I Para Raja 5:13-18; Jabur 11; Efesus 5:21-6:9
PEPAKEN SATUNGGAL PAKET
“Dadi tumraping kowe: padha tresnaa marang bojomu kaya marang awakmu dhewe, dene para wong wadon padha ngajenana marang
kang lanang” (Efesus 5:33)
Nalika kita pesen tetedhan ing rumah makan fast food, kita saged milih tetedhan setunggal-setunggal utawi milih menu paket. Menawi milih menu paket kita badhe pikantuk menu ingkang sampun komplit. Ananging kita mboten saged milih-milih isinipun. Remen punapa mboten, kita kedah nampi. Bebrayatan punika dados satunggal daging, kados pangandikanipun Gusti, “Marga saka iku wong lanang kapesthi ninggal bapa lan biyunge lan rumaket marang bojone, temahan sakarone iku dadi daging siji” (ayat 31). Punika saged kawastanan bilih bebrayatan (menikah) umpami setunggal paket ingkang mboten saged kapisah.
Kadospundi bebrayatan satunggal paket punika saged lumampah kanthi harmonis? Saben pasangan kedah nindakaken pangandikanipun Gusti ingkang ugi kasebat setunggal paket ingkang mboten saged kapisah. Paket punika ngemu kalih pepaken, tiyang kakung kedah nresnani pasanganipun, mekaten ugi ingkang estri kedah ngurmati semahipun (ayat 33).
Menawi pepaken punika namung katindakaken satunggal pihak kemawon, mila neningkahan punika badhe manggihi masalah. Tiyang kakung mboten saged nuntut istri kangge tundhuk ngurmati, menawi mboten nresnani istri, ugi sewalikipun istri mboten saged nuntut suami nresnani menawi piyambakipun mboten sumedya ngurmati. Dipun betahaken kesadharan sesarengan kangge nindakaken pepaken punika. Dados mboten pareng wonten prinsip suami: “kula saged nresnani, menawi istri ngurmati riyin”, utawi prinsip istri: “kula badhe tundhuk dhateng suami menawi nresnani kula riyin.” Setunggal lan setunggalipun kedah miwiti langkung rumiyin, supados neningkahan punika harmonis tetep kajagi.
Sesambetan ing neningkahan (suami-istri) punika endah, kados dene sesambetanipun Sang Kristus lan pasamuwan. Mugi neningkahan panjenengan tansah binerkahan. |*SAR