+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 27 Januari 2024 Minggu III Saksampunipun Epifani

Pangandharing Toret 13:1-5; Jabur 111; Mateus 8:28-9:1
MBRASTA PATRAP NASAR ING GESANG KITA
“Pangajake nabi utawa wong olah inpen mau aja kokturuti…”
(Pangandharing Toret 13:4)

Umat Israel kaparingan pepenget ingkang cetha lan kenceng supados ngatos-atos sampun ngantos keblithuk lan ketarik kangge manembah dhateng para allah/dewa sesembahahanipun bangsa Kanaan. Umat Israel kadhawuhan namung mirengaken piwucal saking nabinipun Gusti Allah ingkang mesthi badhe mucalaken bab panembah lan pangabekti dhateng Gusti Allah piyambak. Pancen boten gampil menawi umat Israel kedah fokus namung dhateng Sang Yehuwah; awit saben dinten umat Israel wau gesang ing pasrawungan kaliyan suku-suku bangsa Kanaan. Pramila, umatipun Gusti Allah kedah nggadhahi disiplin rohani supados saged ngener namung dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allahipun.
Menawi dhawuh menika kaetrapaken dhateng kita, kita ugi kedah nggadhahi disiplin rohani inggih punika manembah mangabekti kanthi setya namung dhateng Gust Yesus Kristus. Kita inggih ningali kawontenan ing kiwa-tengen kita, kathah tiyang ingkang taksih pitados dhateng dukun lan paranormal ingkang asring kasebat “tiyang pinter”. Kathah tiyang ingkang sami nyuwun pirsa lan nyuwun kekiyatan dhateng tiyang pinter wau. Menapa kita ugi ketarik dhateng praktek perdukunan kados menika?
Jabur 62:9 ngengetaken, “He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane (Gusti Allah). Sarasaning atimu sokna ana ing ngarsane. Gusti Allah iku Pangaypman kita”. Lan ing Matius 11:28 kaserat, “He para wong kang kesayahen lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu”. Ugi ing I Petrus 5:7, “Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane (Sang Kristus) Sebab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh”. Ing sadaya kawontenan kita kedah tansah pitados lan mitadosaken gesang namung dhumateng Gusti Yesus, Allah kita ingkang sejati. Amin. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ