Mikha 3:1-4; Jabur 15; Yokanan 13:31-35 KALUHURAN LAN KAMULYAN PEPARINGIPUN GUSTI “Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.” (Yokanan 13:32) Kaluhuran lan kamulyaning gesang punika gegadhanganipun sadaya tiyang ingkang gesang. Sanadyan bingah sisah, begja cilaka punika peranganing gesang ingkang gilir gumanti karaosaken. Emanipun, asring kita mrangguli peranganing gesang kebak ing panandhang lan karupekan. Kados-kados boten wonten telasipun nempuhi gesang kita. Yen sadaya punika kita raosaken kanthi kasekenganing badan kamanungsan kita; tangeh lamun saged unggul. Kita boten badhe gaduk nggayuh kaluhuran lan kamulyan ingkang sejati ingkang kaprasetyakaken Gusti dhateng kita, umat kagunganipun. Makaten ugi ingkang kebabar ing injil Yokanan 13:31-35, ingkang ngandharaken, bilih sasampunipun Yudas Iskariot kesah Gusti Yesus pratela; “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane”. Bebasan rerekan sawer kang pinenthang, satemah sinten kemawon ingkang ndeleng, kapitulungan rahayu, kalis saking sawabing wisa. Pitakenipun kados pundi salib dados margining kaluhuran? Rak punika pratanda karingkihan lan kasangsaran malah kaasoran? Awit Gusti Allah karsa nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa. Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib. (Filipi 2:7-8) Underaning saking prasetyanipun Allah inggih ing pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken dening Gusti Allah Pribadi. Murih sadaya titah wangsul ing kekeranipun lan boten gesang mblasar nggega pikajengipun piyambak ingkang winengku ing dosa lan pepejah. Manungsa kantun nampi uluraning astanipun Gusti Allah ing pakaryanipun Sang Kristus Yesus. Salib minangka tanda sihpangurbanan pambirating dosa ugi minangka jangkeping prasetyaning Allah murih kawilujengan binabar. Amin. |*AK
Jemuwah, 27 Januari 2023 Minggu Limrah II
Pangandharing Toret 24:17-25:4; Jabur 15; I Timotius 5:17-24 TIYANG INGKANG TENTREM RAHAYU “Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?” (Jabur 15:1) Ing satengahing gesang, mbokbilih nate ngraosaken utawi mireng pitakenan bab mangke sawusipun kapundut ing Gusti utawi pepuntoning uriping manungsa kados punapa. “Yen sesuk mati mlebu swarga apa ora?” Utawi “sing iso mlebu swarga kuwi wong sing kayangapa?” Pitakenan ingkang makaten limrah awit dereng nate tiyang ingkang tangi sasampunipun kapethak (dipun kubur) lajeng miterang bab swarga lan naraka. Sedaya punika namung “kandhane/jarene”. Wonten ing Kitab Mazmur 15:1-5; anggitanipun Sang Prabu Dawud, bab sinten ingkang nampi gesang wonten ing aubing swiwinipun Gusti utawi ing Sion (Redining Allah) injih punika tiyang ingkang lampahipun boten cacad. Tansah tumindak adil ing sadaya perkawis ing gesangipun. Sarta ngucapaken ingkang saestu bener kanthi gumolonging manah. Wosipun anggenipun wicanten saged dipun ugemi lan dipun buktekaken kanthi saestu. Boten wola-wali, trawaca lan gumathok manut pranatan lan paugeran nagari punapa malih paugeraning Gusti Allah. Gesangipun taksah saged ngaosi ing bab pasedherekan. Pangandhikanipun kebak kawasisan lan kautamaning gesang. Boten nate ambeg siya mring pepadha-pepadhaning ngaurip. Tebih saking panindhes lan panguya-uya mring pepadha. Sadaya lampahing gesang ngudhi karahayon lan karaharjaning sesami. Kadosdene tiyang ingkang ngupadi sangkan paraning dumadi lan sasampunipun mangertosi lajeng ndhadha diri ingayom lan karsanipun Gusti ingkang nitahaken dirinipun. Tansah manekung puja ngeneraken lampah lan tindhakipun ing margining bebener. Kadosan lan karingkihan diri sinaosken mring Gusti anjok ing sih-rahmat lan tentrem rahayu raharjaning gesang. Tansah anarimah ing berkah kang tinampi. Sinartan pamuji sokur lan panuwuh konjuk Gusti ingkang sampun kepareng maringaken sih rahmat kawilujengan wonten ing gesangipun. Pamuji sokur ingkang minangka pisungsung ingkang gesang, suci lan ngganda arum murih kaluhuraning asmanipun Gusti lan tenterm rahayu tumrap sesami. Amin.|*AK
Kemis, 26 Januari 2023 Minggu Limrah II
Pangandharing Toret 16:18-20; Jabur 15; I Petrus 3:8-12 NGGAYUH URIP KANG BECIK “Sing sapa arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik, kudu mekak ilate, aja nganti kawetu kang ala sarta mekak lambene tumrap tetembungan kang cidra. Wong iku nyingkirana piala sarta nglakonana kabecikan; wong iku kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa kagayuh.” (I Petrus 3:10-11) Sinten ta tiyang ingkang mboten kepingin gesangipun sarwa eca tur sekeca? Gesang sarwa kacekapan. Punapa ingkang dipun sedya kasembadan. Sedaya kabetahaning gesang sampun cumawis lan boten sisah kanthi kangelan lan rekao. Rerantaman ingkang kados makaten sagedipun kababar inggih dipun gayuh kinanthenan ing pambudidaya. Pambudidaya inggih kantindakna kalawan tumemen, supados punapa ingkang dipun gadhang-gadhang boten nglaha utawi kothong ananging pinanggih sedya saking pambudidayaning gesang. Rasul Petrus paring seserepan supados gesang punika pikanthuk tentrem lan raharja. Gesang ingkang sarwa grapyak sumanak. Tresna asih dhateng sesami. Ambeg welasan lan tansah andhap asor ing budi. Males becik tumrap kang paring piala. Nebihi dredah, pasulayan lan memengsahan. Tansah mbudidaya murih tentreming pepadha lan suwasana. Gesang tansah mursid yekti. Malah dipun tandesaken malih; yen arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik kedah saged mekak ilate. Tegesipun sageda ngendaleni pangucapipun lambe. Ajining diri gumantung ana ing lathi. Kedah ngedhalaken wicanten ingkang utama, ingkang wicaksana lan maedahi tumraping diri lan sesami. Boten dora punapa malih cidra. Awit saking punika sumangga tansah mbudidaya kanthi sakatoging driya; kanthi temen nindakaken karsanipun Gusti. Jer Gusti Allah tansah nilingake kasusahane umate, “Jalaran tingale Pangeran iku tumuju marang para wong mursid, sarta talingane nilingake marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wadanane Pangeran iku nglawan marang wong kang padha nglakoni piala.” Sumangga tansah kumandel ing berkah lan pitulungane Gusti. Awit Karaharjaning gesang lan tentrem rahayu ingkang pinangkane saka Gusti Allah, tumedhak ing umate lan nyrambahi ing sabumi kabeh. Murih kaluhurane asmane Gusti. Amin. Amin. |*AK
Rebo, 25 Januari 2023 Minggu Limrah II
Purwaning Dumadi 49:1-2, 8-13; Jabur 27:7-14; Lukas 1:67-79 DADOS CECALA “Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,” (Lukas 1:76) Salah satunggaling pandamel ing gesang ingkang boten sae inggih punika. mewadha, nacad liyan utawi nyandra ala. Metani eleking liyan malah uga ngina awoning tiyang sanes. Milaur damel dredah tinimbang damel tentreming suwasana. Napa malih tumraping tiyang kang damel kapitunan tumrap awakipun piyambak. Kepara ngraosaken mangkel, anyel lan gregetan. Menawi saged kepingin males tumindak awoning tiyang. Ananging menawi pikantuk kabegjan lan kanugrahan, malah pangalembana saking asanes, cekap kangge awakipun piyambak. Ngraosaken bombong lan bungah. Wondene tiyang sanes ing mangsa borong. Mbuh ra ruh (ora weruh). Boten makaten tumraping Yokanan. Yokanan kapiji nyawisaken margi kagem Gusti Allah mbabar kawilujengan. Awit kawilujengan saking Gusti punika kangge sadaya tiyang boten namung kangge Yokanan, lan bangsa Israel kemawon. Yokanan kedah paring seserepan dhateng bangsa Israel bab rawuhipun Sang Pepadhang ingkang mbekta karahayon dhateng sadaya tumitah. Supados estu umat nampi rawuhipun, lan nampi prasetyaning Allah. “…. ngretekake umate marang dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosane marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah kita, kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.” (Lukas 1:77-79). Nyawisaken margi rawuh Dalem Gusti lan nyumurupaken margining karahayon kangge sadaya umat. Makaten ugi kita ingkang sampun nampi margining karahayon, kapiji kapatah dados cecala tumraping sesami. Awit karahayon punika inggih kangge sadaya umat. Awit saking punika wontena pundi papan lan suwasana utawi wekdal, kita sageda dados cecala tumrap sesami lan ugi nyawisaken margi rawuh Dalem Gusti ingkang kaping kalih. Gusti mberkahi. Amin. |*AK
Slasa, 24 Januari 2023 Minggu Limrah II
Para Hakim 7:12-22; Jabur 27:7-14; Filipi 2:12-18 NGUDI GUSTI LAN PITEDAHIPUN “Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradin margi saking wontenipun mengsah kawula.” (Jabur 27:11) Urip iku prayoga ora mung sakarepe dhewe. Ora mung sing penting aku ora ngganggu liyan lan aku iya emoh diganggu liyan. Dadi mung ngudi kepenake uripe dhewe. Wondene masalahe wong liya, iya kana sak karepe sing arep nglakoni. Sing penting ora nggangu uripku. Bebasan “Elu-elu, Gue-gue”. Kaya-kaya pamawas kang kaya mangkono iku wis trep lan bener. Jebul sanyatane ora trep lan ora bener. Jer iku mung mikirake awake dhewe emoh direpotke ing liyan. Aja maneh mikirke uripe wong liya. Sajak tambuh lan leh-luweh. Pitedahe Gusti Allah ana ing Jabur 27:7-14; njlentrehake menawa sesambetan kang rumaket ing antarane manungsa lan Gusti ikut nyawabi urip kang kebak kaendahan lan kaelokan ana ing antarane manungsa kang urip “Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip!” Awit saka iku, Sang Prabu Dawud tansah nyadhong berkahe Gusti murih pikantuk pitedahe lan lumaku ing dalan kang uwis dituduhake Gusti. Sang Prabu Dawud mangerti lan percaya menawa Gusti Allah kang minangka sumbering urip, sumbering kakuwatan kasantosan sarta katentreman bakal kang ngayomi ngrampungake samubarang kabeh pepalang rubedha kang ana ing uripe. Dalaning uripe bakal kepenak awit dalan kang kaparingake Gusti iku rata, sarta anjok ing kaunggulan lan urip ayem tentrem kebak ing kabegjan. Urip kang tentrem lan ayem malah kepara tansah bisa ngrampungake prakaraning uripe iku kang dadi gegadhangane saben wong. Semono uga urip kang enak kepenak. Nanging kasunyatane prakara iku ora bisa mung kanthi landesan diri pribadi. Nanging uga kanthi sipat kandel tansah kumandel ing Gusti. Sabab kuwi kang njalari berkah lan kabegjaning Gusti kababar ana urip sanyatane. Sanajan to ngepasi nemu dalan kang rumpil, Gusti Allah piyambak ingkang mitulungi lan berkahi. Amin. |*AK
Senen, 23 Januari 2023 Minggu Limrah II
Para Hakim 6:11-24; Jabur 27:7-14; Efesus 5:6-14 ASIKEP PEPADHANGING ALLAH “Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang, marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran, lan titi-priksanen apa kang dadi keparenging Gusti. (Efesus 5:8-10) Padhang lan peteng asring kaetrapake kanggo nyebut bab tumindak utawa panggawene manungsa. Kasebut tumindak ing pepeteng ateges panggawene ora nuhoni paugeran. Badhea paugerane pamarentah apamaneh paugerane Gusti Allah. Kosok baline yen uripe kuwi ana ing pepadhang iku ateges lakune kuwi wis trep jumbuh karo paugerane pamarintah apadene paugerane Gusti Allah. Pasamuwan Efesus kaemutake bab uripe dek biyen sakdurunge kawengku pepadhange Sang Kristus lakune isih ana ing pepeteng. Malah ing Efesus 5:8 dikandakake dadi pepeteng. Kuwi ateges uripe biyen mung gawe kisruh, sak karepe dhewe, ora gawe tentrem lan ala ing panggawe. Awit iku sakwise ana ing pepadhange Gusti Allah ing pakaryane Gusti Yesus Kristus kang mulang bab katresnan kang sejati, kudu padha lumaku ing pepadhang. Malah kudu dadi pepadhang uga kaya Gusti Yesus Sang Pepadang Sejati. Urip nindakke sadhengah kabecikan lan kaadilan sarta kabeneran utawa kayekten jumbuh kalawan keparenge Gusti Allah. Ngaku dadi wong apik nanging jebul ora apik kuwi ateges apus-apus. Mirangake awake dhewe. Ateges ora ana ajine babar pisan. Apa maneh mujudake panuwun sokur marang Gusti Allah tangeh lamun kebabar yen ta panggawene mung kanggo awake dhewe. Sangsaya dados kuceme asmane Gusti nalika panggawe iku sinartan pratingkah kang cengkah kalawan dhawuh lan kersanipun Allah. Awit saka iku kita kudu terus mawas diri. Naliti awake dhewe wis jumbuh karo kersane Gusti apa durung? Apa malah mung manut karepe dhewe? Yen isih nganggo pamawase dhewe lan underane mung awake dhewe kudu enggal ngowahi wawasan, ati lan panindak supaya jumbuh karo kersaning Gusti Allah. Murih kabeh iku urip ing pepadhang lan bebenere Gusti lan malah dadi pepadhang jumbuh karo kersane Gusti Allah. Amin. |*AK
Ahad, 22 Januari 2023 Minggu Limrah II
Yesaya 9:1-4; Jabur 27:1, 4-9; I Korinta 1:10-18; Mateus 4:12-23 GUSTI PEPADHANGKU “Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.” (I Korinta 1:18) Nalikanipun oglangan, adhakanipun banjur pados lilin. Dilalah kok boten kepanggih, njur ngresula “Piye to ki, persiapan khotbah malah onglangan? Lilin biasane gemletak, pas dibutuhke kok ora ana?” Awit kahanan peteng arep mlaku was-was. Ora bisa ndeleng mengko mundhak nunjang barang lan perabotan. Bisa-bisa malah ketatap lawang utawa nabrak meja kursi. Utawa yen pas wanci wengi ana ndalan ngerti-ngerti lampu listrik mati, obor, senter ora nggawa, marakke ora ngerti dalan, bisa-bisa yen lumaku kejeglong, kesangdung utawa isa uga mlebu jurang yen pas tumuju ana nggunung utawa parang. Apa maneh yen nalikane ati ora jenjem malah lagi kebak masalah, pikiran ruwet, golek cecala ora ana sing pas malah kepara sangsaya ruwet. Bab kang mangkana iku bisa marakake semplah, susah, nglokro, depresi, malah bisa uga stress. Ing I Korinta 1:10-18, nerangake bab kang kaanggep prakara kabodoan, yaiku prakara bab salibe Sang Kristus. Pancen yen katiti priksa sacara kamanungsan wantah, panemu kang cetha bab apa ta unggule salib iku, sapa ta Yesus kuwi, pance ora gampang. Prakara kang mangkono iku kang dipikir wong Yahudi jaman biyen. Awit saka iku trus mewada bab Gusti Yesus. Dupeh Gusti Yesus iku dudu saka trahe wong Yahudi kang pinunjul. Malah nelakake karingkihan lan kaasoran, anggone nandang sangsara sinalib lan seda. Mila Rasul Paul nerangake yen salib iku pancen dadi kabodohan tumrape wong kang bakal tiwas. Nampik Gusti Yesus minangka pepadhange jagad kang dianti-anti rawuhe, ngluwari lan nylametake jagad. Wong kang katuntun lan gelem nampa Gusti Yesus kuwi pikantuk pepadhang. Awit rawuhe Gusti pancen arep madhangi jagad saka pepeteng. Madhangke ati kang susah, temahan dadi ayem lan nentremake urip. Ora kabidung pepeteng, malah diparingi sawab berkah kang pinangkane saka ngaluhur. Nuwuhake pepadhang kang njalari anteping ati lan pikir kang nuntun lakune urip. Sateme Gusti Yesus iku dilah ing jagad lan pepadhang ing bumi. Gusti Pepadhang sanyata! Amin. |*AK
Setu, 21 Januari 2023 Minggu Limrah I
I Samuel 15:34-16:13; Jabur 27:1-6; Lukas 5:27-32 MILIH INGKANG LANGKUNG PANGAJI “Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti Yesus.” (Lukas 5:28) Saben tiyang kepingin ndarbeni kasugihan. Yen ta saged, gumebyaring jagad karengkuh kagayuh kanthi daya punapa kemawon. Sinten ta ingkang boten kepingin sadaya kekarepanipun kasembadan? Sarwa eca tur sekeca. Sadaya sampun cumawis. Boten perlu kangelan. Nanging punapa sadaya ingkang kagayuh punika saestu pangaji lan nyawabi tumraping gesang ing tembe? Punapa kosok wangsulipun; namung satleraman lan sakedheping netra kemawon sarta salajengipun mboten wonten aos ajinipun malih? Makaten ingkang dados panggegilut tumraping Lewi, salah satunggaling juru mupu beya, ingkang sugih bandha nanging ngraosaken nglaha ing gesangipun. Punapa malih panyaruwe saking para ahli Toret lan para wong Farisi ingkang tansah njeksani para juru mupu beya minangka tiyang dosa, reged lan namung dados uwuh (sampah) ing masyarakat. Pramila nalikanipun Gusti Yesus nimbali, “Melua aku!” manahipun Lewi kabuka. Wondene wonten tiyang Yahudi ingkang kepareng nampi gesangipun. Benten kaliyan panampining para Farisi lan ahli Toret ingkang nganggep piyambakipun minangka tiyang sudra, kebak ing dosa. Srana timbalan “Melua aku!” Lewi ngraosaken gesangipun dipun aosi dening Gusti. Awit saking punika piyambakipun lajeng ninggal sadaya darbekipun lajeng ndherek Gusti sarta suka-pari suka awit berkah ingkang ageng punika. “Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.” (Lukas 5:29) Gesang kita langkung ing pangaji injih sasampunipun kaentasaken saking wewayanganing pati tumuju urip langgeng. Gesang ingkang kebak ing kabagyan lan tentrem rahayu. Gesang tansah manggih kaayeman ing sadaya lampahing gesang. Kemareman ingkang nepis sedaya pepinganing kadonya nalika sampun tinunggil ing Gusti. Gesang ingkang anjok ing kasampurnan lan Pangajeng-ajeng ing bab ingkang luhur, ingkang langkung pangaji; nglangkungi samudayanipun. Satemenipun, Gusti ingkang paring tentrem rahayu. Sumber pangajeng ajeng ingkang boten nate muspra. Amin. |*AK
Jemuwah, 20 Januari 2023 Minggu Limrah I
I Samuel 9:27-10:8; Jabur 27:1-6; Galatia 2:1-10 TETEP BAKUH “Nanging sathithik bae aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk marang wong-wong mau, supaya kayektene Injil bisa tetep ana ing kowe.” (Galatia 2:5) Wonten ing gesang padintenan; malah ing sauruting gesang kathah bab ingkang asring ngendhih prasetya lan kaatepan kita wonten ing Sang Kristus Yesus. Punika sedaya saged dipun wastani pandadaraning gesang. Wondene awrat lan enthenging pandadaraning gesang punika pinta-pinta. Satunggal lan sanesipun benten. Wonten ingkang mastani bilih perkawis ingkang nempuhi ing gesangipun sawijing tiyang punika awrat. Makatena ugi kosok wangsulipun punapa ingkang nempuh ing tiyang ingkang mungel awrat menawi dipun wawas sederek sanesipun punika perangan ingkang karaos entheng. Mila wonten tembung, “Wong mono mung wang sinawang,” Dados tumraping setunggal lan satunggalipun boten badhe sami. Mbok menawi makaten ingkang kelampahan ing peladosanipun para rasul anggenipun nggiyaraken injil kratoning Allah tumrap golongan kang boten tetak. Punapa kedah dipun etrapi tata adat yahudi punapa boten? Tumraping para-para ingkang ngugemi kaluhuraning tata adat yahudi, ngetrapake tata adat yahudi dados kawajiban. Mangka menawa kawajiban dipun lirwakaken ateges kirang tata lan boten pantes. Wondene tumraping Rasul Paul boten makaten. Sauger injil kratoning Allah saged kababar, sinartan pangetrape adat yahudi punapa boten punika sanes perangan ingkang wigati. Punapa malih nalikanipun pamrayogi punika tuwuh wontenipun raos srei lan drengki, boten perlu kagape/karewes. Ingkang baken bilih punapa ingkang katindakaken injih namung saking kersanipun Sang Kristus ingkang paring dhawuh lan ngersakaken Injiling tentrem rahayu punika karaosaken lan kababar kinanthenan kamardikan. Inggih punika kamardikan ingkang sejati ing Sang Kristus Yesus kemawon. Sadaya ingkang tinempuh ing gesang tansah karaosaken kathi kumandel ing Gusti. Awrata ethenga sadaya karampungaken kanthi greget lan semangat, boten badhe ewah gingsir tetep bakuh kukuh ing Sang Kristus. Saestu Panjenenganipun Gusti Yesus Kristus ingkang ndadosaken pikukuh-pikekahing gesang. Amin. |*AK
Kemis, 19 Januari 2023 Minggu Limrah I
I Samuel 1:1-20; Jabur 27:1-6; Galatia 1:11-24 ETUKING KASANTOSAN “Anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku, sapa kang dakwedeni? Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku, sapa kang marakake aku gumeter?” (Jabur 27:1) Raos ajrih tuwuh nalikanipun: lumampah ing margi ingkang sepi utawi papan kang wingit lan angker, kadosta pasarean. Wonten ugi ingkang ajrih nalikanipun ingancam ing panandhang. Kadosta dipun vonis menawi gadah penyakit tumor utawi kangker. Kejawi obatipun awis, kedah kemoterapi wongsal-wangsul. Kalamangsanipun inggih mbetahaken tranfusi darah malah saged kemawon cuci darah. Awit saking punika, adhakanipun kedah tlaten lan sabar. Awit terapi lan pengobatanipun mbetahaken wekdal ingkang dangu. Semangat ingkang ageng saetu kabetahaken. Prabu Dawud nglenggana kalenggahan minangka ratuning Israel punika boten gampil. Kathah pepalang lan rubedha ingkang badhe tumempuh tumrap diri lan bangsanipun. Punapa malih nalikanipun wiwit katetepaken minangka raja sampun dipun mengsahi Sang Prabu Saul. Dereng malih raos serik lan gething saking bangsa-bangsa sakiwa tengenipun. Nanging Sang Prabu Dawud pitados bilih Sang Yehuwah ingkang njebadi ugi ingkang badhe paring kasantosan. Inggih saestu makaten ingkang pinanggih ing gesangipun Sang Prabu Dawud lan sadaya bangsa Israel. Kanthi paseksi bilih namung Gusti ingkang dados pepajar lan pamartanipun. Awit saking punika Sang Prabu Dawud sangsaya kekah ing kapitadosan bilih namung Sang Yehuwah tuking kasantosanipun. Temtu gesang ing alam donya punika boten kalis ing rubedha lan panandang. Asring nyampar nyandung lan saged kemawon gebentus ing tawang. Kantun kados pundhi anggen kita ngadhepi? Kados pundhi anggen kita mawas lan ngrampungaken sadaya pepalanging gesang punika? Kita inggih nglenggana sanajan nyawa cumandhang badan punika ringkih. Perlu tansah kaatag ing pandonga lan jumaga. Jer namung Gusti Allah tuking kasantosaning gesang, kaayeman katentreman. Sedaya pameteking gesang badhe dipun adhepi kalawan santosa. Awit injih estu namung Gusti pribadya ingkang dados kasantosaning gesang. Amin. |*AK
