Para Hakim 7:12-22; Jabur 27:7-14; Filipi 2:12-18
NGUDI GUSTI LAN PITEDAHIPUN
“Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi pitedah bab Paduka
sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradin
margi saking wontenipun mengsah kawula.”
(Jabur 27:11)
Urip iku prayoga ora mung sakarepe dhewe. Ora mung sing penting aku ora ngganggu liyan lan aku iya emoh diganggu liyan. Dadi mung ngudi kepenake uripe dhewe. Wondene masalahe wong liya, iya kana sak karepe sing arep nglakoni. Sing penting ora nggangu uripku. Bebasan “Elu-elu, Gue-gue”. Kaya-kaya pamawas kang kaya mangkono iku wis trep lan bener. Jebul sanyatane ora trep lan ora bener. Jer iku mung mikirake awake dhewe emoh direpotke ing liyan. Aja maneh mikirke uripe wong liya. Sajak tambuh lan leh-luweh.
Pitedahe Gusti Allah ana ing Jabur 27:7-14; njlentrehake menawa sesambetan kang rumaket ing antarane manungsa lan Gusti ikut nyawabi urip kang kebak kaendahan lan kaelokan ana ing antarane manungsa kang urip “Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip!” Awit saka iku, Sang Prabu Dawud tansah nyadhong berkahe Gusti murih pikantuk pitedahe lan lumaku ing dalan kang uwis dituduhake Gusti. Sang Prabu Dawud mangerti lan percaya menawa Gusti Allah kang minangka sumbering urip, sumbering kakuwatan kasantosan sarta katentreman bakal kang ngayomi ngrampungake samubarang kabeh pepalang rubedha kang ana ing uripe. Dalaning uripe bakal kepenak awit dalan kang kaparingake Gusti iku rata, sarta anjok ing kaunggulan lan urip ayem tentrem kebak ing kabegjan.
Urip kang tentrem lan ayem malah kepara tansah bisa ngrampungake prakaraning uripe iku kang dadi gegadhangane saben wong. Semono uga urip kang enak kepenak. Nanging kasunyatane prakara iku ora bisa mung kanthi landesan diri pribadi. Nanging uga kanthi sipat kandel tansah kumandel ing Gusti. Sabab kuwi kang njalari berkah lan kabegjaning Gusti kababar ana urip sanyatane. Sanajan to ngepasi nemu dalan kang rumpil, Gusti Allah piyambak ingkang mitulungi lan berkahi. Amin. |*AK