+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen,  23 Januari 2023 Minggu Limrah II

Para Hakim 6:11-24; Jabur 27:7-14; Efesus 5:6-14

ASIKEP PEPADHANGING ALLAH

“Pancen, biyen kowe iku dadi pepeteng, nanging saiki kowe

dadi pepadhang ana ing Gusti. Mulane lakumu dikaya putra-putraning pepadhang, marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan

lan kaadilan lan kabeneran, lan titi-priksanen

apa kang dadi keparenging Gusti.

(Efesus 5:8-10)

Padhang lan peteng asring kaetrapake kanggo nyebut bab tumindak utawa panggawene manungsa. Kasebut tumindak ing pepeteng ateges panggawene ora nuhoni  paugeran. Badhea paugerane pamarentah apamaneh paugerane Gusti Allah. Kosok baline yen uripe kuwi ana ing pepadhang iku ateges  lakune kuwi wis trep jumbuh karo paugerane pamarintah apadene paugerane Gusti Allah.

Pasamuwan Efesus kaemutake bab uripe dek biyen  sakdurunge kawengku pepadhange Sang Kristus  lakune isih ana ing pepeteng. Malah ing Efesus 5:8 dikandakake dadi pepeteng. Kuwi ateges uripe biyen mung gawe kisruh, sak karepe dhewe, ora gawe tentrem lan ala ing panggawe. Awit iku sakwise ana ing pepadhange Gusti Allah ing pakaryane Gusti Yesus Kristus kang mulang bab katresnan kang sejati, kudu padha lumaku ing pepadhang.  Malah kudu dadi pepadhang uga kaya Gusti Yesus Sang Pepadang Sejati. Urip nindakke sadhengah kabecikan lan kaadilan sarta kabeneran utawa kayekten jumbuh kalawan keparenge Gusti Allah.

Ngaku dadi wong apik nanging jebul ora apik kuwi ateges apus-apus. Mirangake awake dhewe. Ateges ora ana ajine babar pisan. Apa maneh mujudake panuwun sokur marang Gusti Allah tangeh lamun kebabar yen ta panggawene mung kanggo awake dhewe. Sangsaya dados kuceme asmane Gusti nalika panggawe iku sinartan pratingkah kang cengkah kalawan dhawuh lan kersanipun Allah. Awit saka iku kita kudu terus mawas diri. Naliti awake dhewe wis jumbuh karo kersane Gusti apa durung? Apa malah mung manut karepe dhewe? Yen isih nganggo pamawase dhewe lan underane mung awake dhewe kudu enggal ngowahi wawasan, ati lan panindak supaya jumbuh karo kersaning Gusti Allah. Murih kabeh iku urip ing pepadhang lan bebenere Gusti lan malah dadi pepadhang jumbuh karo kersane Gusti Allah. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ