+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 21 Januari 2023 Minggu Limrah I

I Samuel 15:34-16:13; Jabur 27:1-6; Lukas 5:27-32

MILIH INGKANG LANGKUNG PANGAJI

“Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal

lan ndherek Gusti Yesus.”

(Lukas 5:28)

Saben tiyang kepingin ndarbeni kasugihan. Yen ta saged, gumebyaring jagad karengkuh kagayuh kanthi daya punapa kemawon.  Sinten ta ingkang boten kepingin  sadaya kekarepanipun kasembadan? Sarwa eca tur sekeca. Sadaya sampun cumawis. Boten perlu kangelan. Nanging punapa sadaya ingkang kagayuh punika saestu pangaji   lan nyawabi tumraping  gesang ing tembe?  Punapa kosok wangsulipun; namung satleraman lan  sakedheping netra kemawon sarta salajengipun mboten wonten aos ajinipun malih?

Makaten ingkang dados panggegilut tumraping Lewi, salah satunggaling juru mupu beya, ingkang sugih bandha nanging ngraosaken nglaha ing gesangipun. Punapa malih panyaruwe saking para ahli Toret lan para wong Farisi ingkang tansah njeksani para juru mupu beya minangka tiyang dosa, reged lan namung dados uwuh (sampah) ing masyarakat. Pramila nalikanipun Gusti Yesus nimbali,  “Melua aku!”  manahipun Lewi kabuka. Wondene wonten tiyang Yahudi ingkang kepareng nampi gesangipun. Benten kaliyan panampining para Farisi lan ahli Toret ingkang nganggep piyambakipun minangka tiyang sudra, kebak ing dosa. Srana timbalan “Melua aku!” Lewi ngraosaken gesangipun dipun aosi dening Gusti. Awit saking punika piyambakipun lajeng ninggal sadaya darbekipun lajeng ndherek Gusti sarta suka-pari suka awit berkah ingkang ageng punika. “Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.” (Lukas 5:29)

Gesang kita langkung ing pangaji injih sasampunipun kaentasaken saking wewayanganing pati tumuju urip langgeng. Gesang ingkang kebak ing kabagyan lan tentrem rahayu. Gesang tansah manggih kaayeman ing sadaya lampahing gesang.  Kemareman ingkang nepis sedaya pepinganing kadonya nalika   sampun tinunggil ing Gusti. Gesang ingkang anjok ing kasampurnan lan Pangajeng-ajeng ing bab ingkang luhur,  ingkang langkung pangaji; nglangkungi samudayanipun. Satemenipun, Gusti ingkang  paring tentrem rahayu.  Sumber  pangajeng ajeng ingkang boten nate muspra. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ