaken pangandikanipun Gusti ingkang ugi kasebat setunggal paket ingkang mboten saged kapisah. Paket punika ngemu kalih pepaken, tiyang kakung kedah nresnani pasanganipun, mekaten ugi ingkang estri kedah ngurmati semahipun (ayat 33). Menawi pepaken punika namung katindakaken satunggal pihak kemawon, mila neningkahan punika badhe manggihi masalah. Tiyang kakung mboten saged nuntut istri kangge tundhuk ngurmati, menawi mboten nresnani istri, ugi sewalikipun istri mboten saged nuntut suami nresnani menawi piyambakipun mboten sumedya ngurmati. Dipun betahaken kesadharan sesarengan kangge nindakaken pepaken punika. Dados mboten pareng wonten prinsip suami: “kula saged nresnani, menawi istri ngurmati riyin”, utawi prinsip istri: “kula badhe tundhuk dhateng suami menawi nresnani kula riyin.” Setunggal lan setunggalipun kedah miwiti langkung rumiyin, supados neningkahan punika harmonis tetep kajagi. Sesambetan ing neningkahan (suami-istri) punika endah, kados dene sesambetanipun Sang Kristus lan pasamuwan. Mugi neningkahan panjenengan tansah binerkahan. |*SAR
Ahad, 25 Agustus 2024 Minggu Limrah XVI
I Pr. Raja 8:(1-11), 22-30, 41-43; Jabur 84; Efesus 6:10-20; Yokanan 6:56-69 MILIH INGKANG PRAYOGI “Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah“ (Yokanan 6:69) Ing gesang punika, kita aben-ajeng kaliyan pilihan kathah. Kadhangkala kita mboten saged milih, lan tiyang sanes ingkang milihaken tumrap kita. Ing Yokanan 6:56-69 punika, Gusti Yesus maringaken pilihan-pilihan tumrap tiyang pitados. (1) milih pitados dhumateng Gusti. Ayat 56 nedahaken: wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku. Milih pitados dhateng Gusti lan gesang ing Panjenengane punika dhasar iman kita. Pancen Gusti piyambak ingkang milih kita, ananging menawi kita pitados dhumateng Gusti ateges kita nanggapi pilihanipun Gusti. (2) milih dhateng kersanipun Allah (ayat 63). Awit pangandikanipun Gusti Yesus punika roh lan gesang. Pramila kita kedah nggadhahi tekad ingkang kiyat supados kita saged mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti ing gesang kita. (3) milih supados panguwaos lan karsanipun Gusti kelampahan ing gesang kita. Kita kedah nyuwun Sang Roh Suci makarya paring pangertosan dhateng kita. Ugi masrahaken dhateng Gusti supados kersanipun ingkang nglangkungi pamikiran, pangertosan kita punika ingkang kelampahan lan njalari sansaya mindhak iman kapitadosan kita. Saking waosan punika kita kabereg supados nggadhahi tekad kangge bertahan (survive) ing satengahing paprangan rohani. Supados kita menang, kita kedah ngginakaken senjata rohani (Ef 6:10-20). Prinsip ingkang saged kita tindakaken inggih punika kanthi sumendhe dhumateng Gusti “padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti lan ing kasektening panguwasane” Gusti Allah piyambak ingkang paring kekiyatan tumrap tiyang pitados ingkang gesangipun tansah nunggil kaliyan Panjenengane. Lan mbudidaya tuwuhing gesang karohanen ingkang sehat kanthi disiplin rohani ingkang sae (saat teduh, ndedonga, maos kitab suci, PA, lan sapanunggilanipun). |*SAR
Setu, 24 Agustus 2024 Minggu Limrah XV
I Para Raja 5:1-12; Jabur 84; Lukas 11:5-13 MBOTEN KENDHAT NDEDONGA “Mulane Aku pitutur marang kowe: Nyenyuwuna, temah bakal kaparingan, padha ngupayaa, temah bakal oleh, padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan” (Lukas 11:9) Ing pagesangan kita asring aben ajeng kaliyan maneka warni pambengan lan kabetahan. Kangge ngadhepi punika, kita mboten saged piyambak. Kita mbetahaken pitulungan sanak sedherek, brayat lan mitra. Ananging tamtu kemawon pitulungan punika winates ing wekdal, papan ugi kekiyatanipun. Awit kawontenan ingkang winates punika lajeng saged tuwuh raos kuciwa. Ing waosan Injil Lukas 11:5-13 punika kita nyinau kadospundi pitulunganipun Gusti ingkang tanpa winates. Kanthi pasemon satunggaling mitra ingkang nyuwun pitulunganipun mitranipun awit kawontenan ingkang ngangseg. Tiyang punika boten kedel anggenipun nyenyuwun ngantos mitranipun punika nyembadani punapa ingkang dipun betahaken. Kita punika mitranipun Gusti Allah, menawi kita nyenyuwun tanpa kendhat tamtu Gusti bakal midhangetaken punapa ingkang kita aturaken. Ugi minangka mitra, kita mboten perlu lingsem nyenyuwun punapa ingkang kita betahaken. Gusti Yesus ngersakaken supados kita mboten kendhat ing pandonga. Nyenyuwun, madosi lan thothok-thothok. Nyenyuwun kanthi estu lan tanpa kendhat njalari kita sangsaya mangertos punapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah dhateng kita. Sinaosa mboten langsung nampeni, kita sinau tetep nggadhahi kapitadosan bilih Gusti bakal paring, ingkang sae kangge kita miturut karsanIpun. Pramila punapa ingkang kita suwun dereng tamtu kapenuhan persis kados ingkang kita suwun, ananging kita pitados Gusti paring langkung sae tumrap kita, awit Sang Rama punika maha mirah. Sarta maringaken Sang Roh Suci ingkang njalari gesang kita ngraosaken tentrem rahayu, katresnan, kabingahan lan kasaenan. Sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng. Gusti mitulungi. |*SAR
Bahan Bulan Katekese Liturgi 2024
Mengembangkan Liturgi Kehidupan GKJ Pengantar Puji syukur kami panjatkan kepada Tuhan Yesus Kristus yang senantiasa menyertai perjalanan Gereja Kristen Jawa (GKJ) dalam mengemban panggilan-Nya. Dalam rangka memperdalam dan memperkaya kehidupan rohani jemaat, Sinode GKJ dengan sukacita mempersembahkan buku “Liturgi Kehidupan” ini. Buku ini disusun sebagai panduan bagi jemaat dalam menjalani setiap momen kehidupan dengan penuh kesadaran dan penghayatan akan kehadiran Allah yang menyertai. Liturgi bukan sekadar serangkaian ritus atau kebiasaan yang kita lakukan dalam ibadah, tetapi merupakan wujud perjumpaan dengan Tuhan dalam berbagai aspek kehidupan sehari-hari. Buku ini mengajak kita untuk tidak hanya menjadikan liturgi sebagai bagian dari ibadah formal, tetapi juga sebagai napas kehidupan yang mengiringi setiap langkah kita, dari saat bangun tidur hingga kembali beristirahat, dari kelahiran hingga akhir hayat. Melalui “Liturgi Kehidupan” ini, kami berharap jemaat GKJ dapat semakin memahami makna hidup yang sejati dalam terang Injil Kristus. Setiap liturgi yang disajikan di sini dirancang untuk mendukung dan memperkuat iman, baik dalam situasi sukacita maupun dukacita, dalam keberhasilan maupun tantangan hidup. Buku ini diharapkan menjadi sahabat dalam perjalanan rohani, yang senantiasa mengingatkan kita akan panggilan untuk hidup seturut kehendak Tuhan. Kami berharap semua tulisan di dalam buku ini (4 tulisan) dapat dibahas di masing-masing gereja dalam bentuk diskusi/sarasehan dengan waktu pelaksanaan sesuai dengan konteks masing-masing gereja. Adapun panduan pertanyaan untuk diskusi/sarasehan adalah sebagai berikut: 1. Setelah membahas dan memahami 4 (empat) tulisan di dalam buku ini, apakah inspirasi yang Saudara-Saudara dapatkan dari sharing laku ibadah di GKJ Gandaria dan GKJ Baturetno. 2. Setiap gereja memiliki konteks pergumulan yang unik dan khas. Percakapkan hal-hal apa yang menarik dari konteks pergumulan di gereja atau lingkungan gereja Saudara-Saudara yang dapat direfleksikan dalam laku ibadah khusus! 3. Percakapkan langkah-langkah apa saja yang Saudara-saudara akan lakukan untuk menindaklanjuti hasil percakapan di atas (poin 2), sehingga dapat terwujud laku ibadah yang khas dan unik di gereja Saudara? Akhir kata, kami menyampaikan terima kasih yang sebesar-besarnya kepada semua pihak yang telah berkontribusi dalam penyusunan buku ini. Kiranya Tuhan memberkati usaha dan pelayanan kita semua, sehingga melalui buku ini, kasih dan kebenaran Tuhan semakin nyata di tengah kehidupan jemaat dan masyarakat luas. Selamat menggunakan buku “Liturgi Kehidupan” ini. Kiranya menjadi berkat bagi kita semua. Salam dalam kasih Kristus, Badan Pelaksana Sinode XXIX Gereja Kristen Jawa Pdt. Anugrah Kristian Bahan Liturgi Klik disini untuk mengunduh
Jemuwah, 23 Agustus 2024 Minggu Limrah XV
I Para Raja 4:29-34; Jabur 84; Rum 13:11-14 KAWICAKSANANIPUN PRABU SULEMAN “Sabanjure Gusti Allah paring kawicaksanan lan kalimpadan kang linuwih marang Sang Prabu Suleman, sarta akal budi kang jembare kaya pasisir wedhi ing pinggire sagara” (I Para Raja 4:29) Kawicaksananipun Prabu Suleman saestu ngeram-eramaken. Gusti Allah piyambak ingkang ngendika bilih sakderengipun lan saksampunipun Suleman mboten wonten ingkang nggadhahi kawicaksanan kados kawicaksananipun Suleman. Elokipun, kawicaksananipun Suleman mboten namung saperangan ing pagesangan, ananging nglimputi sedaya perangan gesang. Ing babagan hukum, temah saged mratelakaken sacara adil lan ngertos mbedakaken ingkang leres lan ingkang klentu (1 Para Raja 3:16-28). Ing babagan politik lan pamarintahan, Suleman mangertos kadospundi kedah nyantosakaken karajanipun lan kadospundi mbangun sesrawungan kaliyan bangsa sanes (ay 21). Ing babagan filsafat, Suleman ngudhar pamanggihipun ingkang lebet bab pagesangan. Ing babagan seni, Suleman kasil nganggit bebasan 3000 lan nggubah kekidungan 1005 cacahipun. Dereng malih ing babagan pengetahuan alam lan ilmu sanes-sanesipun. Kaluhuranipun Suleman kawiwitan saking kawicaksananipun. Kawicaksanan punika asalipun saking Gusti Allah, sumbering kawicaksanan. Menawi kita kepengin kasil/sukses, kuncinipun punapa kita nggadhahi kawicaksananipun Gusti. Kadospundi kita pikantuk kawicaksanan punika? Wulang bebasan 1:7 ngendikakaken wedi asih marang Yehuwah iku wiwitaning kawruh. Langkung malih bilih kunci kesuksesan punika kadospundi gesang kita ajrih asih dhateng Gusti. Menawi kita ajrih asih lan ngurmati dhateng Gusti, tamtu Gusti badhe maringaken kawicaksanan lan berkah dhateng kita. Lumantar cariyos punika kita kaajak supados purun sinau nyuwun punapa ingkang sae lan leres ing ngarsanipun Gusti. Nyuwun kawicaksanan lan pangertosan punika prakawis ingkang wigati ing pagesangan kita. Kanthi nggadhahi kawicaksanan lan pangertosan ingkang sae, kita saged nglampahi gesang kanthi sae lan nggadhahi kawicaksanan kangge mutusaken perkawis. |*SAR
Kemis, 22 Agustus 2024 Minggu Limrah XV
I Para Raja 4:20-28; Jabur 84; I Tesalonika 5:1-11 ING DALEMIPUN GUSTI “Wonten plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten ing sanes panggenan” (Jabur 84:11) Ing dinten minggu enjing, satunggaling ibu nothok lawang kamar putranipun, badhe nggugah supados ngibadah. “Aku ora menyang greja esuk iki,” wangsulanipun kang putra. “Ya, pokoke kowe kudu neng greja,” ngendikane ibu. “Emoh. Kabeh wong ra nyenengi aku, sewalike aku yo ora nyenengi wong kabeh. Wenehana alesan ngapa aku kudu nang greja” ibunipun paring wangsulan: “Siji, umurmu wis 50 tahun! Loro, lha kowe iku pendetane!” (hahahaha). Miturut ahli sejarah saka Perancis ingkang aran Renan, lembah Baka punika panggenan pungkasan ingkang kedah dipun liwati menawi umatipun Gusti badhe ziarah dhateng Sion saking arah ler israel saksampunipun ndlajah Yordan lan munggah gunung tumuju kitha Yerusalem (dunungipun gunung Sion). Perjalanan tebih lan relatif mboten gampil dipun lampahi dening umat ingkang badhe celak kaliyan Gusti. Celak kaliyan Gusti pancen saged ing pundi kemawon lan kapan kemawon. Gusti punika Maharawuh. Sinaosa mekaten, nyatanipun Panjenengane sampun nyawisi panggenan mligi ingkang kasebat dalemipun Gusti, satunggaling panggenan ing ngriku kita saged caket kaliyan Gusti inggih punika greja. Greja punika mboten dumunung ing gunung Sion, ing pundi kita kedah ngliwati lembah Baka. Greja kita mbokmenawi saged kita tempuh namung ngangge transportasi dharat, relatif gampil dipun akses. Kanthi mekaten sakmesthinipun kita lingsem menawi kita lajeng kathah alesan kangge mboten tindak greja ngibadah ing dinten Minggu. Menawi juru mazmur utawi Jabur ngendika langkung prayogi sadinten ing plataran Paduka tinimbang sewu dinten ing panggenan sanes, mila pitadosa bilih 1,5 jam utawi 2 jam ing padalemanipun Gusti (greja) sampun mesthi langkung sae, langkung aji, ndhatengaken berkah, lan sansaya bingah sarta tentrem rahayu katimbang atusan jam ing panggenan sanes. |*SAR
Rebo, 21 Agustus 2024 Minggu Limrah XV
I Para Raja 8:1-21; Jabur 101; Markus 8:14-21 AJA KUWATIR “Gusti Yesus banjur ngengetake marang para sekabate, pangandikane: “Padha sing awas, padha ngwekanana ragine wong Farisi lan ragine Raja Herodhes” (Markus 8:15) Urip neng donya saiki kudu pinter-pinter ulihe ngatur rejeki sing diparingke gusti marang kita. Sebabe barang-barang kebutuhan sangsaya mundhak. Ora mung kebutuhan mangan, ananging ya kebutuhan liya-liyane. Ibarate garep mangan mbukak tudung saji jebule mung tempe maning tahu maning, sebabe wingi-wingi ya wis mangan lawuh tempe tahu. Dadine awake dhewek nganti lali bersyukur sebabe esih ana panganan kang cumepak kanggo awake lan kuwe ya berkate Gusti ing uripe awake dhewe. Ora mung masalah mangan, awake dhewek esih reang, lali yen Gusti sanggup nyepaki lan nyukupi kebutuhane awake dhewek. Kawit biyen, siki lan selawase. Mulane ayuh padha njalani uripe awake dhewek ora nganggo sikep sing ngeboti urip nanging sing ngenthengna. Apa kuwe? Mujisyukur. Pracaya yen Gusti bakal maringi ing wektune. Aja nganti ragine wong Farisi ngrasuk ing pikiran lan atine awake dhewek lan nyebabna kuatir sing luwih-luwih. Iki sing dimaksud pangandikane Gusti Yesus marang para sekabat. Sedurunge padha wong ngerti apa maksude Gusti Yesus ngendikakna bab ragine wong Farisi lan Herodhes. Jan-jane Gusti ya gregeten marang para sekabat, wis saben dinane ngerti lan ndeleng apa bae sing ditindakna Gusti Yesus, kok esih kurang pracaya. Para sekabate ora mudheng, aja-aja pancen wis dilimputi rasa kuatir margane mung nggawa pangan/roti siji kamangka ana wong 13 sing kudu mangan nang prau. Sebanjure, Gusti Yesus ngelingake kanthi takon marang para sekabat mukjijat apa kang wis ditindakna Gusti Yesus tumrap wong akeh. Muga-muga awake dhewek tansah eling marang pangwasane Gusti kang tansah ngrimati umate. Aja nganti kuatir sing luwih-luwih, nanging tetep bersyukur atas apa sing awake dhewe duweni lan alami. Mugi Gusti mitulungi lan nyukupi kita. Amin. |*SAR
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar September 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar September 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Mbabaraken Pangibadah Ingkang Sejati Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663
Slasa, 20 Agustus 2024 Minggu Limrah XV
I Para Raja 7:1-12; Jabur 101; Lelakone Para Rasul 7:9-16 GAK BAHAYA TA? “Sabanjure putri putrane Sang Prabu Pringon, kang kapundhut garwa Sang Prabu Suleman, uga kayasakake dalem kang padha kaya bangsal mau.” (I Para Raja 7:8b) Prabu Suleman sregep sanget anggenipun mbangun. Prabu Suleman yasa Padaleman Suci ugi mbangun kratonipun piyambak lan brayat. Suleman mbangun dalemipun piyambak kanthi megah. Mboten purun kalah kaliyan Padaleman Suci. Sedangunipun 7 tahun yasa Padaleman Suci, lan 13 tahun yasa kratonipun piyambak. Tamtu kemawon ngginakaken biaya ingkang mboten sekedhik kangge mbangun punika. Suleman yasa gedung aran Alas Libanon, tebih saking Yerusalem, mbok bilih kangge ngaso. Yasa bangsal Saka, mbok bilih panggenan kangge penjaga utawi ruang tunggu kangge sok sintena ingkang badhe sowan ngarsanipun. Yasa bangsal Singgangsana utawi papan kangge ngadili perkawis. Selajengipun dalem sang putri, dalem kagem garwanipun. Sedaya dalem utawi bangsal punika kabangun kanthi megah, bahan bangunanipun pilihan. Pambangunan kratonipun Prabu Suleman punika kacariyosaken sasampunipun yasa Padaleman Suci. Sadangunipun 13 tahun peprentahanipun Suleman, dipunagem mbangun kraton lan dalem pribadi Suleman lan Putri Firaun. Ketingal bilih wonten kalis sisih pribadi Suleman ingkang lelawanan, ananging lumampah sacara harmonis. Ing sisih setunggal bilih piyambakipun ngaturaken ingkang paling sae kagem Gusti Allah, ing sisih sanes maringaken ingkang paling sae kangge pribadi lan brayatipun. Kangge maremaken pepenginanipun pribadi, pemborosan punika katindakaken. Tamtu kemawon saged nuwuhaken dampak negatif tumrap stabilitas nasional lan perekonomian Israel. Bahayanipun menawi pamimpin ngutamekaken katresnan dhateng pribadi lan brayatipun ngungguli katresnanipun dhumateng Gusti Allah. Sumangga sami nitipriksa, punapa kita saestu tresna dhumateng Gusti ngalngkungi badan kita piyambak lan bab sanesipun. Menawi katresnan kita dhateng dhiri pribadi utawi brayat langkung ageng tinimbang katresnan kita dhateng Gusti, ga bahaya ta? |*SAR
Senen, 19 Agustus 2024 Minggu Limrah XV
I Para Raja 3:16-28; Jabur 101; Lelakone Para Rasul 6:1-7 PEMIMPIN INGKANG IDEAL “Manah ingkang cidra badhe sumingkir saking kawula, kawula mboten badhe purun tepang kaliyan piawon.” (Jabur 101:4) Kathahipun kasus korupsi, penyalahgunaan jabatan, lan kebijakan ingkang sawenang-wenang ingkang katindakaken dening para pejabat punapadene wakil rakyat ndamel kita sedaya pesimis wontenipun pamimpin ingkang ideal. Limrahipun, nalika kampanye maringi janji-janji, namung nalika kapilih kados-kados sampun kesupen tumrap janji-janjinipun. Kita sampun milih pamimpin tumraping bangsa kita indonesia, milih wakil rakyat. Tamtu kemawon pangajeng-ajeng kita ingkang sampun kita pilih punika estu pamimpin ingkang jujur, tegas lan sumadya merjuangaken kepentinganipun rakyat. Ing sejarahipun Israel, Dawud punika ratu ingkang paling kasil lan paling dipun tresnani rakyatipun. Piyambakipun dados standar kualitas ratu ing Israel. Saupami kemawon Dawud gesang ing jaman samangke, tamtu dados pamimpin idaman. Sumangga kita gatosaken kualitasipun Dawud minangka ratu, Dawud punika: (1) ratu ingkang sanget rohani (ayat 1). Ndadosaken Gusti punika ingkang utami ing gesangipun. (2) ratu ingkang jujur lan nggadhahi integritas (ayat 2-5). Dawud gesang kanthi tulus lan mbudidaya dados pamimpin ingkang mboten cacat cela. (3) nggadhahi sikep tegas, kendel lan mboten kompromi kaliyan duraka (ayat 7-8). Tiyang awon badhe katumpes dening dawud. (4) sumadya merjuangaken kepentingan rakyatipun (ayat 6). Estu gambaran pamimpin ingkang ideal. Ing jaman samangke punapa taksih saged kita panggihi ingkang kados mekaten? Katimbang kita namung ngarep-arep, prayogi kita wiwiti saking dhiri kita piyambak. Mbok menawi kita sanes pejabat, ananging saged ugi pamimpin ing padamelan, masyarakat, keluarga, mliginipun pamimpin tumrap dhiri kita pribadi. Sumangga kita mbudidaya nggadhahi karakter pamimpin ingkang sae, jujur, lan saged dipun pitados. Kanthi tegas mboten kompromi tumrap dosa, saha dadosa pamimpin ingkang sumadya berkurban kangge tiyang ingkang kita ladosi. |*SAR


