I Pr. Raja 8:(1-11), 22-30, 41-43; Jabur 84; Efesus 6:10-20; Yokanan 6:56-69
MILIH INGKANG PRAYOGI
“Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep,
bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah“
(Yokanan 6:69)
Ing gesang punika, kita aben-ajeng kaliyan pilihan kathah. Kadhangkala kita mboten saged milih, lan tiyang sanes ingkang milihaken tumrap kita. Ing Yokanan 6:56-69 punika, Gusti Yesus maringaken pilihan-pilihan tumrap tiyang pitados. (1) milih pitados dhumateng Gusti. Ayat 56 nedahaken: wong kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing wong iku.
Milih pitados dhateng Gusti lan gesang ing Panjenengane punika dhasar iman kita. Pancen Gusti piyambak ingkang milih kita, ananging menawi kita pitados dhumateng Gusti ateges kita nanggapi pilihanipun Gusti. (2) milih dhateng kersanipun Allah (ayat 63). Awit pangandikanipun Gusti Yesus punika roh lan gesang. Pramila kita kedah nggadhahi tekad ingkang kiyat supados kita saged mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti ing gesang kita. (3) milih supados panguwaos lan karsanipun Gusti kelampahan ing gesang kita. Kita kedah nyuwun Sang Roh Suci makarya paring pangertosan dhateng kita. Ugi masrahaken dhateng Gusti supados kersanipun ingkang nglangkungi pamikiran, pangertosan kita punika ingkang kelampahan lan njalari sansaya mindhak iman kapitadosan kita.
Saking waosan punika kita kabereg supados nggadhahi tekad kangge bertahan (survive) ing satengahing paprangan rohani. Supados kita menang, kita kedah ngginakaken senjata rohani (Ef 6:10-20). Prinsip ingkang saged kita tindakaken inggih punika kanthi sumendhe dhumateng Gusti “padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti lan ing kasektening panguwasane” Gusti Allah piyambak ingkang paring kekiyatan tumrap tiyang pitados ingkang gesangipun tansah nunggil kaliyan Panjenengane. Lan mbudidaya tuwuhing gesang karohanen ingkang sehat kanthi disiplin rohani ingkang sae (saat teduh, ndedonga, maos kitab suci, PA, lan sapanunggilanipun). |*SAR