+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 16  Januari 2023 Minggu Limrah I

Pangentasan 12:1-13, 21-28; Jabur 40:6-17; L. Para Rasul 8:26-40

TINARBUKA

“Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados

kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane:

“Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”

(Lelakone Pr. Rasul 8:37)

Tiyang ingkang mangkotaken manah, saupami dipun paring pamawas adhakanipun angel, yen manahipun dhereng tinarbuka. Kosok wangsulipun  menawi tiyang punika sampun tinarbuka manahipun; ingkang adreng anggenipun nggadahi kekarepan, temtu inggih boten wonten ingkang saged ngendekaken utawi mambengi  adrenging manahipun kalawau.

Priyagung Ethiopia ngraosaken menawi manahipun kabuka awit pikatuk pepajar ingkang ngayemaken lan mbingahaken, nalika mirengaken pakaryanipun Sang Kristus Yesus saking Filipus. Sasampunipun dipun terangaken bab Kitab Yesaya ingkang dipun waos, saged mangertosi suraosipun saking punapa ingkang sampun dipun wecakaken Nabi Yesaya. Awit piyambakipun saestu dereng saged nampi pamecaning Nabi Yesaya punika. Nalikanipun katerangaken piyambakipun nggatosaken kanthi estu bab wewadi punika. Awit pakaryaning Sang Roh Suci, Priyagung Ethiopia lan sadaya pandherekipun tinarbuka lan pitados sawetahipun dhumateng Gusti Yesus Kristus minangka Allah lan Juru wilujengipun. Piyambakipun saestu ayem, awit punapa ingkang dipun upados saged kagayuh.  Nunten nyuwun kabaptis. “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?” Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.” (Lelakone Pr. Rasul 8:36b-37)

Kanthi  tekad lan semangat ngupadi kawilujenganing gesang,   temtu Gusti badhe marengaken lan maringaken Sang Roh suci dhateng para ingkang ngupaya pepajaring gesang. Sang Roh Suci ingkang saged ngluwari ruwet-rentenging gesang paring katentreman. Sumangga mbuka manah nampi pepajaring Sang Roh Suci  supados Rohipun Gusti Allah piyambak ingkang tansah makarya ing gesang kita. Dados dilahing jagad uga sareming bumi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ