+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 20 Agustus 2024 Minggu Limrah XV

I Para Raja 7:1-12; Jabur 101; Lelakone Para Rasul 7:9-16

GAK BAHAYA TA?

“Sabanjure putri putrane Sang Prabu Pringon, kang kapundhut garwa

Sang Prabu Suleman, uga kayasakake dalem kang padha

 kaya bangsal mau.” (I Para Raja 7:8b)

Prabu Suleman sregep sanget anggenipun mbangun. Prabu Suleman yasa Padaleman Suci ugi mbangun kratonipun piyambak lan brayat. Suleman mbangun dalemipun piyambak kanthi megah. Mboten purun kalah kaliyan Padaleman Suci. Sedangunipun 7 tahun yasa Padaleman Suci, lan 13 tahun yasa kratonipun piyambak. Tamtu kemawon ngginakaken biaya ingkang mboten sekedhik kangge mbangun punika. Suleman yasa gedung aran Alas Libanon, tebih saking Yerusalem, mbok bilih kangge ngaso. Yasa bangsal Saka, mbok bilih panggenan kangge penjaga utawi ruang tunggu kangge sok sintena ingkang badhe sowan ngarsanipun. Yasa bangsal Singgangsana utawi papan kangge ngadili perkawis. Selajengipun dalem sang putri, dalem kagem garwanipun. Sedaya dalem utawi bangsal punika kabangun kanthi megah, bahan bangunanipun pilihan.

Pambangunan kratonipun Prabu Suleman punika kacariyosaken sasampunipun yasa Padaleman Suci. Sadangunipun 13 tahun peprentahanipun Suleman, dipunagem  mbangun kraton lan dalem pribadi Suleman lan Putri Firaun. Ketingal bilih wonten kalis sisih pribadi Suleman ingkang lelawanan, ananging lumampah sacara harmonis. Ing sisih setunggal bilih piyambakipun ngaturaken ingkang paling sae kagem Gusti Allah, ing sisih sanes maringaken ingkang paling sae kangge pribadi lan brayatipun. Kangge maremaken pepenginanipun pribadi, pemborosan punika katindakaken. Tamtu kemawon saged nuwuhaken dampak negatif tumrap stabilitas nasional lan perekonomian Israel. Bahayanipun menawi pamimpin ngutamekaken katresnan dhateng pribadi lan brayatipun ngungguli katresnanipun dhumateng Gusti Allah.

Sumangga sami nitipriksa, punapa kita saestu tresna dhumateng Gusti ngalngkungi badan kita piyambak lan bab sanesipun. Menawi katresnan kita dhateng dhiri pribadi utawi brayat langkung ageng tinimbang katresnan kita dhateng Gusti, ga bahaya ta? |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *