I Para Raja 1:1-30; Jabur 111; Lelakone Para Rasul 6:8-15
PANUWUN SOKUR
“Pakaryaning astane iku kabeneran lan kaadilan, sakehing prentahe iku
padha kena diugemi, salawas-lawase lan ing sateruse kukuh,
katindakake kalawan bener lan jujur” (Jabur 111:7-8)
Jabur 111 punika isinipun pepujen dhumateng Gusti Allah awit berkah-berkah rohani lan jasmani ingkang sampun dipun tampeni. Panuwun sokur punika mboten namung ing tutuk kemawon, ananging kanthi sikep nampi pakaryanipun Gusti ing gesang kita saha mujudaken ing gesang padintenan. Kasaenanipun Gusti ingkang kita tampeni ing gesang kita kathah sanget, mboten namung babagan tetedhan unjukan,ananging ugi kesarasan, berkah materi, utaminipun sih rahmat kawilujengan saking Gusti Yesus Kristus.
Caranipun nyikapi kasaenanipun Gusti inggih punika: setunggal, gesang ing kasucen (ayat 9), dipun wiwiti saking pikiran ingkang positif, selajengipun kebabar ing pitembungan lan tumindak ingkang mbangun. Satemah ingkang ringkih kakiyataken, ingkang sedhih kalipur, ingkang dhawah dados menyat malih. Sinaosa mboten gampil, kita kabereg kangge mujudaken. Ingkang kaping kalih, gesangipun nindakaken kaadilan lan kaleresan (ayat 7). Kaadilan lan kaleresan miturut ukuranipun Gusti Allah, sanes adil lan leres miturut dhiri kita piyambak. Menawi kita nindakaken punika tumrap sesami, mila Gusti ugi badhe nedahaken kaadilan lan kaleresanIpun ing gesang kita. Kaping tiga, gesang ingkang dados berkah tumrap tiyang sanes, kadosdene Gusti sampun mberkahi kita (ayat 5). Tegesipun nggadhahi manah ingkang purun mbagekaken darbekipun, sae punika bandha, kasagedan, ilmu, tenaga lan gagasan kita tumrap tiyang sanes.
Tetiga wujud panuwun sokur punika dados kaparengipun Gusti. Pramila kita kabereg kangge nindakaken ing gesang padintenan, dhateng sinten kemawon lan ing pundi papan kita. Sumangga kita lampahi punika ngantos dados pakulinan ingkang sae. Panuwun sokur mboten namung awujud ngidungaken kekidungan, tigang prakawis wau saged kita tambahaken ing pagesangan kita minangka bukti panuwun sokur kita dhateng Gusti. |*SAR