I Para Raja 5:1-12; Jabur 84; Lukas 11:5-13
MBOTEN KENDHAT NDEDONGA
“Mulane Aku pitutur marang kowe: Nyenyuwuna, temah bakal kaparingan, padha ngupayaa, temah bakal oleh, padha thothok-thothoka,
temah bakal kawenganan” (Lukas 11:9)
Ing pagesangan kita asring aben ajeng kaliyan maneka warni pambengan lan kabetahan. Kangge ngadhepi punika, kita mboten saged piyambak. Kita mbetahaken pitulungan sanak sedherek, brayat lan mitra. Ananging tamtu kemawon pitulungan punika winates ing wekdal, papan ugi kekiyatanipun. Awit kawontenan ingkang winates punika lajeng saged tuwuh raos kuciwa.
Ing waosan Injil Lukas 11:5-13 punika kita nyinau kadospundi pitulunganipun Gusti ingkang tanpa winates. Kanthi pasemon satunggaling mitra ingkang nyuwun pitulunganipun mitranipun awit kawontenan ingkang ngangseg. Tiyang punika boten kedel anggenipun nyenyuwun ngantos mitranipun punika nyembadani punapa ingkang dipun betahaken.
Kita punika mitranipun Gusti Allah, menawi kita nyenyuwun tanpa kendhat tamtu Gusti bakal midhangetaken punapa ingkang kita aturaken. Ugi minangka mitra, kita mboten perlu lingsem nyenyuwun punapa ingkang kita betahaken.
Gusti Yesus ngersakaken supados kita mboten kendhat ing pandonga. Nyenyuwun, madosi lan thothok-thothok. Nyenyuwun kanthi estu lan tanpa kendhat njalari kita sangsaya mangertos punapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah dhateng kita. Sinaosa mboten langsung nampeni, kita sinau tetep nggadhahi kapitadosan bilih Gusti bakal paring, ingkang sae kangge kita miturut karsanIpun. Pramila punapa ingkang kita suwun dereng tamtu kapenuhan persis kados ingkang kita suwun, ananging kita pitados Gusti paring langkung sae tumrap kita, awit Sang Rama punika maha mirah. Sarta maringaken Sang Roh Suci ingkang njalari gesang kita ngraosaken tentrem rahayu, katresnan, kabingahan lan kasaenan. Sampun ngantos kita kecalan pangajeng-ajeng. Gusti mitulungi. |*SAR