I Para Raja 14:1-8; Jabur 50:1-6; I Timoteus 1:12-20 PANGUCAP SOKUR “Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan, “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.” (1 Timoteus 1: 15) Rasul Paulus paring piwulang dhumateng Timotius. Gesangipun kebak ing pamuji sokur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah. Sih kamirahanipun Gusti Allah punika ngewahi gesangipun Rasul Paulus ingkang swaunipun sengit, ngala-ala, nganiaya lan mejahi dhateng sintena kemawon ingkang ndherek lan nampi Gusti Yesus. Rasul Paulus ngrumaosi, ngakeni bilih gesangipun punika kebak dosa. Ewasemanten karentahan sih palimirmanipun Gusti Allah wonten ing Sang Kristus, ingkang karsa nebus lan ngresiki sakathahing dosanipun, matemah nampi karahayon lan gesang langgeng. Punika Sihipun Allah ingkang saestu ageng ingkang katampi ing gesangipun Rasul Pulus, ingkang mbereg gesangipun Rasul Paulus kebak ing pamuji sokur wonten ing ngarsanipun Gusti. Rawuhipun Gusti Yesus wonten ing jagad punika saperlu mitulungi rahayu marang tiyang dosa, inggih manungsa. Wiwit Adham lan Kawa dhumawah ing dosa, sedaya manungsa kecalan karahayon. Gesangipun kawengku ing dosa lan pejah. Manungsa kanthi kekiyatanipun piyambak mboten saged ngluwari dhiri piyambak saking panguwaosipun dosa, lan pituwasipun dosa punika pati. Manungsa saged uwal saking dosa lan pati, menawi pikantuk sih katresnanipun Allah wonten ing Sang Kristus Yesus. Ing pundi Gusti Yesus kersa lan kuwagang ngrembat dosa-dosanipun manungsa, kadadosaken suci wonten ingarsanipun Allah Sang Rama. Saestu leres lan perlu kita antepi, bilih : “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” inggih dosa kita. Menawi kita ngrumaosi dhumawah ing dosa, sumangga enggal-enggal mratobat lan masrahaken gesang kita wonten ing panuntun lan pangreksanipun Gusti Yesus Kristus. Gusti paring karahayon. Gesang kita kedah kebak ing pamuji sokur ing sedaya kawontenan, awit Gusti langkung rumiyin nresnani lan mbabar karahayon wonten ing gesang kita. Pangucap sokur lumantar ing pamikiran, pitembungan, tumindak kita I *ESB.
Kemis, 8 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani
I Para Raja 11:26-40; Jabur 50:1-6; II Korinta 2:12-17 URIP LAN PATI “Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon gandaning urip kang nguripake.” (II Korinta 2: 16a) Ing satengahing paladosanipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Korinta, Rasul Paulus ngadhepi kawontenan ingkang awrat sanget. Pasamuwan ing Korinta punika pasamuwan ingkang rentan konflik awit pengaruh kabudayan lan piwulang ingkang mawarni-warni. Wonten ingkang nampi nanging ugi wonten ingkang nampik piwulangipun Rasul Paulus. Tumprapipun golongan ingkang nampik piwulangipun Rasul Paulus, sedaya sami sengit lan ngigit-igit dhateng Rasul Paulus. Rasul Paulus kausir enggal nilaraken Korinta. Dene kanggenipun golongan ingkang nampi piwulangipun Rasul Paulus, sami ngantu-antu lan nyubya-nyubya rawuhipun Rasul Paulus ing Korinta. Punapa ingkang dipun wulangaken Rasul Paulus inggih punika bab kayekten saking Gusti Allah. Rasul Paulus mboten ngirangi lan nambahi punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Allah. Rasul Paulus mboten namung mulangaken nanging ugi mitadosi lan ngestokaken kanthi tumemen punapa ingkang dipun dhawuhaken Gusti Allah wonten ing gesangipun. Tumprap Rasul Paulus : Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita (Rum 6:23). Injil kedah kawartosaken ing wegdal ingkang sae lan ing wegdal ingkang mboten sae dhateng sedaya tiyang. Injil mboten saged dipun watesi dening punapa kemawon. Awit Injil punika kekiyatan kita, gesang ing jagad lan ing kelanggenganipun. Pawartos bab sih kamirahanipun Sang Kristus punika ugi ingkang dados sumbering karahayon ing gesang kita. Martosaken Injilipun Gusti Allah temtu wonten ingkang nampi, ingkang bingahaken lan ingkang ndhatengaken karahayon ing gesang. Martosaken Injilipun Gusti dados tanggeljawab saben tiyang pitados, inggih wonten ing gesang kita ing saben wegdalipun. |*ESB
SIDANG XXII GEREJA-GEREJA KRISTEN JAWA KLASIS PEKALONGAN
Sidang XXII Gereja-Gereja Kristen Jawa (GKJ) Klasis Pekalongan dilaksanakan pada hari Selasa, 6 Februari 2024 bertempat di GKJ Pekalongan selaku gereja penghimpun. Sidang Klasis tersebut juga bertepatan dengan hari ulang tahun klasis Pekalongan yang ke-26. Itulah sebabnya Klasis Pekalongan punya tradisi dalam penyelenggaraan sidang yaitu dilaksanakan setiap tanggal 6 Februari. Seremoni ulang tahun klasis dilaksanakan dengan pemotongan kue oleh Pdt. Dwi Argo Mursito (GKJ Pekalongan) selaku Ketua Bapel XXI GKJ Klasis Pekalongan lalu diserahkan secara simbolis kepada Pdt. Em. Toto Pramono (GKJ Limpung) sebagai pendeta yang paling sepuh dan Pdt. Yoel Tri Sugianto (GKJ Bawang) sebagai pendeta yang termuda di lingkup Klasis Pekalongan. Sidang XXII GKJ Klasis Pekalongan memilih tema: ”Mewujudkan Pembaruan dan Pemulihan Ciptaan”, dihadiri utusan 8 gereja yaitu: GKJ Bandar, GKJ Batang, GKJ Imanuel Karanganyar, GKJ Kasimpar, GKJ Limpung, GKJ Pekalongan dan GKJ Purbo. Selain itu juga dihadiri oleh utusan klasis tetangga: Klasis Semarang Barat: Pdt. Imanuel Agus dan Pdt. Baptista Lois; Klasis Pekalongan Barat: Pdt. Sugeng Prihadi dan Pdt. Joseph Christanto. Sedangkan Visitator Sinode XXIX GKJ yang diutus dalam sidang tersebut Pdt. Timotius Setijanto dan Pdt. Bernadus M. Eksilimawan. Dalam persidangan XXII GKJ Klasis Pekalongan terpilih moderamen sidang: Ketua I: Pdt. Alfius Sokidi (GKJ Purbo), Ketua II: Pdt. Wahidi (GKJ Kasimpar), Sekretaris I: Dkn. Tri Atmo Widodo (GKJ Pekalongan), Sekretaris II: Pdt. Yoel Tri Sugianto (GKJ Bawang). Pergumulan yang dibahas dalam persidangan antara lain: Proses pemanggilan pendeta GKJ Purbo, GKJ Kasimpar, GKJ Bandar, GKJ Batang; Proses emiritasi pendeta GKJ Imanuel Karanganyar, GKJ Kasimpar, GKJ Purbo serta penahbisan pendeta GKJ Limpung. Susunan Bapel/Bawas XXII GKJ Pekalongan hasil persidangan tersebut: Ketua I : Pdt. Wahidi Ketua II : Pnt. Budi Riyono Sekretaris : Pdt. Yoel Tri Sugiyanto Bendahara : Pnt. Sri Ngatini Dilengkapi dengan bidang-bidang. Persidangan diakhiri dengan ibadah penutup disertai pelerehan Bapelklas/Bawasklas XXI, Pelantikan dan Pengutusan Bapelklas/Bawasklas XXII yang dilayani Pdt. Timotius Setijanto selaku Visitator Sinode GKJ.
Rebo, 7 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani
Ayub 6:1-13; Jabur 102:12-28; Markus 3:7-12 ORA OWAH GINGSIR “…ing sajrone aku nandhang sangsara kang tanpa piwelas iku, sabab aku ora tau nyelaki pangandikane Kang Mahasuci.” (Ayub 6: 10) Punapa ingkang saged kita sinau saking gesangipun Ayub ngadhepi panandhang kang tanpa piwelas ing waosan nginggil? Ingkang sepisan, Ayub pitados lan nyumerepi punapa ingkang dados dhawuh pangandikanipun Gusti Allah punika dados tuking karahayon. Ingkang kaping kalih, Ayub nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi tumemen lan sayektos (totalitas). Ingkang kaping tiga, kasetyanipun Ayub dhumateng Gusti mboten owah gingsir sanadyan nandhang kasangsaran kang tanpa piwelas. Pitados punika kedah kinanthenan kasetyan, awit tanpa kasetyan kapitadosan punika badhe gampil ambruk. Pitados dhumateng Gusti Allah inggih kedah kinanthenan kasetyan kangge nindakaken sedaya dhawuh pangandikanipun Gusti, sae ing wegdal ingkang bingahaken, kacekapan, ugi ing wegdal nandhang kasangsaran lan sisah. Pitados bilih Gusti Allah punika tansah nunggil, paring kekiyatan, kawicaksanan lan pangluwaran saking sawernining kasisahan ing gesangipun tiyang pitados. Kapitadosan ingkang miyur punika kapitadosan ingkang gampil ambruk nalika ngadhepi panggodha, persoalan, sakit, kasisahan lan kasangsaran. Kenging menapa? Awit kapitadosanipun tebih saking raos setya dhumateng Gusti Allah ingkang dados sumbering gesang; langkung pitados dhateng panguwaosipun dosa (iblis), hawa nafsu, lan kadonyan. Mboten kiyat nanggel kasisahan lan kasengsaran. Gesang ing jagad punika temtu badhe ngadhepi panggodha, kasisahan, sakit lan kesengsaran. Awit jagad punika sampun dhumawah ing dosa. Nanging wonten ing jagad punika Gusti Allah rawuh, nunggil, paring kekiyatan lan kawicaksanan. Ing jagad punika Gusti Allah makarya kangge dhatengaken karahayon wonten ing gesangipun manungsa. Ayub langkung setya dhumateng Gusti tinimbang dhateng bandha kadonya, anak, lan garwanipun. Ayub ugi langkung setya
PENAHBISAN VIK.RISKY YUDHA TAMA SEBAGAI PENDETA DI GKJ BAHTERA KASIH WONOGIRI
Pada Senin pagi tanggal 5 Februari 2024, udara yang sejuk menyambut para tamu dan undangan penahbisan pendeta GKJ Bahtera Kasih yang bertempat di Pepanthan Tejosari. Medan yang menantang dan jarak yang cukup jauh terbayarkan ketika para undangan menginjakkan kaki di Desa Pucung, Kecamatan Eromoko, Kabupaten Wonogiri yang terkenal dengan sebutan “Eromoko lantai 2”. Dari 9 pepanthan di GKJ Bahtera Kasih, pepanthan Tejosari dipilih sebagai lokasi penahbisan dengan pertimbangan bahwa cikal-bakal GKJ Bahtera Kasih dimulai dari area Tejosari dan sekitarnya. Pukul 09.00 acara dimulai dengan seremonial dan penerimaan tamu dari pemerintah. Hadir dalam acara ini, perangkat Desa Pucung, Forum Koordinasi Pimpinan Kecamatan (Forkopincam) Eromoko, Forum Kerukunan Umat Beragama (FKUB) dan Bupati Wonogiri yang diwakili oleh staff. Sambutan-sambutan yang diberikan oleh tamu dari pemerintah semuanya bernuansa ucapan syukur atas bertambahnya tokoh agama di tengah masyarakat dan ucapan selamat kepada GKJ Bahtera Kasih dan Vik.Risky Yudha Tama. Bapelsin XXIX GKJ yang diwakili oleh Pdt.Anugrah Kristian juga mengajak warga GKJ Bahtera Kasih untuk senantiasa mengucapkan syukur dan mendukung pendeta yang baru ditahbiskan untuk berpelayanan bersama. Mengusung tema “Beda Papan Ora Crah, Beda Pepanthan ora Bubrah, Sansaya Gayeng Gerejane, Sansaya Regeng Masamuwane”, ibadah penahbisan berlangsung khidmat dan menarik. Dramaturgi yang dibalut dengan nuansa khas Jawa membawa para undangan kepada lika-liku pergumulan jemaat dalam proses pemanggilan Vik.Risky Yudha Tama sebagai calon pendeta di GKJ Bahtera Kasih. Pada akhirnya, Vik.Yudha ditahbiskan sebagai pendeta ke-2 di GKJ Bahtera Kasih dengan disambut sukacita dan antusias yang luar biasa dari seluruh warga jemaat GKJ Bahtera Kasih. Selamat kepada Pdt. Risky Yudha Tama, selamat melayani Tuhan dengan sukacita. Selamat berbahagia bagi GKJ Bahtera Kasih, kiranya semakin diberkati dalam pelayanannya.
Senen, 5 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani
II Para Raja 4:8-17, 32-37; Jabur 102:12-28; Lelakone para rasul 14:1-7 ORA SARUJUK “Nanging wong akeh ing kutha kono pecah dadi rong golongan; ana kang nganut wong Yahudi, lan ana kang nganut rasul karone” (Lelakone Para Rasul 14:4) Rasul Paulus lan Barnabas nggadhahi pengalaman ingkang pait, kangge ngabaraken Injilipun Gusti. Kathah tiyang Yahudi lan Yunani ing kitha Ikonium sami nampi Gusti Yesus, nanging inggih wonten sagolongan ingkang nampik dhateng Injilipun Gusti. Rasul Paulus lan Barnabas katampik lan kaaniaya dening sagolongan wong Yahudi ing kitha Ikonium, lajeng sumingkir saking Ikonium tumuju dhateng Likaonia. Martosaken Injilipun Gusti punika inggih nggadhahi resiko, resiko dipun tampik, dipun sengiti, dipun aniaya lan wonten ingkang dipun pejahi. Mbetahaken kawicaksanan kangge ngadhepi lan nyikapi panampikipun sagolongan tiyang dhateng Injilipun Gusti Yesus. Mboten sedaya tiyang punika saged nampi kesaenan, kabecikan, kayekten, kejujuran lan katemenan. Sawetawis tiyang ingkang nampik Injil Sih-katresnanipun Gusti Allah dhateng manungsa. Awit Gusti anggenipun nitahaken manungsa punika kaparingan kebebasan lan tanggungjawab kangge nampi punapa nampik sabda lan sihipun Gusti Allah. Jagad lan manungsa sampun dhumawah ing dosa, panguwaosipun dosa tansah mbudidaya supados manungsa punika nampik Injilipun Gusti lan tansah manut dhateng pangrehipun si dosa. Injil-ipun Gusti Allah kedah tansah kaundhanganaken ing sadaya kawontenan dening para pendherekipun Gusti Yesus. Panampi lan panampik Injil-ipun Gusti punika tansah wonten ing pundi kemawon ing salumahing bumi punika. Mboten perlu ajrih lan mandheg anggen kita nindakaken kewajiban martosaken Injil-ipun Gusti. Ing pundi kita martosaken Injil, ing ngriku temtu badhe wonten sedherek kita ingkang saged nampi lan pitados dhumateng Gusti Yesus, nanging ugi badhe wonten sedherek kita ingkang nampik Injilipun Gusti. Nanging rahayu kula lan panjenengan ingkang sumadya ngemban timbalanipun Gusti martosaken Injil. I *ESB.
Ahad, 4 Pebruari 2024 Minggu V Saksampunipun Epifani
Yesaya 40:21-31; Jabur 147:1-11, 20c;I Korinta 9:16-23; Markus 1:29-39 MANJING AJUR AJER “Samubarang kabeh iku mau daktindakake marga saka Injil, supaya aku melua oleh pandumane” (1 Korinta 9: 23) Gesangipun Rasul Paulus kawengku ing angger-anggeripun Gusti Yesus, mboten kawengku ing angger-anggering Toret sanadyan piyambakipun punika tiyang Yahudi tulen. Ing wegdal piyambakipun gesang sesarengan kaliyan tiyang Yahudi, sikap gesangipun kados tiyang Yahudi supados saged nggendheng wong Yahudi. Tumrapipun tiyang Yunani piyambakipun ugi gesang kadosdene tiyang Yunani, supados saged nggendheng tiyang Yunani. Tumprapipun tiyang ringkih piyambakipun kados tiyang ringkih, supados saged nggendheng tiyang ingkang ringkih. Rasul Pulus ngudi gesangipun supados saged tinampi dening sedaya masyarakat, ingkang mboten winates ing suku, bangsa, ekonomi, sosial, budaya dan pendidikan. Rasul Paulus manjing gesang ajur-ajer, karana kagem Injilpun Gusti supados sumebar lan saged nggendheng sedaya manungsa. Gesangipun tiyang pitados, inggih kedah manjing ajur-ajer ing sedaya komunitas (inklusif). Kangge mujudaken katresnan lan martosaken Injilpun Gusti kita kedah saged manjing ajur-ajer. Gesang manjing ajur-ajer punika mboten ateges keli dhateng ombyaking kawontenan, nanging gesang ingkang ngeli ing kawontenan nanging mboten kecalan jati diri minangka pendherekipun Gusti Yesus. Kanthi manjing ajur-ajer minangka strategi (cara) anggen kita mbangun sesambetan kaliyan para sedherek kita, supados kita mangertosi kanthi cetha kawontenannipun lan gesang kita katampi sedherek kita. Kanthi makaten gesang kita saged nggendheng sadherek kita dhateng Injilipun Gusti Allah. Kita mboten perlu matesi Injilpun Gusti punika namung kangge satunggal kelompok utawi suku tertemtu. Nanging Injilipun Gusti Allah punika kagem sedaya titah, sedaya bangsa ing salumahing bumi. Ayahan martosaken Injilpun Gusti punika sampun dados kewajiban tumprap saben tiyang pitados. Menawi sedaya punika kita tindakaken kanthi tumemen lan iklas temtu Gusti mberkahi. I *ESB.
Memilih dalam Spirit Pertobatan
Memilih dalam Spirit PertobatanSurat Penggembalaan Bapelsin XXIX GKJ dalam Rangka Pemilihan Umum 2024No. SK/2024/B7/SB709/52 Salam sejahtera, Pada hari Rabu 14 Februari 2024, secara serentak di negara kita akan dilaksanakan pesta demokrasi dalam bentuk pemilihan umum (Pemilu) untuk memilih calon Presiden dan Wakil Presiden (Pilpres) serta pemilihan anggota legislatif (Pileg) untuk memilih calon anggota DPR RI, DPRD Provinsi, DPRD Kabupaten/Kota, dan DPD. Pemilu kali ini diikuti 3 pasang calon Presiden dan Wakil Presiden dan 9.917 caleg; yang berasal dari 18 partai politik Nasional dan 6 partai politik lokal Aceh di 84 daerah pemilihan. Mengikuti pesta demokrasi adalah bagian dari tanggung jawab kita sebagai warga negara. Dalam Pokok-pokok Ajaran Gereja Kristen Jawa (minggu ke 19 dan 20; pertanyaan 178-201), kita semua diajarkan bagaimana harus memahami dan bersikap dalam kehidupan bernegara. Kita semua memahami bahwa pemilu adalah proses bernegara untuk menentukan kepada siapa negara ini akan kita percayakan untuk dikelola dan diawasi. Pemerintah, yang dipimpin oleh Presiden dan Wakil Presiden, adalah penerima mandat rakyat untuk mengelola negara ini. Di sisi yang lain, Dewan Perwakilan Rakyat (DPR) adalah penerima mandat dari rakyat untuk mengawasi pemerintah dalam pengelolaan negara ini. Dengan pemahaman demikian maka penting bagi kita untuk, benar-benar teliti, cermat, dan penuh hikmat, menentukan pilihan dan menyerahkan mandat kita kepada para calon presiden dan wakil presiden serta para calon wakil rakyat yang ada. Untuk itu, Bapelsin XXIX mendorong setiap warga jemaat untuk hadir di TPS dan menggunakan hak pilihnya dengan baik dan bertanggung jawab. Di sisi lain, kita semua tahu dan merasakan bahwa proses demokrasi di negara kita masih belum mewujud dengan sempurna. Masih saja ada praktik-praktik yang mencoreng wajah demokrasi kita. Hal itu nampak pada praktik-praktik yang tidak elok seperti: Oleh karena itu secara khusus Bapelsin XXIX GKJ menghimbau kepada: Dalam kehidupan bergereja kita, Pemilu yang akan berlangsung pada tahun 2024 ini juga akan bersamaan dengan perayaan iman kita, yaitu ibadah Rabu Abu. Penting bagi kita untuk mengahayatinya secara bersama, bahwa kehidupan beriman dan bernegara adalah dua sisi kehidupan yang tak terpisahkan dalam diri kita. Kiranya dua hal penting itu tidak saling meniadakan satu dengan yang lain. Bahkan kiranya kedua hal tersebut mendapatkan makna yang saling meneguhkan. Undangan pertobatan yang dikumandangkan dalam ibadah Rabu Abu kiranya bisa menjiwai pesta demokrasi kita dengan menghindarkan diri dari praktik-praktik yang tidak elok. Bapelsin XXIX berharap pesta demokrasi bisa berjalan dengan baik, lancar, aman, jujur, dan adil. Di sisi yang lain, Ibadah Rabu Abu tetap bisa diselenggarakan dengan memilih waktu yang tidak saling mengganggu, misalnya pada Rabu sore atau malam setelah pemilu selesai dilaksanakan. Kiranya Kristus, Sang Raja Gereja, senantiasa memberkati dan menolong kita dalam menghayati iman dan berperan dalam hidup bernegara. Salatiga, 12 Januari 2024 Badan Pelaksana Sinode XXIX Gereja-gereja Kristen Jawa
GKJ Magelang Rayakan 1 Abad
Magelang, Gereja Kristen Jawa (GKJ) Magelang merayakan ulang tahun ke-100 pada hari Rabu, 31 Januari 2024. Perayaan ini dihadiri oleh seluruh jemaat, turut hadir Camat Magelang Tengah, Kepala Kantor Kemenag Magelang, Ketua BSAG Magelang, para pendeta se klasis dan Sekum GKJ, serta gereja-gereja sekitar di klasis Magelang. Ibadah syukur dan perayaan 1 Abad GKJ Magelang dipimpin oleh Pdt. Em. Andreas Untung Wiyono, D.Min. Dalam khotbahnya, Pdt. Untung mengajak seluruh anggota gereja untuk bangkit, terlibat, dan menjadi berkat. “Selama 100 tahun, GKJ Magelang telah berdiri dan berkembang karena kasih pertolongan Tuhan dan kemampuan gereja menjawab tantangan zamannya. Ketika gereja tidak mampu menjawab tantangannya, maka gereja tidak akan dirasakan kehadirannya dan akan ditinggalkan. Sudah 100 tahun GKJ Magelang membuktikan itu semua. Dan sekarang, gereja ini harus mampu mengenali tantangannya ke kini dan nanti, serta mampu menjawabnya bersama dengan pertolongan Tuhan. Sehingga gereja ini tidak hanya akan 100 tahun, tapi juga 1000 tahun dan sampai akhir zaman,” kata Pdt. Anugrah Kristian Sekretaris Bapelsin XXIX GKJ dalam sambutannya Selain ibadah syukur, dalam perayaan 1 Abad GKJ Magelang juga diselenggarakan peresmian Joglo Bayeman. Joglo Bayeman dibangun sebagai simbol peringatan 1 Abad GKJ Magelang. Joglo ini akan digunakan sebagai tempat kegiatan gereja dan masyarakat. Perayaan 1 Abad GKJ Magelang merupakan momentum penting bagi gereja ini. Perayaan ini menjadi kesempatan bagi GKJ Magelang untuk merenungkan perjalanannya selama 100 tahun, serta meneguhkan komitmennya untuk terus berkarya bagi masyarakat.
SEKARANG BIARLAH HAMBAMU INI PERGI DALAM DAMAI SEJAHTERA.
Penggalan ayat diatas diambil oleh Pdt. Immanuel Geovasky untuk melepas kepergian Pdt. Em. Soeharto Hardjosuwita menuju makam Bayuran. Pada tanggal 30 Januari 2024 pukul18.30 telah berpulang dalam pangkuan Bapa di sorga, hamba-Nya yang setia Pdt. Em. Soeharto Hardjosuwita. Beliau adalah salah satu pendeta yang di utus oleh Sinode GKJ untuk melayani di Angkatan Udara Republik Indonesia. Pdt. Em. Soeharto Hardjosuwita awalnya melayani di GKJ Ngampin dan GKJ Ambarawa pada tahun 1957 hingga tahun 1962. Kemudian beliau diutus untuk melayani di Angkatan Udara di Lanut Adisucipta maupun Lanut Halim Perdanakusuma hingga emeritus. Pdt. Em. Soeharto Hardjosuwita meninggal dunia pada usia 95 tahun, meninggalkan istrinya ibu Mariyam serta anak, menantu, cucu, buyut dan sanak saudara. Ibadah pelepasan jenasah di lakulan pada tanggal 1 Februari 2024 pukul 09.00 di rumah duka Jln. Nogopuro No. 07 RT 03/RW 02 GowokCatur Tunggal Depok Sleman. Ibadah dilayani oleh. Pdt. Immanuel Geovasky dari GKJ Karangbendo Jogjakarta.Adapun jenasah Pdt. Em. Soeharto Hardjosuwito disemayamkan di Makam Bayuram Bantul. Segenap Bapelsin GKJ ke 29 meyampailan ikut belarasa atas kepergian Pdt. Em. Soeharto Hardjosuwita. Kiranya Ibu Mariyam beserta keluarga senantiasa di beri kekuatan dan penghiburan.





