+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 15  Januari 2023 Minggu Limrah I

PANJENENGANIPUN NJUNJUNG AKU

“Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan,

temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.”

(I Korinta 1:8)

Saiba maremipun manahipun para lare nalika sami dolanan punapa nuju mapan tilem, dipun tenggani lan dipun sandhing tiyang sepuhipun.   Awit dipun gatosaken tiyang sepuhipun.  Pramila nalikanipun para lare punika  pados dadakan kangge narik kawigatosanipun tiyang sepuhipun, kadosta nakal, mberot (boten purun dipun kanthi) punapa dene bengak-bengok lan nangis nggero, saestu punika namung kangge narik kawigatosanipun tiyang sepuh murih dipun gatosaken nunten enggal dipun turuti kekarepanipun. 

Rasul Paul nelakaken bab anggenipun Gusti ngrengkuh, nggatosaken, dhateng para kagunganipun estu linangkung saking pangrengkuhipun tiyang sepuh dhateng para putranipun. Sadengah ganjaran, kaluberan,   kasantosan,   sadaya saestu mupangati lan pangaji. Prasetyanipun boten nate ewah lan gingsir. Prasetyanipun dhateng para kagunganipun badhe ngekahaken kapitadosan lan pangajeng-ajenging gesang para ingkang  kaangkat minangka  kagunganipun. Pasamuwan Korinta saestu dados renaning penggalihipun Rasul Paul. Awit anggenipun mitadosaken gesangipun dhateng ngarsanipun Gusti. Pasamuwan rumaos kaangkat lan aji ing ngarsanipun Gusti. Awit saking punika Rasul mratelakaken. “Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh, laras karo paseksen bab Sang Kristus, kang wus kayektekake ana ing antaramu.” (1 Korinta 1:5-6)

Raos ayem awit tinunggil ing Gusti, njalari pasamuwan sangsaya tangkar tumangkar, ngrebda ngrembaka lan ngedalaken wohing kawilujengan. Pasamuwan boten ajrih malih winengku ing wewayanganipun pejah lan kasangsaran. Sedaya sampun ingangkat Gusti Yesus lumantar salib lan kasangsaranipun. Salib lan kasangsaran ingkang kedah kapikul kalawan mantep lan bingah. Awit sedayanipun mestekaken pandumaning kaswargan jati tumrap para kagunganipun.  Sumangga mujudaken raos ayem lan tentrem punika lumantar wohing pandamel becik  ingkang tansah ngluhuraken asmanipun Gusti. Amin.  |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ