+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad,  22 Januari 2023 Minggu Limrah II

Yesaya 9:1-4; Jabur 27:1, 4-9; I Korinta 1:10-18; Mateus 4:12-23

GUSTI PEPADHANGKU

“Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan

tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita

kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab

kang saka Gusti Allah.”

(I Korinta 1:18)

Nalikanipun oglangan, adhakanipun banjur pados lilin. Dilalah kok boten   kepanggih, njur ngresula “Piye to ki, persiapan khotbah malah onglangan? Lilin biasane gemletak, pas dibutuhke kok ora ana?” Awit kahanan peteng arep mlaku was-was. Ora bisa ndeleng mengko mundhak nunjang barang lan perabotan.  Bisa-bisa malah ketatap lawang utawa nabrak meja kursi. Utawa yen pas wanci wengi ana ndalan ngerti-ngerti lampu listrik mati, obor, senter ora nggawa, marakke ora ngerti dalan, bisa-bisa yen lumaku kejeglong, kesangdung utawa isa uga mlebu jurang yen pas tumuju ana nggunung utawa parang. Apa maneh yen nalikane ati ora jenjem malah lagi kebak masalah, pikiran ruwet, golek cecala ora ana sing pas malah kepara sangsaya ruwet. Bab kang mangkana iku bisa marakake semplah, susah, nglokro, depresi, malah bisa uga stress.

Ing I Korinta 1:10-18, nerangake bab kang kaanggep prakara kabodoan, yaiku prakara bab salibe Sang Kristus. Pancen yen katiti priksa sacara kamanungsan wantah, panemu kang cetha bab apa ta unggule salib iku, sapa ta Yesus kuwi, pance ora gampang. Prakara kang mangkono iku kang dipikir wong Yahudi jaman biyen.  Awit saka iku trus mewada bab Gusti Yesus. Dupeh Gusti Yesus iku dudu saka trahe wong Yahudi kang pinunjul. Malah nelakake karingkihan lan kaasoran, anggone nandang sangsara sinalib lan seda. Mila Rasul Paul nerangake yen salib iku pancen dadi kabodohan tumrape wong kang bakal tiwas. Nampik  Gusti Yesus minangka pepadhange jagad kang dianti-anti rawuhe, ngluwari lan nylametake jagad. Wong kang katuntun lan gelem nampa Gusti Yesus kuwi pikantuk pepadhang. Awit rawuhe Gusti pancen arep madhangi jagad saka pepeteng.  Madhangke ati kang susah, temahan dadi ayem lan nentremake urip. Ora kabidung pepeteng, malah diparingi sawab berkah kang pinangkane saka ngaluhur. Nuwuhake pepadhang kang njalari  anteping ati lan pikir kang nuntun lakune urip. Sateme Gusti Yesus iku dilah ing jagad lan pepadhang ing bumi. Gusti Pepadhang sanyata! Amin.  |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ