Yesaya 48:12-21; Jabur 40:6-17; Mateus 9:14-17 GUSTI PRIBADYA KANG NUNTUN “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati. Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.” (Yesaya 48:17b-18) Tiyang kekesahan punika ngraosaken mantep menawi sampun mangertos pundi papan ingkang katuju. Alamatipun pundi, ancer-anceripun punapa lan pundi kemawon margi ingkang badhe dipun langkungi. Margi ingkang paling celak, aman lan sae. Makaten ugi bab lelampahaning gesang. Kita badhe lumampah kanthi ayem mantep awit sampun cetha lan pana ancasing gesang ingkang jumbuh kaliyan punapa ingkang dipun ajeng-ajeng. Bangsa Israel katedahaken dening Gusti Allah inggih Sang Yehuwah Allahipun leluhuripun, inggih punika Rama Yakub. Makaten pratelanipun: “Rungokna Ingsun, he Yakub, lan sira Israel kang Suntimbali! Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan, lan uga Ingsun kang wekasan!” (Yesaya 48:12) Gusti ngekahaken prasetyanipun dhateng bangsa Israel kados prasetyanipun nalikanipun mberkahi Rama Yakub. Bilih Prasetya punika taksih ajeg lan boten badhe ewah gingsir. Dados Gusti mratelakaken bilih namung Panjenenganipun, Gusti Allahipun Israel, ingkang tansah nuntun lan nunggil ing gesanging bangsa Israel. Prasetya ingkan kinanthenan pangatag lan kawicaksanan supados bangsa punika kasagedaken nindakaken sadaya dhawuh lan kersanipun Gusti. Ing gesanging umat, sampuna ngantos hanggadahi pamanggih napa malih panyakrabawa bilih Gusti nilar gesanging umat. Boten nilingaken pandonga lan pasambat kita lan sajak tambuh lan boten preduli ruwet rentenging gesanging umat. Prasetyanipun Gusti boten nate ewah lan gingsir. Panjenenganipun tansah nuntun lan nunggil sarta tansah belani saha mitulungi. Tumrap para ingkang migatosaken pangreh lan panjurung pitulunganipun kepareng badhe nampi lumebering berkah Dalem Gusti. Sauger sami nggatosaken marang dhawuh lan pangandikanipun Gusti. Amin. |*AK
Slasa, 17 Januari 2023 Minggu Limrah I
Yesaya 53:1-12; Jabur 40:6-17; Ibrani 10:1-4 KAANGKAT AWIT PAKARYANING ALLAH “Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake. Jalaran saupama mangkono, mesthi wong-wong padha ora nyaosake kurban-maneh, sabab kang padha nindakake pangibadah iku ora ngrumangsani dosa maneh awit wis padha karesikake sapisan kanggo salawas-lawase.” (Ibrani 10:1-2) Nalika badhe minggah gunung, saking ngriya sampun nyawisaken ubarampe kangge minggah. Boten katalumpen nyawisaken raganipun, dipun gladhi klawan tumemen. Sasampunipun dumugi papan, naliti kawontenan ugi pados seserepan bab gunung punika. Murih ancasing sedya minggah gunung saged kadumugen. Banjur jumangkah minggah. Emanipun, nalika badhe jumangkah, dumadakan mendung; grimis rawis-rawis. Kepeksa mandeg, banjur kemutan mawerni-werni pepalang, paugeran punapa dene awisan-awisan ingkang kedah dipun tindakaken. Tumunten ajrih lan wurung anggenipun badhe minggah gunung. Inggih makaten sawabing toret tumrap gesanging manungsa. Menawi namung permati bab paugeraning angger-anggering Toret saestu boten badhe pikanthuk kawilujengan. Punapa malih ngemuti bab awisan-awisan ingkang saklangkung kathahipun. Mokal anggenipun saged ngestokaken. Jalaran kamanungsan ingkang ringkih wondene paugeraning toret punika sampurna. Menawi kita timbang temtu badhe njoplang. Timbang kemawon boten. Kita mangertosi bilih gesang kita ringkih lan kathah kekiranganipun, kathah nalingsiripun. Awit saking punika, ing serat Ibrani katerangaken bilih nalika kita namung migunakaken angger-anggering Toret, kita namung badhe mangertosi sadaya dosa kalepatan kita. Sih palimirma lan katresnanipun Allah ingkang ageng boten saged karaosaken. Ananging menawi kita ndadha karingkihaning badan lan pitados bab sihrahmat pakaryanipun Allah temtu saged ngraosaken endahing gesang ing salebeting suwasana lan kawontenan punapa kemawon. Sabab underaning gesang boten namung wonten ing diri kita piyambak nanging wonten ing Gusti Allah, ingkang paring kawilujengan. Amin. |*AK
Senen, 16 Januari 2023 Minggu Limrah I
Pangentasan 12:1-13, 21-28; Jabur 40:6-17; L. Para Rasul 8:26-40 TINARBUKA “Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.” (Lelakone Pr. Rasul 8:37) Tiyang ingkang mangkotaken manah, saupami dipun paring pamawas adhakanipun angel, yen manahipun dhereng tinarbuka. Kosok wangsulipun menawi tiyang punika sampun tinarbuka manahipun; ingkang adreng anggenipun nggadahi kekarepan, temtu inggih boten wonten ingkang saged ngendekaken utawi mambengi adrenging manahipun kalawau. Priyagung Ethiopia ngraosaken menawi manahipun kabuka awit pikatuk pepajar ingkang ngayemaken lan mbingahaken, nalika mirengaken pakaryanipun Sang Kristus Yesus saking Filipus. Sasampunipun dipun terangaken bab Kitab Yesaya ingkang dipun waos, saged mangertosi suraosipun saking punapa ingkang sampun dipun wecakaken Nabi Yesaya. Awit piyambakipun saestu dereng saged nampi pamecaning Nabi Yesaya punika. Nalikanipun katerangaken piyambakipun nggatosaken kanthi estu bab wewadi punika. Awit pakaryaning Sang Roh Suci, Priyagung Ethiopia lan sadaya pandherekipun tinarbuka lan pitados sawetahipun dhumateng Gusti Yesus Kristus minangka Allah lan Juru wilujengipun. Piyambakipun saestu ayem, awit punapa ingkang dipun upados saged kagayuh. Nunten nyuwun kabaptis. …“Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?” Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.” (Lelakone Pr. Rasul 8:36b-37) Kanthi tekad lan semangat ngupadi kawilujenganing gesang, temtu Gusti badhe marengaken lan maringaken Sang Roh suci dhateng para ingkang ngupaya pepajaring gesang. Sang Roh Suci ingkang saged ngluwari ruwet-rentenging gesang paring katentreman. Sumangga mbuka manah nampi pepajaring Sang Roh Suci supados Rohipun Gusti Allah piyambak ingkang tansah makarya ing gesang kita. Dados dilahing jagad uga sareming bumi. Amin. |*AK
Ahad, 15 Januari 2023 Minggu Limrah I
PANJENENGANIPUN NJUNJUNG AKU “Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.” (I Korinta 1:8) Saiba maremipun manahipun para lare nalika sami dolanan punapa nuju mapan tilem, dipun tenggani lan dipun sandhing tiyang sepuhipun. Awit dipun gatosaken tiyang sepuhipun. Pramila nalikanipun para lare punika pados dadakan kangge narik kawigatosanipun tiyang sepuhipun, kadosta nakal, mberot (boten purun dipun kanthi) punapa dene bengak-bengok lan nangis nggero, saestu punika namung kangge narik kawigatosanipun tiyang sepuh murih dipun gatosaken nunten enggal dipun turuti kekarepanipun. Rasul Paul nelakaken bab anggenipun Gusti ngrengkuh, nggatosaken, dhateng para kagunganipun estu linangkung saking pangrengkuhipun tiyang sepuh dhateng para putranipun. Sadengah ganjaran, kaluberan, kasantosan, sadaya saestu mupangati lan pangaji. Prasetyanipun boten nate ewah lan gingsir. Prasetyanipun dhateng para kagunganipun badhe ngekahaken kapitadosan lan pangajeng-ajenging gesang para ingkang kaangkat minangka kagunganipun. Pasamuwan Korinta saestu dados renaning penggalihipun Rasul Paul. Awit anggenipun mitadosaken gesangipun dhateng ngarsanipun Gusti. Pasamuwan rumaos kaangkat lan aji ing ngarsanipun Gusti. Awit saking punika Rasul mratelakaken. “Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh, laras karo paseksen bab Sang Kristus, kang wus kayektekake ana ing antaramu.” (1 Korinta 1:5-6) Raos ayem awit tinunggil ing Gusti, njalari pasamuwan sangsaya tangkar tumangkar, ngrebda ngrembaka lan ngedalaken wohing kawilujengan. Pasamuwan boten ajrih malih winengku ing wewayanganipun pejah lan kasangsaran. Sedaya sampun ingangkat Gusti Yesus lumantar salib lan kasangsaranipun. Salib lan kasangsaran ingkang kedah kapikul kalawan mantep lan bingah. Awit sedayanipun mestekaken pandumaning kaswargan jati tumrap para kagunganipun. Sumangga mujudaken raos ayem lan tentrem punika lumantar wohing pandamel becik ingkang tansah ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin. |*AK
Setu, 14 Januari 2023 Minggu I Saksampunipun Epifani
I Para Raja 19:19-21; Jabur 40:2-12; Lukas 5:1-11 NDHEREK ING PAKARYANIPUN GUSTI “Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.” Sawise minggirake praune, banjur padha ninggal samubarang kabeh sarta ndherekake Gusti Yesus.” (Lukas 5:10b-11) Ana sawatara kang nganggep yen greja wis ora duweni greget ngabarake injil. Malah ana uga kang nganggep yen greja wis ora ana Roh Kuduse. Apa iya mangkono? Sing bisa paring wangsulan ya mung warganing pasamuwan Gereja Kristen Jawa. Lumantar Pokok-pokok Ajaran GKJ, sakjane wis diandharake kanthi gamblang babagan mbabarake sih-rahmate Gusti Alllah lumantar pakaryane Gusti Yesus. Yaiku ing sangsara lan sedane. Saben para pandereke Gusti Yesus, kang nampa Gusti Yesus minangka Allah lan Juru wilujenge, temtu kabeh iya wis pana, yen nampa Gusti mesthi iya nampa uga dhawuh lan mbabarake pakaryane uga. Gusti ngandika marang Petrus, supaya aja wedi. Awit dina iku bakal dadi juru amek wong, sarta ndherekake Gusti ing pakaryane. Ing kono Petrus ora sangga-runggi anggone ndherekake Gusti. Jer Petrus ninggalake samubarang darbeke. Ateges apa kang katindakna dening Petrus mujudake keputusan kang wigati tinimbang pagaweane dadi juru amek iwak. Olah leladi kang kaparingake Gusti luwih wigati. Amarga prakara kang wis kababar lumantar kaelokan kang wis dialami Petrus sakancane. Kumandele Petrus marang Gusti iku kang dadi kakuwatane anggone nindakake pakaryane Gusti. Wusana setya tuhu ndherek leladi Gusti nganti pupute umure. Setya tuhu ndherek Gusti mestine uga tinemu ing gesang kita, para pandhereke lan umat kagungane. Sanajan aweh paseksi ing jaman samangke iku angel. Napa malih kudu nyingkur kabeh peranganing kadonyan. Emuta yen sanyatane awake dhewe kabeh iku serataning Gusti kang kawaca. Dadi kajaba nampa pepadhang sih-rahmate Gusti, iya kudu bisa dadi pepadhang kanggo para mitra kadange. Becik iku sarana tetembungan kang ngresepake dalasan panggawe kang becik utamane panggawe becik tumrap pepadha. Panggawe becik minangka wujud sokur lan katresnan marang sapepadha, murih kaluhuraning asmanipun Gusti kita Yesus Kristus. Amin. |*AK
Jemuwah, 13 Januari 2023 Minggu I Saksampunipun Epifani
Jemuwah, 13 Januari 2023 Minggu I Saksampunipun Epifani Purwaning Dumadi 27:30-38; Jabur 40:2-12; L. Para Rasul 1:1-5 NYARIOSAKEN KAELOKAN PAKARYANIPUN ALLAH “Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya, boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka. Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken, nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.” (Jabur 40:6) Nyariosaken satunggaling prekawis punika boten gampil. Napa malih menawi carios punika boten dipun alami piyambak, nanging kapireng saking tiyang sanes utawi pengalamanipun tiyang sanes. Punapa malih menawi cariyosipun boten runtut, kepara dipun bangetaken, ngemu perangan ingkang boten pinanggih nalar. Temtunipun saged dipun wewada, “kuwi rak jarene!” Benten kaliyan cariyosipun Prabu Dawud wonten ing Jabur 40, ingkang nelakaken paseksinipun Prabu Dawud anggenipun sesarengan Gusti Allah. Panjenenganipun nyariosake pakaryanipun Allah ing lampah gesangipun. Sadaya kalampahaning gesang awit sih pakaryanipun Gusti. Prabu Dawud boten ngetang kasangsaran gesangipun. Awit kasangsaraning gesangipun menawi katandhingaken kaliyan pakaryanipun Gusti ingkang karaosaken boten wonten sak kuku irengipun, boten saget katandingaken. Prabu Dawud ngalembana Gusti awit pakaryan lan berkahipun. Prabu Dawud ugi nyuwuraken asmanipun Gusti lan mrayogekaken bilih sadaya titah, mliginipun umatipun Gusti, inggih pitadosa, kumandela kanthi wetah ing karsa lan panuntunipun Gusti Allah. Nuladha Prabu Dawud, sampun ngantos gesang kita namung nyariosaken pengalamanipun asanes. Napa malih menawi pengalaman punika namung nelakaken pasambating gesang kemawon. Jer punika ateges boten ngaosi pakaryaning Allah lan berkahipun ingkang tinampi. Napa malih ngundhamana dhateng pakaryanipun Allah. Sumangga sami ngraosaken sepinten ta berkahipun Allah ingkang tumrah. Satemah sami kepareng dados kaluhuraning asmanipun Gusti, santosnaning kapitadosan ing Gusti Allah, badhea pribadi punapa dene ing satengahipun brayat lan pasamuan. Nggelarna pakaryanipun Gusti ingkang elok. Awit sih kamirahanipun Gusti punika langgeng. Sih kasetyanipun turun-tumurun. Amin.|*AK
Kemis, 12 Januari 2023 Minggu I saksampunipun Epifani
Yesaya 22:15-25; Jabur 40:2-12; Galatia 1:6-12 KARSANING PRIBADI PUNAPA KARSANIPUN GUSTI “Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.” (Galatia 1:10) Minangka abdinipun Gusti, sampun samesthinipun ingkang kawawas, kaener, kaupadi punika kersanipun Gusti. Emanipun kathah ing antawispun abdinipun Gusti ingkang bekta pikajengipun piyambak atas asmanipun Gusti. Kalawan pemanggih bilih sedaya kagem kesaenaning warganing pasamuwan lan masyarakat. Tundhanipun, katimbang nuwuhaken kesaenan, malah nuwuhaken dredah lan sulayah. Waosan dinten punika ngemutaken bilih nyingkur Gusti temtu badhe kecalan berkah kamulyaning Allah. Rasul Paul paring pangenget dhateng pasamuwan Galatia ingkang kathah nyingkur Gusti awit wonten pamawas ingkang kados-kados langkung sae. “Aku gumun, dene kowe enggal temen padha nyingkur Panjenengane, kang marga sih-rahmate Sang Kristus wus nimbali kowe, sarta banjur kelu marang injil liyane, kang satemene dudu Injil; mung ana wong sawatara kang mbingungake kowe lan kang sumedya nginger-inger Injile Sang Kristus.” (Galatia 1:6-7) Rasul Paul paring pangenget bilih kababaring Injil Sang Kristus punika estu saking karsanipun Gusti. Makaten ugi anggenipun miji rasul Paul minangka rasulipun inggih awit kersanipun Gusti. Awrata kados punapa, rekasaa kados punapa inggih tansah sumanggem mundhi dhawuhipun Gusti. Awit saestu rancanganipun Gusti Allah punika rancangan tentrem rahayu. Sanes rancangan kacilakan. Jaman samangke kathah seserepan, kawasisan ingkang luhur, paseksi-paseksi ingkang kados-kados ngendhih anggen kita pasrah sumarah ing Gusti Yesus. Wontenipun dukun tiban, brahala pesugihan, pamisesaning jagad; nyirep panguwaosipun Gusti. Kados-kados panguwaosing Allah boten kuwawa mitulungi malah kapara kaanggep boten wonten dayanipun. Kumandela bilih panguwaosipun Gusti; dayanipun ngungkuli daya sanesipun. Kalebet kawruh lan pikajeng kita piyambak. Tansah ngupadia kersanipun Gusti. Amin. |*AK
HUT 92 Tahun Sinode GKJ
PENDAHULUAN 17 Februari 1931 yang merupakan hari dilaksanakannya Sidang Sinode GKJ yang pertama, ditetapkan sebagai hari lahir Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa. Dalam kebersamaan, GKJ telah tumbuh dan berkembang hingga saat ini, pada tahun 2023 mencapai usia 92 tahun. Sebuah perjalanan yang patut disyukuri dalam pasang surut yang telah dialami hingga saat ini. Demikian pula dalam kehidupan bergereja bersama dengan gereja-gereja dan Lembaga-lembaga lainnya di Indonesia, GKJ berupaya ambil bagian untuk hari depan yang penuh harapan. Patut disyukuri dalam kiprahnya SINODE GEREJA-GEREJA KRISTEN JAWA telah melewati perjalanannya panjang selama 92 tahun. Dengan segala kelebihan dan kekurangannya SINODE GKJ telah berperan besar mendampingi dan menaungi gereja-gereja tumbuh menjadi rumah untuk semua umat. Dengan mengucap syukur kepada Allah Bapa dalam Tuhan Yesus, SINODE GKJ mengajak gereja-gereja memaknai perayaan HUT ditengah masa transisi dari pandemic covid 19 ini dengan berkegiatan yang berorientasi pada pelayanan umat dan masyarakat. TEMA “HARI DEPAN YANG PENUH HARAPAN“ Tema ini didasari dari Yeremia 29 : 11 “Sebab Aku ini mengetahui rancangan-rancangan apa yang ada pada-Ku mengenai kamu, demikianlah firman TUHAN, yaitu rancangan damai sejahtera dan bukan rancangan kecelakaan, untuk memberikan kepadamu hari depan yang penuh harapan”. Melalui tema ini kita diajak untuk membagikan kabar baik bagi semua orang ketika situasi kehidupan bangsa saat ini masih ditengah kondisi pandemic dan diliputi oleh kecemasan karena situasi ekonomi dan hal-hal lainnya. Kabar baik yang memberi harapan dan sekaligus kekuatan untuk bertahan dan berjuang menghadapi kehidupan ini. BENTUK KEGIATAN Bentuk Kegiatan yang direncanakan meliputi : Peribadahan, Kegiatan Sosial dan Oikumene (Worship, Social and Ecumenical): IBADAH (WORSHIP) Mensyukuri perjalanan SINODE GKJ Mensyukuri pernyertaan Tuhan terhadap perjalanan Sinode GKJ selama 92 tahun yang mampu mengatasi setiap pergumulan dan tantangan untuk hari depan yang penuh harapan. SOSIAL (SOCIAL) Membangun kepekaan Sosial Selain merayakan ibadah syukur, momentum HUT sebaiknya digunakan untuk membangun kepekaan sosial bagi Lembaga-Lembaga sosial Kristen yang ada di sekitar Sinode GKJ, salah satunya melalui Yayasan Pendidikan Dwituna (YPD) Rawinala. OIKUMENE (ECUMENICAL) Mengembangkan semangat Oikumene Mengembangkan dan membangun semangat Oikumene dengan belajar dari beberapa Lembaga yang ada di bawah naungan PGI (biro perempuan PGI) dan Lembaga Alkitab Indonesia (LAI) WAKTU PELAKSANAAN Kegiatan dilaksanakan pada : Hari I : tanggal 17 Februari 2023 – Ibadah Syukur Hari II : tanggal 18 Februari 2023 – Kegiatan Sosial dan Kunjungan Oikumene
Informasi Website Sinode GKJ
Website sinodegkj.or.id sedang dalam proses pemulihan dan pembaharuan setelah mengalami gangguan pada hari Rabu pukul 21:00 WIB. Tim teknis telah bekerja siang dan malam untuk memperbaiki website tersebut dan saat ini sedang melakukan tes untuk memastikan bahwa semua fitur dan fungsi kembali berfungsi dengan baik. Pihak sinodegkj.or.id menyampaikan permohonan maaf atas ketidaknyamanan yang terjadi selama gangguan tersebut dan mengucapkan terima kasih atas kesabaran dan pengertian para pengguna. Selain pemulihan, website ini juga sedang mengalami pembaharuan dengan tujuan untuk meningkatkan kinerja dan memberikan pengalaman yang lebih baik bagi para pengguna. Website sinodegkj.or.id diharapkan akan segera kembali online dan tersedia untuk digunakan oleh para pengguna. Namun, jika terdapat kendala, pihak sinodegkj.or.id akan terus memberikan informasi terbaru melalui kanal-kanal resmi mereka. Pengguna yang ingin mengetahui informasi terbaru dapat mengikuti akun media sosial resmi sinodegkj.or.id atau menghubungi layanan pelanggan melalui email atau telepon.
Masa Paska 2023
Tema: “Kebangkitan Kristus Menggerakkan Rekonsiliasi dan Persatuan” Diterbitkan oleh: Lembaga Pembinaan dan Pengaderan Sinode Gereja-gereja Kristen Jawa dan Sinode GKI Wilayah Jawa Tengah Pengantar Setiap tahun kita merayakan Hari Raya Paska. Di sini kita merayakan iman kita atas kebangkitan Tuhan Yesus. Ia berkuasa atas penderitaan, kematian. Melalui jalan itu relasi antara manusia dengan Allah dan sesama ciptaan dipulihkan. Dari sinilah Paska menjadi sumber dan puncak iman pada karya Bapa, Anak dan Roh Kudus, Trinitas Maha Kudus yang mencipta, menyelamatkan, memelihara seluruh ciptaan-Nya. Dengan merayakan Paska, kita ikut serta dalam gerak kasih Ilahi. Untuk merayakan kasih Allah itu, Lembaga Pembinaan dan Pengaderan Sinode GKJ dan GKI SW Jateng (LPP Sinode) menerbitkan buku Masa Paska 2023. Adapun Tema Masa Paska 2023 ini adalah, “Kebangkitan Kristus Menggerakkan Rekonsiliasi dan Persatuan” (Kis. 10:34; Yoh. 20:8). Sebagai sebuah bahan panduan, buku ini masih membutuhkan penyempurnaan dari gereja-gereja yang memanfaatkannya. Kami mempersilahkan pengguna buku ini untuk membuat penyesuaian dengan situasi dan kebiasaan gereja masing-masing. Buku ini adalah karya bersama dari sahabat-sahabat LPP Sinode yang memulai berkarya sejak bulan September 2022. Team berkarya mulai dari pemantapan tema, penulisan bahan, diskusi-diskusi dalam team, editing, lay out dan penerbitan bahan. Team itu adalah: 1. Pdt. Neny Suprihartati – Bidang PWG Bapelsin GKJ XXVIII 2. Pdt. Yussac Cahya Khristianto – DPG GKI SW Jateng 3. Pdt. Daniel Bani Winni Emma – DPG GKI SW Jateng 4. Pdt. Agus Suprihana – GKJ Bendungan Wonosobo 5. Pdt. Agus Prasetyo – GKJ Bambu Yogyakarta 6. Pdt. Ageng Prasetya Raharjo – GKJ Karangpandang Karanganyar 7. Pdt. Kurniawan – GKJ Argamulyo Salatiga 8. Pdt. Zefanya Duta Prasetya – GKJ Depok 9. Pdt. Iky Sumarthina Putri Prayitno – PPK Sinode GKJ di FTh UKSW Salatiga 10. Pdt. Dwi Agus Cahyono – GKJ Gondang Sragen 11. Pdt. Francisca Natalia Handayani – GKJ Depok 12. Bp. Gantyo Kuspradono – GKJ Tangerang 13. Pdt. Yulius Perdana Putera – GKI Ajibarang 14. Pdt. Rahmat Paska Rajagukguk – GKI Gereformerd Semarang 15. Pdt. Lukas Suprastowo – GKI Klaten 16. Pdt. MR. Kurniadi GKI Rawamangun – Jakarta 17. Pdt. Andetta Philiea Dorothea – GKI Kutoarjo 18. Pdt. Kristian Dewantara – GKI Serua Indah 19. Pdt. NL. Utomo – GKI Karangsaru Semarang Kami bersyukur untuk kontribusi dari sahabat-sahabat semua. Terimakasih yang tak terhingga kami ucapkan atas kerja kerasnya hingga buku ini terwujud. Pada akhirnya, kami mengucapkan selamat mempersiapkan diri memasuki Masa Paska 2023. Semoga melalui penghayatan cinta kasih Allah, kita menjadi pribadi-pribadi yang ikut serta memperjuangkan terwujudnya kasih untuk menggerakkan rekonsiliasi dan persatuan. LPP Sinode, 01 Agustus 2022 Pdt. Wisnu Sapto Nugroho Pdt. Murtini Hehanussa Bahan Masa Paska 2023 dapat diunduh melalui link berikut ini: Pengantar Pengiriman Bahan Masa Paska 2023 dapat diunduh melalui link berikut: Bagi Bapak/Ibu/Saudara yang ingin mendukung pelayanan LPP Sinode, dapat mengirimkan persembahannya melalui rekening berikut ini: Rekening LPP SinodeGiro BCA a.n. GKI SW Jateng QQ LPP Sinode No. 6975405200Giro BRI a.n. LPP Sinode no. 0029-01-000409-30-9 atau scan QRIS berikut ini:



